Babad Dr Widyastuti Purbani MA
Babad Dr Widyastuti Purbani MA
1.
Dhandhanggula
Sinengkalan tumapaking warsi,
Manis netra lilaning panembah,
Paripurna gawa gawe,
Siji Juni nem likur,
Ibu Widyastuti Purbani,
Minangka dwijatama,
FBSB tuhu,
UNY sung tandha tresna,
Kadang dosen tendik sami mangastuti,
Ginanjar kawidadan.
2.
Pangkur
Ngakal wawasan global,
Sigra ngudi Widyastuti Purbani,
Gothak gathuk nuli pethuk,
Peguron Gadjah Mada,
Luru ngelmu gemblenging jangka panemu,
Fakultas Sastra Budaya,
Marsudi bahasa Inggris.
3.
Kinanthi
Manca negari tinempuh,
Deakin Universiti,
Ngumbareng Australia,
Bu Widyastuti Purbani,
Tatag tutug tekun tekan,
Bab literary studies.
4.
Mijil
Indonesia Universiti,
Murih gelar doktor,
Widyastuti Purbani sumendhe,
Ngelmu kabudayan pinersudi,
Sastra edi peni,
Kawruh adi luhung.
5.
Gambuh
Darma bakti lumaku,
Dosen lugu pantes yen tiniru,
Kantor internasional mandhegani,
Tanggap tanggon tangguh mungguh,
Widyastuti mrih kelakon.
6.
Durma
Dirga yuswa umure suwidak lima,
Widyastuti Purbani,
Selamat sabrayat,
Asung puja kastawa,
Sepuh anem lan kakung putri,
Caos pambagya,
Gya basuki lestari.
7.
Asmarandana
Bu Widyastuti Purbani,
Suwidak siji wiyosan,
Siji Juni dinten sae,
Kawidadan kawibawan,
Kabahagyan karaharjan,
Tur ayu hayu rahayu,
Jangka jangkah wus kalampah.
8.
Pucung
Dekan unggul rikat trengginas pinunjul,
Kehing barang karya,
Bu Widyastuti Purbani,
Tatas rantas titising anut panggagas.
9.
Megatruh
Wakil dekan bidang akademik laju,
Bu Widyastuti Purbani,
FBS UNY maju,
Mahasiswa mahasiswi,
Kridhane arum kesohor.
10.
Sinom
Kondhang kampus Karangmalang,
Bu Widyastuti Purbani,
Kawentar wignya kababar,
Pengabdian darma bakti,
Tumrap ibu pertiwi,
Sambung srawung lung tinulung,
Dosen lan mahasiswa,
Tendik ketitik kang becik,
FBSB UNY ngejayeng jagad.
11.
Maskumambang
Widyastuti Purbani purna makarti,
Pinanggih suka yuwana,
Panjang yuswa waras wiris,
Kinarya tepa tuladha.
Karangmalang.
Senin Wage, 1 Juni 2026.
Purwadi.

Komentar
Posting Komentar