Babad Yayan Rubiyanto

 Babad Yayan Rubiyanto



1.

Kinanthi


Sinau ngelmu tasawuf, 

Kajian jroning manuskrip, 

Pancen manfaat piguna, 

Serat Abyan Al Hawaij, 

Babaraning pendidikan, 

Karakter den analisis 


2.

Pangkur


Pengajaran bab agama, 

Islam ing tlatah perguruan tinggi, 

Yayan Rubiyanto weruh, 

Gita gati ginarap, 

Sru manekung tim promotor gya nyengkuyung, 

Murih gancaring wulangan, 

Kawruh panembah sejati. 


3.

Gambuh 


Ujian bagus alus, 

Kalampahan gancar lancar lulus, 

Disertasi Kyai Yayan dirampungi, 

Penulisan urut patut, 

Enggal angsal gelar doktor. 


4.

Pucung


Asalipun Yayan Rubiyanto mudhun,

Ing Donan Cilacap, 

Santri tekun tlaten ngaji, 

Yogyakarta papan kangge amakarya.


5.

Megatruh


Weh sesurup lampah kajian tasawup. 

Gumelaring ngelmu bening, 

Syariat tarikat iku, 

Hakikat makrifat yekti, 

Mencar muncaring kang pamor. 


6.

Sinom


Syariat ing sembah raga, 

Tarikat tataran inggil, 

Winastanan sembah cipta, 

Hakikat langkung winasis, 

Sembah jiwa puniki, 

Makrifat antebing kalbu, 

Sinebat sembah rasa, 

Sangkan paraning dumadi, 

Kyai Yayan Rubiyanto sung pratelan. 


7.

Dhandhanggula


Sinengkalan kinarya memanis, 

Rasa netra lilaning panembah,

Pendadaran wis ginawe, 

Tanggale wolu likur, 

Sasi Juli nem likur warsi, 

Kyai Yayan ujian, 

Semarak gumuruh, 

Dosen tendik mawurahan, 

Mangastuti lumampah titi permati, 

Syukur Alhamdulillah. 


8.

Asmarandana


Mukminin insan mukhlisin, 

Nganthi iman ilmu amal, 

Tahlil takbir tahmid tasbeh, 

Ngumandhang ing awang awang, 

Sore enjang dalu siyang, 

Sujud tafakkur tadzakkur, 

Pasrah lillah billah fillah. 


9.

Durma


Gya binabar amar makruf nahi munkar, 

Tasawuf mangerteni, 

Panguwasa jagad, 

Kang Maha asih welas, 

Asmaul Husna dhampar suci, 

Alhamdulillah, 

Allah Rabbil Alamin. 


10.

Maskumambang


Amangesti tataning panembah jati, 

Wulang wuruk Wali Sanga, 

Sumebar ing tanah Jawi, 

Tasawuf medhar kawignyan. 


11.

Mijil


Wedharaning tasawuf pepeling, 

Lahir dugi batos, 

Malbeng FBSB ing UNY, 

Kadang dosen tendik basa Jawi,

Kyai Yayan mardi, 

Muslimin rahayu. 



Selasa Legi, 28 Juli 2026.

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Hari Raya Idul Fitri

Dr Nugroho Puji Santoso S.Pd M.Pd

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh