Serat Menteri Prof Dr Fadli Zon M.Sc.
Serat Menteri Prof Dr Fadli Zon M.Sc.
1.
Mijil
Petilasan purbakala candi,
Astana kedhaton,
Dari Sabang hingga Merauke,
Prof Doktor Fadli Zon amemetri,
Nyengkuyung pendidik,
Nggennya mbabar kawruh.
2.
Kinanthi
Kabudayan adi luhung,
Kesenian edi peni,
Prof Fadli Zon mulang,
Pikukuhing jatidiri,
Kapribaden nusantara,
Ajar lancar muda mudi.
3.
Asmarandana
Prof Fadli Zon ngasta Mentri,
Jangka jangkah ngarah arah,
Kencar kencar muncar moncer,
Budaya tradisional,
Manca negara terkenal,
Kuncara arum sadarum,
Njalari bungah sumringah.
4.
Mas Kumambang
Prof Fadli Zon pangarsa negara lantip,
Gumregut greget gumregah,
Enggal ngarampungi kardi,
Kagem rakyat masyarakat.
5.
Megatruh
Gathak gathuk rekadaya sarwa mathuk,
Labuh labet mring negari,
Landhesan ngelmu panemu,
Drajat sarjana winasis,
Sami ndherek Prof Fadli Zon.
6.
Durma
Dhawuh Presiden Prabowo wus kawedhar,
Gita gati sayekti,
Gagasan wawasan,
Prof Fadli Zon sendika,
Pakarti pakerti pekerti,
Trampil kawignyan,
Tatas titising galih.
7.
Sinom
Pidato kebudayaan,
Miyos saking Pak Menteri,
Prof Fadli Zon Guru Besar,
Universitas inggil,
Nasional kang pinilih,
Pak Presiden wusnya ngutus,
Pangarsaning negara,
Dadi Menteri linuwih,
Bawa rasa tunggal cipta budi karsa.
8.
Dhandhanggula
Trus pinilih Menteri linuwih,
Prof Doktor Fadli Zon narapraja,
Rina wengi nyambut gawe,
Darma bakti pisungsung,
Nusa bangsa Ibu Pertiwi,
Kabudayan ngrembaka,
Kang kuncara arum,
Mrantasi sagung pakaryan,
Tata titi murih basuki lestari,
Pawitan pengabdian.
9.
Pangkur
Pawiyatan paripurna,
Pak Profesor Doktor Fadli Zon ngudi,
Ilmu unggul daya kabul,
Kagem tepa tuladha,
Universitas Nasional pinunjul,
Mulang muruk medhar sabda,
Ayem tentrem wong sakbumi.
10.
Gambuh
Suka sukur gya katur,
Prof Doktor Fadli Zon luhur mujur,
Manis aris kehormatan akademis,
Menteri budaya agung,
Nusantara wus kesohor.
11.
Pucung
Sampun saguh Prof Fadli Zon paring tuduh,
Mekaring budaya,
Lambaran budi pekerti,
Identitas lugu lugas teguh tegas.
Senin Wage, 16 Pebruari 2025.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar