Mahargya Nanik Parini Paripurna
Mahargya Nanik Parini Paripurna
1.
Dhandhanggula
Titi wanci Mbak Nanik Parini,
Paripurna suwita negara,
Genep jangkep gawa gawe,
Pakaryan mulang muruk,
Samukawis murid winasis,
Mungkasi pawiyatan,
Ing siji Agustus,
Nem likur warsa lumampah,
Jroning kapti manggih rahayu lestari,
Ginanjar panjang yuswa.
2.
Kinanthi
Kayungyun sampun pensiun,
Puji Mbak Nanik Parini,
Sanak kadang pawong mitra,
Rejekine mbanyu mili,
Bandha bandhu gancar lancar,
Jiwa raga waras wiris.
3.
Pangkur
Kawibawan kawidadan,
Edi peni Ibu Nanik Parini,
Tinemu hayu rahayu,
Amomong putra wayah,
Kayat kayun kasembadan uger purun,
Gemilang kabeh rinancang,
Bagya mulya bareng mukti.
4.
Pucung
Tlatah dhusun wus kaloka Majarembun,
Kebon tegal sawah,
Mbak Nanik Parini ngesti,
Boga wastra wisma sembada raharja.
5.
Maskumambang
Pangastuti konjuk Bu Nanik Parini,
Mardi sampurnaning Gesang,
Pasrah sumarah penggalih,
Ayom ayem saben dina.
Setu Kliwon, 1 Agustus 2026.
Purwadi

Maturswun sanget mz purwadi, trenyuh kulo maos seratanipun
BalasHapus