Babad Dekan Mahmudi
Babad Dekan Mahmudi
1. Dhandhanggula
Pelantikan pejabat UII,
Mligi Dekan saha Wakil Dekan,
Amiwiti gawa gawe,
Siji Juli nemlikur,
Tata titi Doktor Mahmudi,
Paripurna wisuda,
Sampun antuk dhawuh,
Prof Hari Purnomo nyata,
Amakarti ing Fakultas Ekonomi,
Sarana pengabdian.
2. Pucung
Gya sumawur tugas gagasan misuwur,
Mahmudi makarya,
Kemajuan akademik,
Suka lila dosen tendik bagya mulya.
3. Gambuh
Mahmudi amisusung,
Sambang sambung srawung lung tinulung,
Ing Fakultas Ekonomi UII,
Tanggap tangguh tambah ampuh,
Kuncara arum kesohor.
4. Kinanthi
Ilmu laku kagem sangu,
Ngesuhi organisasi,
Pengalaman ing bebrayan,
Seminar rembug diskusi,
Pawitan kepemimpinan,
Mahmudi titis winasis.
5. Mijil
Pendidikan Gadjah Mada inggil,
Minangka peguron,
Mahmudi mangesthi esuk sore,
Sinambi ndherek gladhen HMI,
Lancip landhep lantip,
Winawas winuwus.
6.
Sinom
Ngupakara pawiyatan,
Nggulawenthah putra putri,
PAUD TK Ulil Albab,
Nyengkuyung garwa Mahmudi,
Ngasta pangarsa bankir,
Kersa udhu bahu suku,
Dayane dana arta,
Laras leres lurus laris,
Trus kawentar drajat pangkat semat gancar.
7.
Durma
Jangka jangkah jangkane jaman ingarah,
Rikat trengginas trampil,
Gumreget gumregah,
Sami kathah lumampah,
Lumaris tinata tinulis,
Maca pustaka,
Doktor Mahmudi nganggit.
8.
Asmarandana
Marsudi akuitansi,
Mandhegani Badan Waqaf,
UII sangsaya sae,
Pelayanan mahasiswa,
Saindhenging nusantara,
Mahmudi mimbuhi kawruh,
Amanah ngembani Dekan.
9. Megatruh
Patuladhan rikala Sinuwun Kumbul,
Demang Ngurawan prayogi,
Pangarsa Jaksa pinunjul,
Kraton Kartasura pilih,
Sarjana Sragen Gemolong.
10. Pangkur
Sigra mbabar kapustakan,
Kasusastran Mahmudi sung pambudi,
Edi peni adi luhung,
Kyai Ranggawarsita,
Lenggah lungguh mardi jembaring pituduh,
Wejangan saha wedharan,
Sangkan paraning dumadi.
11.
Maskumambang
Berkat brayat srengat kayat pangastuti,
Mahmudi minangka Dekan,
Ekonomi ing UII,
Dadi payung pangayoman.
Senin Wage, 6 Juli 2026.
Purwadi
Komentar
Posting Komentar