Dhandhanggula Babad Hangabehi
Dhandhanggula Babad Hangabehi
1.
Paku Buwana III
Narendra gung asma Hangabehi,
Sinuwun Paku Buwana Tiga,
Sunan Suwarga juluke,
Garwa Ratu Mas Beruk,
Putri Bupati Surabangi,
Serat Wiwaha Jarwa,
Medhar wulang wuruk,
Pelabuhan Tanjung Perak,
Gusti Raden Mas Suryadi amakarti,
Nuli jumeneng nata.
2.
Paku Buwana VI
Gusti Raden Mas Supardan pilih,
Hangabehi wisuda narendra,
Kanjeng Ratu Mas garwane,
Singaprana tumurun,
Trahing Demak Pajang sumiwi,
Lelana tilar praja,
Ambon kang tinuju,
Olah cipta rinumpaka,
Jaka Tingkir ingukir dadya pamikir,
Sultan Hadiwijaya.
3.
Paku Buwana VIII
Tedhak Jayakartika winarni,
Pangarsane bebadan Mataram,
Gusti Mas Pangeran Kusen,
Paku Buwana Wolu,
Ingkang ibu Sri Rantansari,
Darah wanita tama,
Serat Wulang Sunu,
Gegebengan paugeran,
Mardi siwi nut warahing Hangabehi,
Sagung narpa wandawa.
4.
Paku Buwana IX
Binangun jaman kencana rukmi,
Sinuwun Paku Buwana Sanga,
Genah genep gawa gawe,
Bagus alus tur besus,
Hangabehi Pangeran Pati,
Lantip cipta grahita,
Kayungyun keh kayun,
Piranti sambung kawignyan,
Warni warni serat adi luhung edi peni,
Ngejayeng jagad raya.
5.
Paku Buwana XI
Mandhegani Kanjeng Hangabehi,
Rijksraad abdi dalem kasentanan,
Dewan Perwakilan kiye,
Budi Utomo tuhu,
Muhammadyah Sarikat Muslim,
Nyengkuyung Taman Siswa,
Wiyosane NU,
Paku Buwana Sewelas,
Terus ngesthi mbabar BPUPKI,
Gapura kamardikan.
6.
Nihan Kanjeng Gusti Hangabehi,
Paku Buwana Ping Tiga Welas,
Suryo Partono asmane,
Rikala taksih timur,
Amarsudi bab teknologi,
Kagungan pengalaman,
Rumbei Riau,
Pekanbaru ing pakaryan,
Slikur warsi sampun jumeneng narpati,
Ngesuhi pasuwitan.
7.
Gusti Mangkubumi Hangabehi,
Suryo Suharto paringan nama,
Telulas Nopember Slawe,
Pinuji unggul kabul,
Winisuda Pangeran Pati,
Rajaputra Mataram,
Madeg narendra gung,
Paku Buwana Patbelas,
Kraton Surakarta Hadiningrat ngesti,
Mekar arum kuncara.
Setu Paing, 4 Juli 2026.
Purwadi
Komentar
Posting Komentar