Suwarga Bambang Sugeng
Suwarga Bambang Sugeng
1.
Mijil
Sonya sepi prihatin wigati,
Jeng Dona karaos,
Bapak Bambang Sugeng wus sumare,
Tumuju dhateng suwarga jati,
Rahmatullah rahim,
Tahlil tahmid konjuk.
2.
Megatruh
Tumalawung Pak Bambang penggalih agung,
Purna manjing tepet suci,
Sowan Allah Maha luhur,
Khusnul khatimah pinanggih,
Putra wayah karahayon.
3.
Pangkur
Marsudi budi utama,
Wus winaris Bambang Sugeng winasis,
Andhap asor tindak tanduk,
Olah cipta pakaryan,
Sambang sambung ing bebrayan lung tinulung,
Kinarya tepa tuladha,
Mangka sanguning ngaurip.
4.
Kinanthi
Satuhu donga rahayu,
Bambang Sugeng wus suwargi,
Anak putu kewarisan,
Ketitik gagasan becik,
Kawibawan kawidadan,
Ngudi ngelmi tata titi.
5.
Asmarandana
Tamat lulus welas asih,
Bapak Bambang Sugeng kersa,
Tandang karya gawa gawe,
Krana jembare wawasan,
Kasinungan karaharjan,
Unggul kabul tur pinunjul,
Dugi jaman kelanggengan.
Minggu Kkliwon, 12 Juli 2026.
Purwadi
Mashaa Allaah tabbaarakallaah.
BalasHapus