Pahargyan Sasi Sura
PahargyanSasi Sura
1.
Dhandhanggula
Titi wanci pahargyaning warsi,
Tanah Jawa mapag sasi Sura,
Lenggah jejer sinar moncer,
Sumirat muncar mancur,
Mawas dhiri mulat pribadi,
Gawang gawang kumlewang,
Tumuntun rumuhun,
Nyenyawang ing gesang benjang,
Mrih lestari jangkah langkah kang permati,
Cipta karsa tumata.
2 .
Pangkur
Paheman kawicaksanan,
Madya ratri sami amarsudi,
Anem sepuh ngudi kawruh,
Ulat patrap pangucap,
Jroning kalbu mesu pangrungu pandulu,
Wus mahargya wulan Sura,
Wiwitane tahun Jawi.
3.
Mijil
Gita gati premana memetri,
Pamrihe kewahyon,
Cegah dhahar guling tahan melek,
Tirakatan mrih lantiping budi,
Tumanjaning kardi,
Tekan teken tekun.
4.
Kinanthi
Dedunung nala tumlawung,
Muhung mahas ing ngasepi,
Lara lapa tapa brata,
Munggah mudhun jurang terbis,
Nerabas ing tengah alas,
Ngupadi urip sejati.
5.
Sinom
Pesta raja tahun Jawa,
Adeg panggung gelar seni,
Sarasehan penghayatan,
Olahr rasa olah pikir,
Ngudhari sakeh pakarti,
Ruwatan sukerta tuhu,
Siram jamas pusaka,
Besus bagus badan batin,
Sasi Sura sarana manggih raharja.
6.
Asmarandana
Panguripan kadang seni,
Pengrawit panjak wiyaga,
Sindir kledhek gerong sindhen,
Kethoprak ludruk semarak,
Dhalang ambabar piwulang,
Edi peni adi luhung,
Perbawane candra warsa.
7.
Pucung
Laras lurus ngudi ngelmu maju terus,
Bisa paripurna,
Pernahe pahargyan warsi,
Sasi Sura margane suka yuwana.
8.
Gambuh
Kirab pusaka agung,
Surakarta kedhaton nyengkuyung,
Mesu budi mubeng margi Baluwarti,
Sentana abdi lumaku,
Maesa bule kesohor.
9.
Maskumambang
Kyai Slamet lumaksana mandhegani,
Wayah malem siji Sura,
Miturut abaning srati,
Ngarah arah ngalap berkah.
10.
Megatruh
Ngayun ayun kayungyun sakehing kayun,
Mragat glagating hewani,
Kayat kayut anut panut,
Ganti warsi duk miyarsi,
Katujon ing karahayon.
11.
Durma
Tekat kuat ngangkat drajat pangkat semat,
Kapribaden mandiri,
Mapak sasi Sura,
Suka sukur minulya,
Mbanyu mili bathi rejeki,
Ndedawa yuswa,
Tindak tanduk mberkahi.
Selasa Paing, 1 Sura 1448, 16 Juni 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar