Babad Dr Alfiah M.Pd.
Babad Dr Alfiah M.Pd.
1.
Gambuh
Kadang mitra nyengkuyung,
Jeng Alfiah trus agung ngrembuyung
Tamat titi saking pawiyatan tinggi,
Dosen UPGRIS kang misuwur,
Wusnya antuk gelar doktor.
2.
Maskumambang
Pembelajaran bahasa Jawa aglis,
Berbasis proyek sinerat,
Lumantaring disertasi,
Doktor Alfiah lumampah.
3.
Pangkur
Sumengka tlatah Magelang,
Ing Semawis Alfiah gya lumaris,
Bahu suku luru ngelmu,
Sedyaning kautaman,
Kang kadulu kang ingambu kang karungu,
Mrih rampunge penulisan,
Karya nama disertasi.
4.
Mijil
Siyang ratri mulang basa Jawi,
Sigrak lahir batos,
Jroning kampus UPGRIS trus mergawe,
Mulang mahasiswa mahasiswi,
Murih gelis wasis,
Alfiah mituhu.
5.
Megatruh
Tapa gentur budi luhur tur sempulur,
Doktor Alfiah marsudi,
Kabudayan adi luhung,
Kesenian edi peni,
Wusana kumencar awoh.
6.
Durma
Jangkah langkah Doktor Alfiah angarah,
Pindha Wara Srikandhi,
Garwa Sang Arjuna,
Satriya Madukara,
Laras laris asung memanis,
Myang manuhara,
Satemah mulya mukti.
7.
Asmarandana
Pakumpulan Ikadbudi,
Gumregah Doktor Alfiah,
Kaya melaathi rinonce,
Angambar ganda sumekar,
Saindhenging Jagad raya,
Sumerbak wewangi arum,
UPGRIS sangsaya kuncara.
8.
Kinanthi,
Prof Sutrisna anenuntun,
Prof Darmoko mangastuti,
Alfiah nampi wewarah,
Peningkatan akademik,
Samangsane pertemuan,
Ikadbudi konferensi.
9.
Pucung
Gothak gathuk Prof Darmoko mesthi mathuk,
Mring Doktor Alfiah,
Amemetri basa Jawi,
Para kadang nggegulang cara memulang.
10.
Sinom
Pirantine genep genah,
Pamulangan kampus UPGRIS,
Rampunge Doktor Alfiah,
Nyerat karya disertasi,
Lulus tamate becik,
Unggul kabul lan pinunjul,
Tata laksana kuliah,
Departemen basa Jawi,
Wus kaonang sakjroning kutha Semarang.
11.
Dhandhanggula
Bagya mulya sampun purna gati,
Doktor Alfiah gregah jumangkah,
Perguruan kampus UNNES,
Lulus bagus tur alus,
Tata titi kanthi permati,
UPGRIS mangayu bagya,
Keplok dara muluk,
Wibawa rena widada,
Wus lestari pinanggih suka basuki,
Nuli sugeng makarya.
Jumat Legi, 22 Mei 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar