Pahargyan Doni Komang
Pahargyan Doni Komang
1.
Maskumambang
Doni Dwi Haryanto Komang Sutiani,
Nambut silaning akrama,
Linambaran pangastuti,
Kanugrahan karaharjan.
2.
Mijil
Jaka Hariyanta Sri Mulatmi,
Sampun kersa momong,
Ing Banyumas tlatah Somagedhe,
Doni Dwi Hartanto amarsudi,
Kalibima nenggih,
Kayat kayun dhusun.
3.
Asmarandana
Bu Ni Made Sukarini,
Pak I Nyoman Sarka nyata,
Kubutambahan Buleleng,
Desa Bontihing Kanginan,
Komang Sutiani setya,
Darma bakti budi luhur,
Paripurna kawanitan.
4.
Kinanthi
Lumampah kanthi rahayu,
Doni Komang wus nyawiji,
Tunggal cipta rasa karsa,
Pakarti bereng pekerti,
Angayahi kewajiban,
Ngudi urup ngesti urip.
5.
Dhandhanggula
Ayu ayom Komang Sutiani,
Doni Dwi Hartanto anjenthara,
Tekad gedhe wus sineksen,
Slawe Juli nemlikur,
Gya manunggil kapti kang inggil,
Sanak kadang sodhara,
Kumpul donga kabul,
Sembada ingkang sinedya,
Palakrama bagya mulya trus lestari,
Gancar lancar tur kawentar.
6.
Pucung
Wayah esuk semune sami rumasuk,
Dandanan busana,
Adi luhung edi peni,
Weh prebawa Komang Doni trus kuncara.
7.
Gambuh
Gebyar muncar kadulu,
Pawiwahan gembira satuhu,
Endah asri rerenggane anglam lami,
Sesekaran ganda arum,
Doni Komang trang sumorot.
8.
Megatruh
Jroning kalbu Sri Mulatmi ingkang ibu,
Bapak Jaka ingembani,
Maringi donga panuntun,
Dhateng manten Komang Doni,
Sabaya mukti kelakon.
9.
Pangkur
Kawibawan kawidadan,
Mbanyu mili rejeki Komang Doni,
Gathuk mathuk kaya klumpuk,
Kanugrahan kabagyan,
Cala catur puja puji Maha Luhur,
Enggala antuk momongan,
Memangun sukeng penggalih.
10.
Durma
Madeg gagah jangkane laju gumregah,
Bale wisma rinukti,
Minangka wahana,
Titis tatas ginagas,
Komang Doni sigra marsudi,
Tata raharja,
Murih kamulyan jati.
11.
Sinom
Jiwa raga kang manunggal,
Pulo Jawa Pulo Bali,
Nguri uri kebangsaan,
Tekad kuat Komang Doni,
Jumbuh lawan sesanti,
Mahanani guyub rukun,
Bhinneka Tunggal Ika,
Angger anggering negari,
Nusantara kaloka ing jagad raya.
Setu Pon, 25 Juli 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar