Donga Kasuwargan

 Donga Kasuwargan



1.

Megatruh


Rasa trenyuh mbrebes mili luh manguwuh, 

Bapak tumuju suwargi, 

Pak Sudiono nenuwun, 

Sabar tawakal pinanggih, 

Lila kuat lahir batos.


2.

Pucung


Layung layung jroning ati tumalawung, 

Pak Dion kang sabar, 

 Bapak manjing surga jati, 

Paripurna momong  wayah garwa putra.


3.

Mijil


Kadang sami caos pangastuti, 

Dhateng Bapak Dion,

Kulawarga  priyayi Kebumen,

Amarisi pekerti prayogi, 

Margane lestari, 

Sumungkem leluhur.


4.

Gambuh


Tutur karya lelipur, 

Sudiono nedheng nggayuh luhur, 

Amakarti ngemban   dhawuhe Suwargi, 

Mulang muruk tatag tutug, 

Anak putu momong momot. 


5.

Kinanthi


Sudiono sinengkuyung, 

Saudara saudari, 

UNY papan nggo makarya, 

FBSB dosen tendik, 

Lumampah jroning ngagesang, 

Darma bakti mring negari. 



19 Juli 2021.

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hari Raya Idul Fitri

Dr Nugroho Puji Santoso S.Pd M.Pd

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh