Dhandhanggula Putri Narpa
Dhandhanggula Putri Narpa
1.
Putri Narpa Wandawa mengeti,
Manis netra lilaning panembah,
Darma bakti gawa gawe,
Pasuwitan satuhu,
Tatah tutug titi permati,
Siji Juni lumampah,
ing tahun nem likur,
Nawa dasa panca warsa,
Amemetri kabudayan edi peni,
Surakarta Diningrat.
2.
Mangastuti darahing narpati
Sagung warga prayoga manunggal
Anut wewarah rinonce
Riptan pujangga agung
Kamot serat ing candrarini,
Dadya wanita tama,
Tepung wulang wuruk,
Angrengga sanguning gesang,
Tatas titis gelis wasis samukawis,
Putri Narpa Wandawa.
Karaton Surakarta Hadiningrat,
Katiti mangsan 5 Juni 1931 - 5 Juni 2026.

Komentar
Posting Komentar