Dhandhanggula Wahyono - Nihlah Ilhami
DhandhanggulaWahyono - Nihlah Ilhami
1.
Rasa gendhis kinarya memanis,
Kagem tasyakuran pernikahan,
Sineksen mitra sedherek,
Kalakon ijab qobul,
Palakrami Nihlah Ilhami,
Wahyono bagya mulya,
Sami suka sukur,
Masjid Suciati Yogya,
Janji suci linambar kalam ilahi,
Ambangun bale wisma.
2.
Wus katitik sinengkalan becik,
Sad paningal lila jejodhoan,
Mahargya ponang penganten,
Nihlah Ilhami hayu,
Bagus rupi Wahyono yekti,
Tegal gathuk Jepara,
Asal usulipun,
Pak Saefulloh Cholimah,
Bapak Sarwi Suwarni kang wus suwargi,
Rahmat dunya akhirat.
3.
Gya pinanggih ciptaning penggalih,
Trus sakinah mawaddah warrahmah,
Rinten dalu enjang sore,
Kumraket guyub rukun,
Mbanyu mili banjir rejeki,
Ginanjar panjang yuswa,
Ber bandha ber bandhu,
Kawibawan kawidadan,
Waras wiris gancar lancar samukawis,
Sembada kang sinedya.
4.
Titi wanci sigra anglampahi,
Wahyono Nihlah Ilhami krama,
Nuju dina Jumah Wage,
Ngancik tahun nem likur,
Telu siji ing wulan Juli,
Tumuli pawiwahan,
Ing siji Agustus,
Pendapa Teja Kusuma,
FBSB UNY kang edi peni,
Salaman jawat asta.
Jumat Wage, 31 Juli 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar