Babad Prof Erna Andriyanti SS M.Hum Ph.D
Babad Prof Erna Andriyanti SS M.Hum Ph.D
1.
Dhandhanggula.
Mahargya Prof Erna Andriyanti,
Pangarsa STBA LIA,
Yogyakarta mencar moncer,
Mencorong trus mancur,
Amarsudi bahasa asing,
Piranti pamulangan,
Pawiyatan luhur,
Srawung internasional,
Jerman Inggris Arab Portugis Perancis,
Jepang China Korea.
2.
Pangkur
Tumuruning kanugrahan,
FBSB UNY dosen tendik,
Sami ndherek suka sukur,
Dumugi mahasiswa,
Gya misungsung cipta karya adi luhung,
nata STBA LIA,
Bu Prof Erna Andriyanti.
3.
Kinanthi
Jumangkah sigra ambangun,
Bu Prof Erna Andriyanti,
Aneng STBA LIA,
Pengajaran linguistik,
Sambang sambung tingkat global,
Diplomasi wong sakbumi.
4.
Mijil
Pakaryan Prof Erna Andriyanti,
Gumeleng gumolong,
Basa asing tumangkar rinonce,
Pengajaran STBA LIA becik,
Lurus laras laris,
Kursus bagus alus.
5.
Maskumambang
Mandhegani STBA LIA titis,
Dadi srana pengabdian,
Bu Prof Erna Andriyanti,
Sembada kang sinedya.
20 Juni 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar