Natabratan Suruh Salatiga
Natabratan Suruh Salatiga
1.
Dhandhanggula
Gapura Notobratan winarni,
Tanggal Telu Januari wulan,
Tahun rong ewu selawe,
Dene sengkalanipun,
Panca asta trusing panganti,
Minangka pesanggrahan,
Krajan Plumbon Suruh,
Sumandhang sumandhing sigra,
Amastuti pinanggih suka basuki,
Tentrem tata raharja.
2.
Mijil
Jumah Kliwon
Patut den pengeti,
Gapura miraos,
Suka lila sumarah sumendhe,
Notobroto puji pangastuti,
Manah mesu budi,
Nugraha rahayu.
3.
Gambuh
Suruh mengku sesuluh,
Tanggap tangguh tanggon teguh wutuh,
Notobratan gapura kang edi peni,
Kabudayan adi luhung,
Prabane terang sumorot.
4.
Pucung
Plumbon Suruh dhusun Krajan asung kawruh,
Tlatah Salatiga,
Jumangkah angarah ngesthi,
Notobratan gapura mulya widada.
5.
Kinanthi
Gapura winangun agung,
Notobratan sung pepeling,
Sariat mula tarikat,
Yogya nuli nyinaoni,
Hakikat ujung makripat,
Kali Serang banyu bening.
6.
Asmarandana
Katon ngegla gunung Mrapi,
Ungaran lan Telamaya,
Kendhali Sada kang rame,
Angayomi dhusun Krajan,
Plumbon Suruh Salatiga,
Ngregemeng gunung Merbabu,
Manah mardu marditama.
7.
Durma
Merbabu Telamaya papan kotaman,
Ndherek para winasis,
Gesang nenek moyang,
Leluhur paring wulang,
Notobratan gapura keksi,
Sana kayangan,
Asri milangeni.
8.
Pangkur
Gya ngrenggani Salatiga
Notobratan gapura tatas titis,
Plumbon kecamatan Suruh,
Krajan manggih kabagyan,
Trus binarung masyarakat gya nyengkuyung,
Minangka kaca benggala,
Rinengga tepa palupi.
9.
Megatruh
Notobratan gapura lana lelaku,
Wewangunan ngemu werdi,
Kalbu pangrungu pandulu,
Manah lantiping penggalih,
Murakabi kadang mitra.
10.
Sinom
Notobratan kang kaloka,
Gapura mangka piranti,
Susila gragyak semanak,
Caos kurmat kang lumaris,
Sabawa manis aris,
Dhusun Krajan Plumbon Suruh,
Wilayah Salatiga,
Sepuh anem kakung putri,
Sarwi bingah guyub rukun mawi warah.
11.
Maskumambang
Dulur Salatiga
permana permati,
Notobratan sung wibawa,
Jamane kencana rukmi,
Putra wayah trah tumerah.
Setu Legi, 28 Pebruari 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar