Dr BRM Bambang Irawan M.Si.
Dr BRM Bambang Irawan M.Si.
1.
Dhandhanggula
Program doktor ilmu ekonomi,
Minat Ekonomi Pembangunan,
Gumregut ngayahi gawe,
Pendadaran tinempuh,
Disertasi gelis tinulis,
Mangka karya ilmiah,
Tangguh ampuh wutuh,
BRM Bambang Irawan,
Gita gati sagung promotor penguji,
Bawa rasa wangsulan.
Prof Bhimo Rizky Samudro nenggih,
Minangka promotor sung wewarah,
Wondene ko promotore,
Profesor Doktor Agung,
Nur Probohudono nyartani,
Mawi wursita tama,
Doktor Albert Maqnus,
Duwija sabar darana,
Tata titis tetiga sami patitis,
Pamomong pawiyatan.
Doktor Siti Aisyah penguji,
Profesor Supriyono amedhar,
Yogi Pratama angronce,
Mangka doktor pinunjul,
Sri Susilo sung silastuti,
Wiyata Surakarta,
UNS misuwur,
Kehing kawignyan kababar,
Mrih lestari jumangkah hayu basuki,
Kabagyan paripurna.
2.
Mijil
Kapurwakan dhahar eca gurih,
Mat matan karaos,
Sigrak gumyak cecaturan rame,
Jajan pasar enak mbanyu mili,
Ngelak ngunjuk nuli,
Nyata gathuk mathuk.
3.
Megatruh
Universitas Sebelas Maret unggul,
Bambang Irawan mastuti,
Pangawikan trus ngrembuyung,
Ngleluri tumangkar semi,
Jumbuhing jaman kelakon.
4.
Mas Kumambang
Disertasi ngrembug dampak ekonomi,
Wisatawan tanah Jawa,
Dumugi Pulau Bali,
Mawas inter regional.
5.
Durma
Bandoro Raden Mas Bambang Irawan gya,
Jumangkah mesu budi,
Wawasan wisata,
Kagunan kabudayan,
Olah kridhaning ekonomi,
Karya ilmiah,
Garapan disertasi.
6.
Gambuh
Mersudi barang kawruh,
Adhedhasar tuntunan pituduh,
Pra winasis mrih bisane manis aris,
Tatag tutug munggah mungguh,
Kapribaden tanggap tanggon.
7.
Pucung
Sinengkuyung pengalaman ngelmu luhung,
Guna tata cara,
Tedhak dharahing priyayi,
Kawibawan kadidadan karaharjan.
8.
Pangkur
Kepranan Bambang Irawan,
Karawitan kagunan bedhaya tari,
Ngrumpaka ukara tembung,
Tembang lagon ngumandhang,
Wus cinatur terang trewaca pitutur,
Wedharaning kapujanggan,
Sugih singgih wus pinanggih.
9.
Asmarandana
Ngudi wulangan lelungit,
Surakarta Hadiningrat,
Pindha kencana rinonce,
Dewaruci wulang putra,
Wulangreh wira iswara,
Candrarini sanasunu,
Reriptan para pujangga.
10.
Sinom
Tindhihing wira pradangga,
Gender slenthem gambang suling,
Saron demung kendhang bonang,
Siter clempung jedhor peking,
Kethuk kenong keprak kempul,
Gong bendhe beri rebab,
Bambang Irawan terampil,
Micara miraga mirasa piguna.
11.
Kinanthi
Promosi sampun lumaku,
Bambang Irawan kagalih,
Berkat drajat pangkat semat,
Kehing karti murakabi,
Kinarya sangu suwita,
Angulir jagad sakalir.
Rebo Pon, 4 Pebruari 2026.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar