Babad Wahyono - Nihlah Ilhami
BabadWahyono - Nihlah Ilhami
Dhandhanggula
1.
Rasa gendhis kinarya memanis,
Kagem tasyakuran pernikahan,
Sineksen mitra sedherek,
Kalakon ijab qobul,
Palakrami Nihlah Ilhami,
Wahyono bagya mulya,
Sami suka sukur,
Masjid Suciati Yogya,
Janji suci linambar kalam ilahi,
Ambangun bale wisma.
2.
Wus katitik sinengkalan becik,
Sad paningal lila jejodhoan,
Mahargya ponang penganten,
Nihlah Ilhami hayu,
Bagus rupi Wahyono yekti,
Tegal gathuk Jepara,
Asal usulipun,
Pak Saefulloh Cholimah,
Bapak Sarwi Suwarni kang wus suwargi,
Rahmat dunya akhirat.
3.
Gya pinanggih ciptaning penggalih,
Trus sakinah mawaddah warrahmah,
Rinten dalu enjang sore,
Kumraket guyub rukun,
Mbanyu mili banjir rejeki,
Ginanjar panjang yuswa,
Ber bandha ber bandhu,
Kawibawan kawidadan,
Waras wiris gancar lancar samukawis,
Sembada kang sinedya.
4.
Titi wanci sigra anglampahi,
Wahyono Nihlah Ilhami krama,
Nuju dina Jumah Wage,
Ngancik tahun nem likur,
Telu siji ing wulan Juli,
Tumuli pawiwahan,
Ing siji Agustus,
Pendapa Teja Kusuma,
FBSB UNY kang edi peni,
Salaman jawat asta.
Kinanthi
Rerepen kinarya sangu,
Kagem ponang manten kalih,
Minulya ing jagad raya,
Wahyono Nihlah Ilhami,
Lampahing prahu baita,
Tumuju laut kabagyan.
Mijil
Suka sami gembira bernyanyi,
Rawuhipun Bapak Rektor,
Suasana regeng gayeng rame,
Suguhane enak eca gurih,
Tamu lenggah nyambi,
Jenak dhahar ngunjuk.
Maskumambang
Pangastawa Wahyono Nihlah Ilhami,
Sana rinengga sekeca,
Pasuryan suminar bening,
Muncar wibawa widada.
Sabtu Kliwon Wage, 31 Juli 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar