Fadli Zon Pamong Kraton Surakarta

 Fadli Zon Pamong Kraton Surakarta



1.

Dhandhanggula


Prof Fadli Zon minangka Menteri, 

Kewajiban praja wus sumandhang, 

Gita gita tandang gawe, 

Tetela karya agung, 

Kebudayaan den pepetri, 

Surakarta Diningrat, 

Siyaga binangun, 

Cagar budaya rineksa, 

Gya katiti tedhak pambudi wigati, 

Lambaran wicaksana. 


Tata cara kapyarsa katitik, 

Jumenengan nata Surakarta,

Nglungsur dhampar retna jene, 

Mangka Kanjeng Sinuwun, 

Sunan Paku Buwana nenggih, 

Ingkang ping kawan welas, 

Santana sarujuk, 

Kawula mangayu bagya,

Raja Putra Mataram

Pangeran Pati, 

Fadli Zon premana. 


Panca paksi wiyati dwi warsi,

Sinengkalan konjuk Sri Narendra, 

Fadli Zon mirsani age, 

Sumingkir barang kewuh, 

Pak Menteri mawas permati, 

Tatas wohing panggagas, 

Kalampahan sampun, 

Tata cara kanarendran,

Tata titi sigra jumeneng narpati, 

Sunan Paku Buwana. 


2.

Pangkur


Ing Sasana Handrawina, 

Pra winasis arum manis ngembani, 

Kanjeng sentana sadarum, 

Lembaga Dewan Adat, 

Paring dhawuh miturut sakeh pituduh, 

Angger angger paugeran, 

Prof Fadli Zon mung  tut wuri. 


Gancar lancar gya kababar, 

Kanjeng Gusti Pangeran Sri Narpati, 

Sami njunjung mawi petung, 

Sunan Paku Buwana, 

Narendra gung Prof Fadli Zon anyengkuyung, 

Ber budi bawa laksana, 

Mbahu dhendha nyakrawati. 


3.

Pucung


Jroning kalbu Prof Fadli Zon amituhu, 

Anut paugeran, 

Lembaga Adat mengkoni, 

Bakti darma Surakarta mrih kuncara. 


Unjuk atur Dewan Adat mring leluhur, 

Enggal marak sowan, 

Pajimatan Imogiri, 

Ing pangangkah

Prof Fadli Zon ngudi berkah. 


4.

Gambuh


Fadli Zon kulak butuh, 

Surakarta tuk sumbering kawruh, 

Tanah Jawi ngrenggani ibu pertiwi, 

Kanjeng Sinuwun ing ngayun, 

Mranata punggawa Kraton. 


Jumangkah bareng maju, 

Lembaga Dewan Adat anuju, 

Amarsudi gawa gawe edi peni, 

Seserep urup sumurup, 

Prof Fadli Zon trus anonton. 


5.

Kinanthi


Lumaku kanthi rahayu, 

Lembaga Adat miyarsi, 

Sinuwun Paku Buwana, 

Kawan welas wusnya prapti, 

Titi mangsa kawisuda, 

Prof Fadli Zon nayogyani. 


Ndherek suwita kayungyun, 

Pepoyaning mesu budi, 

Wadhahing Lembaga Adat, 

Sareng ajar pamrayogi, 

Ngupakara dhatulaya, 

Prof Fadli Zon ngawekani. 


6.

Mijil


Ing madyaning pura jalanidhi, 

Punjering kedhaton, 

Saka Dhomas ing Mutyara Bale, 

Kanjeng Ratu Sri Kencana Sari, 

Kepareng ngestreni, 

Prof Fadli Zon hayu. 


Sri Narendra mahas ing ngasepi, 

Ngudi karahayon, 

Panggung Sangga Buwana papane, 

Anggegampil lenggah saluku satunggil, 

Angsal drajat inggil, 

Fadli Zon nyengkuyung. 


7.

Asmaradana


Prof Doktor Fadli Zon nliti,  

Kanjeng Sinuwun ngibadah, 

Tumuju ing Masjid Gedhe, 

Mangka dadi srana sarat, 

Tumrap narendra Mataram, 

Sholat Jumat kaping pitu, 

Takmir ngulama jamaah. 


Khalifahtullah Agami, 

Sayidina Ngabdurrahman, 

Ngamal ngelmi trap trapane, 

Senapati ing Ngalaga, 

Kanjeng Sri Paku Buwana, 

Cerak muhung Masjid Agung, 

Prof Fadli Zon mbudidaya. 


8.

Durma


Patuh taat lan Lembaga Dewan Adat, 

Sarana darma bakti, 

Santana pangarsa, 

Abdi dalem kawula, 

Prof Fadli Zon sung pamanggih, 

Tata negara, 

Pemerintah Republik. 


Pak Menteri Kabudayan sung teladhan,

Sajroning NKRI, 

Mula Dewan Adat, 

Ngarah arah lumampah, 

Laras laris lurus lumaris, 

Kabar kababar, 

Hukum kanthi permati. 


9.

Megatruh


Warta unggul Mentri Fadli Zon pinunjul, 

Yasadipura ping siji, 

Hasta brata sung wewuruk, 

Tumraping sagung narpati, 

Dimen minulya mencorong. 


Sri narendra prayoga  paring sesuguh, 

Grapyak sigrak sandhang sandhing, 

Sambang sambung tulung srawung, 

Pak Menteri anelahi, 

Momor momong mring sang katong. 


10.

Sinom


Setya saraya rumeksa, 

Prof Fadli Zon

asesanti, 

Pambiwara lumaksana, 

Pasipamarta pertitis, 

Suwita aris manis, 

Bebantu ing rinten dalu, 

Kadang rewang tuguran, 

Tata lahir tandang kardi,

Narapraja Fadli Zon lila legawa.  


Paheman Narpa Wandawa, 

Putri Narpa mastuti, 

Pakempalan kasentanan, 

Mandra Budaya marsudi, 

Kartipraja makarti, 

Kebon Darat guyub rukun, 

Ngayahi kewajiban, 

Suka lila lahir batin, 

Prof Fadli Zon Menteri cukup sembada. 


11.

Maskumambang


Pak Menteri Fadli Zon rinengga manis, 

Abdi dalem Surakarta, 

Sukeng tyas pasuryan bening, 

Ngayahi tugas negara. 


Bagya mulya pamomong narpati,

Sri Sunan Paku Buwana, 

Pak Prof Fadli Zon nglenggahi, 

Mangka Mentri Kabudayan. 



Kemis Paing, 19 Pebruari 2026.

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Kidung Idul Fitri

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh