Adipati Marhaen Djumadi
Adipati Marhaen Djumadi
1.
Dhandhanggula
Adipati Marhaen Djumadi,
Wus kuncara pangarsa nagara,
Darma bakti gawa gawe,
Mangka Bupati Nganjuk,
Tatas titis ing samukawis,
Sarjana wicaksana,
Luru ngelmu laku,
Sembada jangkah kajangka,
Lilah lilih asih mring kawula dasih,
Budi bawa laksana.
2.
Pangkur
Ngarah sejarah lumampah,
Sarwa edi Pak Marhaen Djumadi,
Yeku rembesinng madu,
Tedhak trahing kusuma,
Pra leluhur nenandur tuwuh sempulur,
Kuat drajat pangkat semat,
Putra wayah amarisi.
3.
Mijil
Yen cinandra pindha Raden Panji,
Jenggala Karaton,
Ganda arum melathi rinonce,
Labuh labet mring ibu pertiwi,
Marhaen Djumadi,
Agung paring payung.
4.
Kinanthi
Wahyu Kediri tumurun,
Manjing Marhaen Djumadi,
Daha Prabu Kameswara,
Dewi Galuh Sekartaji,
Sumawuring ketentraman,
Warata mring sakbumi.
5.
Asmarandana
Nlesih Kraton Singosari,
Marhaen Djumadi mbabar,
Kapitayan kang sumendhe,
Kamanungsan kebangsaan,
Kerakyatan keadilan,
Konjuk masyarakat Nganjuk,
Dadya pangembating praja.
6.
Megatruh
Dhawuh Kraton Kahuripan sung pituduh,
Kanjeng Marhaen Djumadi,
Darmawangsa Sindhok Empu,
Airlangga sri narpati,
Tepa palupi miraos.
7.
Durma
Gadjah Mada kaloka sumpah palapa,
Karaton Majapahit,
Prabu Brawijaya,
Ngesuhi nusantara,
Prapanca Tantular anganggit,
Maca susastra,
Pak Marhaen Djumadi.
8.
Pucung
Sambang sambung sawang srawung lung tinulung,
Pelayan bebrayan,
Kanjeng Marhaen Djumadi,
Jiwa raga murih mulyaning negara.
9.
Gambuh
Gathak gathuk sarujuk,
Sami mathuk pangarsaning Nganjuk,
Adipati Marhaen Djumadi ngudi,
Pasir wukir panjang punjung,
Gemah ripah loh jinawi.
10.
Sinom
Momong momor momot rakyat,
Momong jumbuhing pakarti,
Momor mawa tata krama,
Momot ing sabarang kapti,
Katri trus jinangkepi,
Marhaen Djumadi sampun,
Paripurna kawignyan,
Gemi nastiti taberi,
Kawibawan kawidadan karaharjan.
11.
Maskumambang
Pangastuti amrih basuki lestari,
Marhaen Djumadi ngreksa,
Jejibahan ageng inggil,
Kasantosan kayuwanan.
Yogyakarta, Jumat Pon. 5 Juni 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar