Kinanthi Pasegon
Kinanthi Pasegon
1.
Pasegon caos pisungsung,
Nuju hari idul fitri,
Pahargyan halal bihalal,
Raketing silahturahmi,
Gya apura ingapura,
Suka lila lahir batin.
2.
Nadyan yuswa wus pensiun,
Kadang Gondangan Mandiri,
Lumantar sanggar kawentar,
Bondung Bondowoso sami,
Olah mekaring kagunan,
Adi luhung edi peni.
3.
Sambang sambung sawang srawung,
Rejekine mbanyu mili,
Seputar desa Gondangan,
Tuwa anom jalu estri,
Badan sehat awak kuat,
Panjang yuswa kang den esthi.
Rebo Legi, 18 Pebruari 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar