Pajimatan Sultan Agungan Imogiri
Pajimatan Sultan Agungan Imogiri
1.
Dhandhanggula
Upacara narendra Mentawis,
Pajimatan Imogiri sigra,
Gumanti warana langse,
Aling aling kelambu,
Wastra mligi kagem narpati,
Puncaking gunung Merak,
Kanjeng Sultan Agung,
Jatmika Nyakra Kusuma,
Gya pinundhi pepundhening tanah Jawi,
Mengkoni drajat pangkat.
2.
Pangkur
Duta wusnya lumaksana,
Adityo Jatmiko Faizal Rasyid,
Kinen warana ingukur,
Aneng Sultan Agungan,
Nami Agus tukang jahit wus ingutus,
Tuwan Rawang saking Jombang,
Pasrah uba rampe titi.
3.
Kinanthi
Laju lumampah rahayu,
Dinten Sabtu Pon pinanggih,
Kraton dalem Surakarta,
Ndherek Ratu Wandansari,
Ganti larapan warana,
Mawi tahlil takbir tahmid.
4.
Gambuh
Priyayi tanggap tangguh,
Pak Dekan
Iskandar Yasin rawuh,
Fakultas Teknik Sarwi kersa anitik,
Sowan Pajimatan agung,
Mrih antuk barokah yektos.
5.
Pucung
Turut lurung langkung riyin mampir warung,
Miwiti sarapan,
Dhahar enak ngunjuk manis,
Reh tenaga gagas pikir reka daya.
6.
Megatruh
Pasang luwur donga pamuji sumawur,
Ngalap berkah jroning kapti,
Kasuwargan Sultan Agung,
Tinata sagunging abdi,
Pangajab gayuhan awoh.
7.
Mijil
Mawar kanthil kenanga melathi,
Tata cara dandos,
Angiringi wrana luwur langse,
Unggul kabul sakehing pangesthi,
Gandane mastuti,
Dupane kumelun.
8.
Asmarandana
Pangangge busana Jawi,
Priya blangkon bebet beskap,
Putri kemben sanggul gelung kondhe,
Umanjing Sultan Agungan,
Masang langse genep genah,
Lampah laku nut pituduh,
Run tumurun nak tumanak.
9.
Durma
Wilujengan ing pangangkah binerkahan,
Uba rampe sesaji,
Purna pemasangan,
Langse luwur warana,
Sanyata pakarti wigati,
Laju laksita,
Lilah lilih penggalih.
10.
Sinom
Pendherek Sultan Agungan,
Kanjeng Ratu Batang riyin,
Sunan Amangkurat Amral,
Kanjeng Balitar Bupati,
Dalang Panjang Mas bekti,
Trah kraton Mataram luhur,
Minulyeng jagad raya,
Mberkahi wong tanah Jawi,
Putra wayah prayogane ngarah arah.
11.
Maskumambang
Puja puji gusti bendara priyayi,
Pelestari kabudayan,
Mrih kokohing jatidiri,
Saindhening nusantara.
Pajimatan Imogiri,
selasa Pon, 26 Mei 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar