Babad Majapahit Jakarta
Babad Majapahit Jakarta
1.
Dhandhanggula
Sinengkalan Kraton Majapahit,
Manis netra lilaning panembah,
Jakarta binangun gedhe,
Luhung agung ngrembuyung,
Bibit kawit wingit lelungit,
Cahya mawa perbawa,
Leluhur misuwur,
Hendropriyono Jenderal,
Ibu Taty murih basuki lestari,
Nusantara kuncara.
2.
Pangkur
Wulang wuruk kautaman,
Mirit anggit pujangga Majapahit,
Cipayung Jakarta Timur,
Kaonang nenek moyang,
Sung pitutur nusa bangsa gya sempulur,
Hendropriyono nuladha,
Darma bakti ibu Taty.
3.
Kinanthi
Karya cipta yasan Empu,
Piningit ing Majapahit,
Tantular Empu kawentar,
Prapanca Empu winasis,
Pak Hendro Bu Taty ngripta,
Dhatulaya edi peni.
4.
Sinom
Bu Tatty Mulya Sutarja,
Hendropriyono kinasih,
Garwa sigaraning jiwa,
Putri Diah Erwiany,
Trisnamurti Hendrati,
Andika Perkasa mantu,
Rony Hendropriyono,
Amarsudi Majapahit,
Diaz Hendropriyono labuh negara.
5.
Durma
Gajah Mada wedharing Sumpah Palapa,
Maha Patih pinilih,
Cipta rasa karsa,
Karya praja manunggal,
Majapahit ngirit prajurit,
Kukuh santosa,
Hendropriyono ngudi.
6.
Megatruh
Hayamwuruk narendra gung ajejuluk,
Nata Kraton Majapahit,
Pra kawula subur makmur,
Pah Hendro Bu Taty mardi,
Nusantara trus sumorot.
7.
Asmarandana
Kinarya tepa palupi,
Pak Hendro Bu Taty yasa,
Minangka wejangan sae,
Kanjeng Prabu Brawijaya,
Majapahit bagya mulya,
Sembada kuncara arum,
Ngejaya ing jagad raya.
8.
Pucung
Tanggap tangguh Kraton Majapahit ampuh,
Ngemot kebangsaan,
Pak Hendro Bu Taty ngesti,
Gemah ripah loh jinawi tata harja.
9.
Gambuh
Sarana ngelmu laku,
Maju laju sinartan panemu,
Pak Hendro Bu Taty tumrap siswa siswi,
Majapahit yen kadulu,
Dadya obor kang kesohor.
10.
Mijil
Bhinneka Tunggal Ika sesanti,
Hendro Taty maos,
Kerakyatan Sabang Merauke,
Beda beda panduming dumadi,
Gumolong nyawiji,
Rasa guyub rukun.
11.
Maskumambang
Sangu sanggit babad Kraton Majapahit,
Ibukota ing Jakarta,
Ndherek Pak Hendro Bu Taty,
Kawibawan kawidadan.
Kemis Legi, 3 Sura 1448, 18 Juni 2026.
Purwadi.

Komentar
Posting Komentar