Nganjuk Milang Kori
Nganjuk Milang Kori
Dhandhanggula
1.
Nganjuk
Katon manis bawah gunung Wilis,
Kutha Nganjuk kumencar gumebyar,
Sigrak gumyak regeng rame,
Lenggah ing alun alun,
Marhaen Djumadi ngesuhi,
Lampahe pembangunan,
Laras laris lurus,
Olah seni olah raga,
Saben hari pasar Wage amakarti,
Pakaryan gancar lancar.
2.
Rejoso
Tata titi taberi nastiti,
Suka rena Rejoso makarya,
Ing kudule gunung Renteng,
Brambang sengkut tinandur,
Kadang tani tansah netepi,
Garapan tegal sawah,
Teken tekan tekun,
Marhaen Djumadi ngarah,
Ing pangudi mundhak makmur ekonomi,
Gembira pra kawula.
3.
Bogor
Wus kesohor tlatah Bagor nguni,
Wiris waras kidul kali Widas,
Tumuju ing dina Wage,
Kedondong pasar lembu,
Kadang blantik nganyang katitik,
Gumyak dagangan ternak,
Kebo kuda wedhus,
Marhaen Djumadi ngoyak,
Rakyat bathi bisa seneng jroning ati,
Kecukupan sandhang pangan.
4.
Wilangan
Trus pinesthi wilayah prayogi,
Wilangan kidule gunung Pandhan,
Toya mili mancur moncer,
Dam glathik papan wadhuk,
Padha mancing ing Kali Bening,
Budidaya wisata,
Muter numpak prahu,
Dhahar enak lawuh iwak,
Kang den udi Marhaen Djumadi yekti,
Tulusing pengabdian.
5.
Gondang
Gondang kondhang kinarya palupi,
Jajan dumbleg sedhiyan panganan,
Bungkus mligi plepah jambe,
Oleh oleh tinuku,
Memetri Marhaen Djumadi,
Blusukan turut pasar,
Rembug kadang bakul,
Jenak semarak semanak,
Tharik tharik tinata kareben becik,
Benjang padhang gemilang.
6.
Ngluyu
Sampun dugi tlatah pinggir redi,
Jajar jajar alas kang kawentar,
Tlatah Nganjuk ing lor dhewe,
Soto kedhondhong unggul,
Marhaen Djumadi ngincipi,
Cedhak adoh ngrasakna,
Sate daging duduh,
Bablas lewat tengah alas,
Kayu jati pating trucuk ngrengga siti,
Asrining sesawangan.
7.
Jatikalen
Tapel wates Jombang Nganjuk nenggih,
Dugi papan wilayah lor wetan,
Jatikalen datan leren,
Lumampah budhal mantuk,
Dalan apik sarana katitik,
Adoh karasa cerak,
Bareng guyub rukun,
Marhaen Djumadi kersa,
Adipati tansah gemolong gemati,
Kumraket seduluran.
8.
Kertosono
Arah kidul tumuju Kediri,
Kertosono pinggir kali Brantas,
Comondhok stasiun gedhe,
Surabaya Madiun,
Karta karti karya pakarti,
Makuwon ndoro wedana,
Bengkok patuh lungguh,
Marhaen Djumadi manah,
Abdi nagri pensiun antuk pangaji,
Sakwusnya puripurna.
9.
Sukomoro
Sukomoro rumiyin kasusra,
Dagang brambang lumaris kaonang,
Saudagar gangsar rame,
Juragan sugih mbrewu,
Laris manis laras cecawis,
Gelar pasar kababar,
Awan bengi esuk,
Marhaen Djumadi nggagas,
Wira wiri warga ngupaya rejeki,
Sengkut greget gumregah.
10.
Loceret
Upacara adat mapan aneng candi,
Lumaksana ing kuna makuna,
Candirejo ing Loceret,
Jamane Budha Hindu,
Kapitayan dasar agami,
Sanggar ing pamelengan,
Tata cara sujud,
Marhaen Djumadi nyipta,
Jroning kapti manekung mangsah semedi,
Pasrah eling waspada.
11.
Pace
Tiga rendheng mareng labuh yekti,
Lumrah sinebut pranata mangsa,
Tengeran sedulur Pace,
Gunung Wilis ngrembuyung,
Katon asri anglam ngalami,
Siliring samirana,
Nganjuk sisih kidul,
Wawasan ngumbar gagasan,
Analiti Marhaen Djumadi nguni,
Sinartan masyarakat.
12.
Ngetos
Lahir batos bumi Ngetos becik,
Pra pujangga ngripta kasusastran,
Candi winangun mentereng,
Jaman Daha Panjalu,
Singasari lan Majapahit,
Daha Medang Koripan,
Tlatah Jawa Timur,
Nganjuk sanyata kuncara,
Adipati Marhaen Djumadi ngudi,
Sejarah jaman kuna.
13.
Patianrowo
Pabrik gula winastan lestari,
Patianrowo papan rinengga,
Jembar omber jajar jejer,
Katone kebun tebu,
Kadang tani Nganjuk mangerti,
Ngubetna daya arta,
Udhu bahu suku,
Marhaen Djumadi yogya,
Sung palupi olah puter ekonomi,
Lumantar pawiyatan.
14.
Prambon
Prabu Kameswara duking nguni,
Tedhak tlatah Prambon njajah desa,
Milang kori kawulane,
Kayungyun dhahar minum,
Nara praja kraton Kediri,
Nganthi para pujangga,
Sang Sedah Panuluh,
Katerusna Wali Sanga,
Kyai santri sareng Marhaen Djumadi,
Wejangan kasampurnan.
15.
Baron
Dulur sopir mesthi kersa mampir,
Dhahar eca ing Baron mirasa,
Sega rawon sate gule,
Ngunjuk kopi teh mathuk,
Nyengkuyung Marhaen Djumadi,
Kuliner enak penak,
Ing Wilayah Nganjuk,
Marga arah Surabaya,
Surakarta Bandung Semarang Betawi,
Baron papan jujugan.
16.
Tanjunganom
Nguri uri para kadang seni,
Tanjunganom semangat sumrengah,
Mligi waranggana kledhek,
Kagunan langen tayub,
Wiyaga siyaga angiring,
Pranata adicara,
Saguh gupuh aruh,
Marhaen Djumadi wignya,
Angurmati kesuburan Bathari Sri,
Turun saking Kahyangan.
17.
Ngronggot
Gugur gunung sami kerja bakti,
Abot repot tiyang Ngronggot gampang,
Sepi pamrih rame gawe,
Srawung tulung tinulung,
Marhaen Djumadi nulati,
Kagem bangsa negara,
Gumolong gumulung,
Tunggal cipta rasa karsa,
Ageng inggil kawula samya manunggil,
Tuladha kebangsaan.
18.
Lengkong
Sawah tegal kebun gunung kali,
Tlatah Lengkong mencorong kawentar,
Kakung putri cilik gedhe,
Sendhen kawruh pituduh,
Bupati Marhaen Djumadi,
Kersa kempal manunggal,
Kayun sayuk rukun,
Peraturan paugeran,
Mangastuti murih basuki lestari,
Laladan bagya mulya.
19.
Sawahan
Saben saben gumantosing warsi,
Siram jamas grojogan Sedhudha,
Ing pangangkah kajen kopen,
Sawahan pereng gunung,
Marhaen Djumadi marsudi,
Lelaku tapa brata,
Pangrungu pandulu,
Reresik kungkum ing patirtan,
Mesu budi anelasak ing wanadri,
Rumeksa drajat pangkat.
20.
Berbek
Pasuwitan para adipati,
Tlatah Berbek asung kautaman,
Lerem sumeleh pikoleh,
Wedharan wulang wuruk,
Bupati Marhaen Djumadi,
Andhap asor nuladha,
Pangarsa ing Nganjuk,
Berbek kebak patuladhan,
Amakarti manunggal kawula gusti,
Suwita marang praja.
Yogyakarta, Jumat Pon, 5 Juni 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar