Babad Tanah Wonosobo

 Babad Tanah Wonosobo



Purwadi, 

Ketua Lokantara

BABAD WONOSOBO KEDHU

Januari 25, 2025

 BABAD WONOSOBO KEDHU





1.


Sinom


Wonosobo trah kusuma, 


Turun kraton Majapahit, 


Tedhak Prabu Brawijaya, 


Ki Ageng Tarub Nawangsih, 


Bondhan Kejawan siwi, 


Getas Pendhawa sesunu,


Wonosobo pratama, 


Rara Kasihan kaping dwi, 


Selo sakti mandraguna Purwodadi. 




2.


Mijil




Wonosobo peputra linuwih, 


Pepatih Kedhaton, 


Warangka nata Mataram age, 


Juru Martani ngembani Senapati, 


Mandaraka ugi, 


Sindurejo Kedhu. 




3.


Kinanthi




Sindara Sumbing Merbabu, 


Ungaran Tidhar Merapi, 


Wewengkone Wanasaba, 


Papan tapa mesu budi, 


Temanggung Secang Magelang,


Suwita marang negari. 




4.


Pucung




Tlatah Kedhu mbudidaya terus maju, 


Kanjeng Wanasaba, 


Mersudi Juru Martani, 


Mandaraka Sindureja labuh praja. 




Babad Gunung Tidar




1


Maskumambang




Padhepokan Plikon Trasan Syekh Subakir,


Kondhang mapan ing Magelang,


Dadi punjer tanah Jawi,


Wikan ilmu sangkan paran.




Maca kitab kuna ingkang gelis wasis,


Babat Magelang gemilang,


Mangasah mingising budi,


Sejarah mengku wewarah. 




2


Sinom




Saperenging gunung Tidar,


Wibawa widada lungit,


Tidar iku mati sadar,


Manunggaling barang kalih,


Pikir manah manggalih,


Gathuk mathuk pucak pucuk,


Tanah Jawa warata,


Kuncara aneng sakbumi,


Sami prapta dhampyak dhampyak saben warsa.




Serat kiyat maos babat,


Bebet bubut bobot bibit,


Reriptan pujangga Jawa,


Andhudhah piwulang lungit,


Dimen waspada eling,


Laras leres liris lurus,


Magelang tan sumelang,


Pengalaman kebak isi,


Gya ngumandhang ngawang awang kang gemilang. 




3


Megatruh




Damar Murub piyandele Jaka Tarub,


Paringane Syekh Subakir,


Semar Gareng Bagong Petruk,


Samya ngreksa tanah Jawi,


Prabane terang sumorot.




Sipat kandel amarga budi rahayu,


Kendhi pratala nyartani,


Warga Magelang kayungyun,


Padhang teranging galih,


Ayem tentrem lahir batos.




4.


Mijil




Mbabar kawruh dhuwur Syekh Subakir,


Dhusun Trasan Plikon,


Ing Bandongan Magelang dhepoke,


Mulang masyarakat kinen becik,


Tharik tharik apik,


Tangguh wutuh ampuh.




Ing Magelang akeh peninggalan candi,


Borobudur Pawon,


Den jangkepi ana candi Ngawen,


Genep genah mengku piwulang utami,


Kanggo sangu urip,


Patut candi Mendut.




5.


Durma




Gagah megah endah mewah berkah,


Wewengkon edi asri,


Bakni kisma tirta,


Caket raket sajuga,


Sindara Merbabu Merapi,


Sumbing prawata,


Gumelar murakabi.




Borobudur Pawon Mendut candi kuna,


Bangunan edi peni,


Wujud olah jiwa,


Amaca pralampita,


Wejangan wedharan kawuri,


Wasis waskitha,


Wicaksana ing budi.




6.


Pucung




Agung luhur wiyatadi kang sumawur,


Wilayah Magelang,


Misuwur jaman kawuri,


Genep genah sejarah wusnya kajangkah.




Langkah patut Magelang tandah anyebut,


Barang kuna lawas,


Mula wajib den pepetri,


Putra wayah lakune nganggo wewarah.




8.


Kinanthi




Banyu telenge Merbabu,


Hakni wijiling Merapi,


Kisma tuwuhan Sindara,


Milang miling gunung Sumbing,


Mangalor gunung Ungaran,


Wetan Telamaya wukir.




Kali Praga mili banyu,


Kang ambelah tanah Jawi,


Tumuju marang samudra,


Juru dagang kanca tani,


Lumampah srana baita,


Arep urup arep urip.




9.


Pangkur




Kawentar papan wiyata,


Olah gelar tata praja negari,


Paremono rumuhun,


Laladan ing Muntilan,


Cakep cukup nata Mataram kacakup,


Trah Ki Ageng Wanasaba,


Sinebut Juru Martani.




Kanjeng Patih Mandaraka,


Wasis titis gelis ing samukawis,


Cakep cekap cakap cukup,


Myang Patih Sindureja,


Tangguh wutuh ngatasi sabarang butuh,


Aneng negari Mataram,


Minangka tepa palupi.




10.


Asmarandana




Kanjeng Ratu Wiratsari,


Garwa Sunan Amangkurat,


Dharah biru trah rinonce,


Tedhak turun Sultan Pajang,


Putra Pangeran Kajoran,


Dhasar ber bandha ber bandhu,


Ratu Kencana ing Tegal.




Kutha Banyumas pinilih,


Mapan tlatah Ajibarang,


Mbangun kedhaton Pamase,


Nyengkuyung warga Magelang,


Greget kawula Kajoran,


Urute kali Serayu,


Ngantya sumare sampurna. 




11.


Dhandhanggula




Ujaring sekar kang sarwa manis,


Tumrape jalma ing tlatah Magelang,


Katon endah reja rame,


Pereng gunung Merbabu,


Caket lawan gunung Merapi,


Gunung sumbing Sindara,


Tengah Borobudur,


Nut iline kali Praga,


Deres mili tumuju ing jalanidhi,


Nyata weh kemakmuran.




Nalikane jaman Majapahit,


Paripurna ngereh Nusantara,


Kerajaan mekar gedhe,


Magelang weh pisungsung,


Piwulang mranata negari,


Bhinneka Tunggal Ika,


Bedane panemu,


Kagagas raos manunggal,


Lenging gati lestari ibu pertiwi,


Santosaning bebrayan.




12.


Gambuh




Pusaka Damar Murub,


Warga Trasan Magelang sumurub,


Warisane Syekh Subakir duking nguni,


Gunung Tidar dhepokipun,


Cantrik saking dhusun Plikon.




Wondene para ratu,


Adhedhasar wulang wuruk guru,


Murih bisa antuk margi kang utami,


Kudu weruh ing pituduh,


Agal alus ingkang kamot.




Amangkurat Banjarnegara




1.


Kinanthi




Amangkurat Banjarmangu, 


Sengkut ambangun negari, 


Temanggung Kedu Magelang, 


Cilacap Banyumas gelis, 


Wonosobo Purbalingga, 


Kebumen Kendal Semawis. 




Purworejo Wates tuhu,


Njajah desa milangkori, 


Mangkurat Banjarnegara, 


Mbahu dhendha nyakrawati, 


Ber budi bawa laksana, 


Paramarta ambeg adil. 




Amangkurat amemayu, 


Hayuning bumi pertiwi,


Patuladhan Sultan Pajang, 


Ratu Emas Jaka Tingkir, 


Trahing raja Kraton Demak, 


Brawijaya Majapahit.




Banjar Petambakan kawruh, 


Wilwatikta Adipati, 


Kalijaga Rasawulan, 


Kyai Ageng Tarub nuli, 


Nawangsih Bondhan Kejawan, 


Peputra Ki Wanasaba. 




Banjarnegara andulu, 


Kyai Ageng Sela siwi, 


Enis Gedhe Pemanahan, 


Panembahan Senapati, 


Sultan Agung Amangkurat, 


Narendra gung ing Mentawis. 




Pangeran Kajor  dhumawuh, 


Dhateng Ratu Wiratsari, 


Katelah Srayu Kencana, 


Mangka garwa prameswari, 


Kanjeng Sunan Amangkurat, 


Banjarmangu bangun yekti. 




2.


Pangkur




Yasa Banjar Petambakan, 


Runtut patut kali Serayu mili, 


Sumengka angganing gunung, 


Nelasak wana alas, 


Munggah mudhun Amangkurat kebak purun, 


Wilayah Kedu tinata,


Nyengkuyung kawula dasih.




Banjarmangu tlatah endah, 


Gagah megah gumregah merak ati, 


Warisan para leluhur, 


Bawah Kraton Mataram, 


Adi luhung tuwuh kagunan ngrembuyung, 


Kawula tata raharja. 


Wisma wastra waras wasis. 




Gemulung Sinar gumelar, 


Banjarmangu ngupakara ngaurip, 


Sambang sambung dunung tepung, 


Gunung Diyeng sarana, 


Amanekung semedi Hyang Maha Agung, 


Mesu budi tapa brata, 


Abdi sentana pinilih. 




Kaloka tlatah minulya, 


Pra bregada alelayar bahari, 


Rikat trampil nyabrang laut, 


Dugi manca nagara, 


Numpak prahu mawi gladhi kawruh ngelmu, 


Pelabuhan gisik Tegal, 


Gemah ripah juru belah. 




Gapura selat Malaka, 


Johor Banjar Aceh Melayu Deli, 


Pelabuhan Tegalarum, 


Pangarsaning samudra, 


Raden Lambung saking Borneo Malambung,


Trah kusuma Kalimantan, 


Priyayi ing Banjarmasin. 




Nama Lambung Mangkurat, 


Setya bekti pangarsa Tegalwangi, 


Sampun purun anenuntun, 


Dedagang juru para, 


Mas jumerut  Martapura awis patut, 


Pawitan bandha lumaksa, 


Arta daya dana picis. 




3.


Durma




Banjarnegara bawah Kraton Mataram, 


Dhawuhe Jaka Tingkir, 


Nata tanah Jawa, 


Lestari Lumaksana, 


Pamanahan Juru Martani, 


Sutawijaya, 


Penjawi saking Pati. 




Anglir mendhung wadya bala wus atata, 


Aglar sami sumiwi, 


Santana arapak, 


Ngagem busana endah, 


Maneka warna tinon asri, 


Kraton Mataram, 


Sadaya pacak baris. 




Sigra mangsah lumampah anut wirama, 


Tambur gong bendhe beri, 


Suling sesauran, 


Trompet munya ngumandhang, 


Kuthagedhe Kerta Plered mring, 


Segarayasa pilih. 




Amangkurat nata agung binathara, 


Wibawa welas asih, 


Grapyak kumawula, 


Susila tata krama, 


Sabarang pakaryan pratitis, 


Hormat sasama, 


Gita gati taberi. 




4.


Asmarandana




Taberi gemi nastiti, 


Banjar Petambakan purna, 


Sepi pamrih rame gawe, 


Ngayahi pakaryan praja, 


Sukeng tyas asung panggagas, 


Wiwit desa kutha gunung, 


Ngirit kawula sentana. 




Segarayasa marsudi, 


Kasudibyan kanugrahan, 


Mangsa labuh mangsa mareng, 


Kali Opak kali Oya, 


Wader badher kehing mina, 


Tapa ngeli tapa kungkum, 


Mesu budi Amangkurat. 




Pendhak warsi mangastuti, 


Pekuncen ing Adiwerna, 


Sagung pamuji pendherek, 


Kapitayan Amangkurat, 


Jroning kapti ngalap berkah, 


Semurup kawula Tarub, 


Trahing Ki Ageng Sela. 




5.


Dhandhanggula




Asma Gusti Raden Mas Sayiddin, 


Raja putra negari Mataram, 


Bagus winasis mentereng, 


Atmaja Sultan Agung, 


Ratu Batang sang prameswari, 


Tedhaking Hupasanta, 


Bupati misuwur, 


Juru Martani Ki Saba, 


Brawijaya Bondhan Kejawan siwi, 


Sela Nis Pemanahan. 




Urutane turun Majapahit, 


Wilwatikta adipati Tuban, 


Rasawulan Magribi Seh, 


Peputra Jaka Tarub, 


Nawangwulan putri Nawangsih, 


Lembu Peteng akrama, 


Asesunu sampun, 


Ki Ageng Getas Pendhawa, 


Wanasaba Sela Kasihan sumiwi, 


Leluhur kraton Jawa. 




Kyai Ageng Sela peputra Nis, 


Turun Kyai Ageng Pemanahan, 


Alas Mentaok pernahe,


Penjawi sabiyantu, 


Handayani Juru Martani, 


Tetruka Ngeksiganda, 


Pulung wahyu ndaru, 


Giring kanugrahan degan, 


Gagak emprit Senapati wus inganggit, 


Danang Sutawijaya. 




Nata mbahu dhendha nyakrawati, 


Raja ber budi bawa laksana, 


Lenggah ing kedhaton Plered, 


Sri Amangkurat Agung, 


Wus sumare ing Tegalwangi, 


Sembada wirotama, 


Sugih bandha bandhu, 


Ambeg adil paramarta, 


Seger bener kober bleger pinter becik, 


Paring tepa tuladha. 




Sunan Amangkurat Tegalwangi, 


Narendra gung Karaton Mataram, 


Lir ganda mlathi  rinonce, 


Angambar wangi arum, 


Wulang wuruk ing Tanah Jawi, 


Lumantar Wali Sanga, 


Gancar mbabar kawruh, 


Wiwit Kraton Demak Pajang, 


Mandhegani murih basuki lestari, 


Karya wosing Wejangan. 




Prameswari nata kaping siji, 


Kanjeng Ratu Mas ing Surabaya, 


Guyub rukun gandheng renteng, 


Pangeran Pekik sunu, 


Wandansari putri Mentawis, 


Wasis manis kawentar, 


Rayi Sultan Agung, 


Apeputra Raden Rahmat, 


Amangkurat Amral anglintir tumuli, 


Kartasura Diningrat. 




6.


Kinanthi




Kawentar ing Banjarmangu, 


ingon ingon kebo sapi, 


Kewan iwen bebek ayam, 


Menthok trowelu kelinci, 


Sakathahing rajajaya, 


Keplek ilat enak gurih. 




Amangkurat Tegalarum, 


Garwa Ratu Wiratsari, 


Putra Pangeran Kajoran, 


Tedhak turun Jaka Tingkir, 


Benawa karaton Pajang, 


Kasusra diddaya sekti. 




Joko Kahiman satuhu, 


Titis wasis samukawis, 


Atmaja Sunan Prawata, 


Kinen jumeneng Bupati, 


Pangarsa tlatah Banyumas, 


Dhawuh raja Jaka Tingkir. 




Kusuma rembesing madu, 


Amangkurat Tegalwangi, 


Anggarwa Ratu Kencana, 


Raden Drajat Banyumanik, 


Sinuwun Paku Buwana, 


Atmaja narpa Mentawis. 




Suwita Pangeran Lambung, 


Miyos saking Banjarmasin, 


Ndherek Sunan Amangkurat, 


Milangkori tanah Jawi, 


Gya nami Lambung Mangkurat, 


Lestari dadya priyayi. 




7.


Mijil




Narendra kagungan emas picis, 


Tlatah sisih kulon, 


Amemangun kedhaton Pamase, 


Banjar Petambakan amemetri, 


Dayane hartati, 


Jeng Ratu Serayu. 




Bupati Banjarmangu makarti, 


Manunggal gumolong, 


Cipta rasa karsa karya gedhe, 


Linambaran pakarti pekerti, 


Banyumas sejati, 


Lila guyub rukun. 




Ngalami jaman kencana rukmi, 


Amangkurat katong, 


Sentana punggawa jero beteng, 


Bumiayu kawula negari, 


Banjar tunggal kapti, 


Amrih sami makmur. 




8.


Gambuh




Boga wastra sadarum, 


Sunan Amangkurat Tegalarum, 


Waras wasis wisma laras laris manis, 


Banjarmangu manggih rahayu, 


Katon maton tanggap tanggon. 




Bangunan saka kayu, 


Ing pangajab pikantuk rahayu, 


Amangkurat Kanjeng Ratu Wiratsari, 


Banyumas tambah ngrembuyung, 


Suka gembira rinaos. 




Gambireng tyas rahayu, 


Tukang mlaku  dagang layar payu, 


Juru tani taliti gemi nastiti, 


Amangkurat paring dhawuh, 


Darapon tumanja awoh. 




9.


Pangkur




Banjarnegara winarna, 


Wonosobo Temanggung ugi, 


Purbalingga


Sumberpucung, 


Sokaraja Banyumas, 


Gandrungmangun Amangkurat gya ambangun, 


Kulonprogo Pemalang, 


Kendal Batang Tegal Slawi. 




Pabrik trasi Lasem Rembang, 


Pirang pirang kondhang belah pesisir, 


Wegig pelabuhan laut, 


Amangkurat mranata, 


Kanjeng Ratu kersa udhu bahu suku, 


Pasaran manca negara, 


Dugi Samudra Pasai. 




Sampun kocap pabrik kecap, 


Madeg jejeg mapan neng Purwodadi, 


Kedhele Ngawi Madiun, 


Tuban Lamongan Blora, 


Ponorogo Blitar Nganjuk Tulungagung, 


Trenggalek Sragen Pacitan, 


Bojonegoro Kediri. 




Bupati Banjarnegara, 


Golong gilig arsa mbangun negari, 


Dhawuh Amangkurat Agung, 


Nuhoni Ratu Kencana, 


Mrih rahayu iline kali Serayu, 


Angocori sawah sawah, 


Tela pohung jagung pari. 




Pelabuhan Tanjung Perak, 


Amangkurat anggagas Surabangi, 


Ternate Bugis Maluku, 


Tidore Bali Banjar, 


Deli Serdang Palembang Bangka Belitung, 


Cirebon Banten Sumedang, 


Lampung Siak Indragiri. 




10.


Asmarandana




Banjarmangu milangeni, 


Jiwa Banjar Petambakan, 


Tekat waja wegig rame, 


Rinumpaka rinakit anggit rinacik, 


Seger sumyah dhawet ayu, 


Timbangane ngelih ngelak. 




Kanjeng Ratu Wiratsari, 


Prameswari Amangkurat, 


Yasa Kedhaton Pamase, 


Banjarmangu Purbalingga, 


ing Lesmana Ajibarang, 


Mahargya Ratu Serayu, 


Kadang tani among dagang. 




Dumugi Rembang pesisir, 


Pelabuhan dagang layar, 


Selat Malaka Tamasek, 


Banjar Aceh Deli Serdang, 


Ternate Bugis Makassar, 


Tidore Ambon Maluku, 


Cirebon Banten Pasundan. 




Kawentar bakul martabak, 


Raos eca warung Tegal, 


Soto seger bumbu sate, 


Banjarmangu Petambakan, 


Lelana dodol panganan, 


Regane murah misuwur, 


Pasugatan kang prasaja. 




11.


Pucung




Dhawet ayu tuku aneng Banjarmangu,


Banjar Petambakan, 


Banjarnegara nyekseni, 


Prameswari nata agung binathara. 




Tlatah timur tani dagang tambah makmur, 


Probolinggo Malang, 


Pasuruan Jombang Gresik, 


Amangkurat narendra gung mider ing rat. 




Alun alun papan amba kebak purun, 


Aneng Purwakerta, 


Among dagang laris manis, 


Amangkurat paring cahya kang sumirat. 




Tani maju perenging gunung Semeru, 


Malang Pasuruan, 


Probolinggo Banyuwangi, 


Situbondo lumajang Jember weh terang. 




Gunung Lawu sanana mesu lelaku, 


ing Kali Ketangga, 


Amangkurat tapa ngeli, 


Sri narendra tarak brata lara lapa. 




12.


Megatruh




Sarwa luhur Banjarmangu pancen subur, 


Kabawah kraton Mentawis, 


Raja Amangkurat Agung, 


Sarta Ratu Wiratsari, 


Pura Pamase mencorong. 




Manggis dulu seger buger padha tuku, 


Bener cocok enak gurih, 


Angrembuyung pereng gunung, 


Suka lila kadang tani, 


Tandur subur aweh awoh.




Banjar Petambakan urut gunung patut, 


Banyu mili aneng kali,


Gunung Diyeng margi hayu, 


Marembes ing tegal sabin,


Gemah ripah jinawi loh. 




13.


Pucung




Desa gunung seni tumangkar ngrembuyung, 


Banjar Petambakan, 


Kanjeng Ratu Wiratsari, 


Amangkurat nata agung hayuningrat. 




Laris payu pakaryan pereng Serayu, 


Warga pegunungan, 


Gumelem tansah makarti, 


Setya darma labuh labet marang praja. 




Banjarmangu sampun nyumbang bahu suku, 


Tumraping bebrayan, 


Gotong royong tandang kardi,


Suka lila ngesti mulya tata praja. 




14.


Kinanthi




Dhawet ayu Banjarmangu, 


Kinclong kinclong sarwa bening, 


Kanjeng Sunan Amangkurat, 


Sesarengan prameswari, 


Nyawang gunung Slamet endah, 


Banjarnegara marsudi. 




Pasir wukir panjang punjung, 


Kawula praja Mentawis, 


Amangkurat kalokengrat, 


Kanjeng Ratu Wiratsari, 


Ngudi dagang pelayaran, 


Lumampah pambelah gisik. 




Banjarnegara andulu, 


Jangkah jangkaning ngaurip, 


Timbang anut ing kabisan,


Among dagang juru tani, 


Suwita marang negara, 


Nara praja lan prajurit. 




15.


Pangkur




Tekan Banjar Petambakan, 


Papan sumber emas kencana rukmi, 


Nata Amangkurat Agung, 


Wiratsari kang garwa, 


Paring dhawuh mrih Banyumas wutuh tangguh, 


Kuwat drajat pangkat semat, 


Sugih bandha bandhu budi. 




Bregada jurit samudra, 


Pilih tanding madyaning jalanidhi, 


Mundhut piranti perahu, 


Nadyan reregan larang, 


Reksa laut suradhadhu baut patut, 


Silem gladhening layaran, 


Prigel trampil olah warih. 




Ngedhep mantep sade boga, 


Rega murah nanging rasane gurih, 


Grapyak penak kehing bakul, 


Mersudi arta daya,


Bisa untung Banjarmangu ngerti petung, 


Tuna santak bathi sanak, 


Banjarmangu tliti gemi. 




16.


Pucung




Banjarmangu wilayah wangsul dinangu, 


Temanggung Magelang, 


ing Pemalang Tegalwangi, 


Amangkurat mandhegani sagung rakyat. 




Ing Serayu kali ayu lan rahayu, 


Sunan Amangkurat, 


Tapa kungkum tapa ngeli, 


Mesu jiwa anoraga cipta rasa. 




Numpak prahu tengah laut sigra laju, 


Aneng pelabuhan, 


Rumeksa wadya prajurit, 


Tata bala olah gelaring samudra. 




Jamak lamun pra leluhur anenuntun, 


Banjarmangu Tegal, 


Mula solahing pambudi, 


Paripurna teteg ajeg amakarya. 




17.


Sinom




Garwa dalem Amangkurat, 


Kanjeng Ratu Wiratsari, 


Katelah Ratu Kencana, 


Tedhak turun Jaka Tingkir, 


Nyata putri linuwih, 


Sinebut Ratu Serayu, 


Mbangun nagri Mataram, 


Gemah ripah loh jinawi, 


Purwokerto menyang Banjar Petambakan. 




Tata praja ing negara, 


Ngasta permana permati, 


Kanjeng Sunan Amangkurat, 


Ngereh sagung adipati, 


Wetan kulon pesisir, 


Laladan samudra kidul, 


Winengku tata cara, 


ingukir lendheping pikir, 


Pra kawula cukup sandhang wisma boga. 




Sinau dagang layaran,


Gulawenthah jalanidhi, 


Papan Bumiayu  Tegal, 


Kawentar laut bahari, 


Angrengga papan gisik,


Apadene gethek prahu, 


Pirantine wisata, 


Sesawangan kinclong asri, 


Amangkurat wus ambangun kalokengrat. 




18.


Maskumambang




Bungah susah yekti gawane ngaurip, 


Banjarnegara winarah, 


Mersudi luhuring budi, 


Suwita Kraton Mataram. 




Abdi dalem sampun tampi dana dhuwit, 


Bungah turah arta daya,


Marem ayem jroning kapti, 


Narendra nyata sembada. 




Tlatah Banjarmangu njajah desa milangkori, 


Gerbang lawang nusantara, 


Dugi Samudra Pasai, 


Temasek Banjar Malaka. 




19.


Durma




Tuking rukmi warta Banjar Petambakan, 


Rajabrana mas picis, 


Sumber penghasilan, 


Tumrap praja Mataram, 


Mbudidaya Sri Wiratsari, 


Sri Amangkurat, 


Mersudi pala karti.




Gunung Kendheng gunung Renteng gunung Pandhan, 


Sumbering minyak bumi, 


Mubal lenga patra, 


Temayang Jepun Tuban, 


Lumaku budidaya nuli, 


Cerak bengawan, 


Tilel sakehing bathi. 




Nyambut gawe tandang karya kehing jalma, 


Lumaku wira wira, 


Ing sadhengah papan, 


Pamrihe kasembadan, 


Tata titi gilir gumanti, 


Ndherek pernatan, 


Bebrayan hayu lestari. 




19.


Gambuh




Banjarmangu lumaku, 


Dumalidir tani dagang payu, 


Payung agung ngrembuyung rejeki, 


Amangkurat Tegalarum, 


Pepundhen mangka pengayom. 




Papan kidul pununjul, 


Gunung Slamet agung kaya payung, 


Ambawahi wilayah Banyumas kang peni, 


Amangkurat terus ambangun, 


Sigrak gumyak gotong royong. 




Tambah makmur sempulur 


Minyak tanah mapan ing sumur bur, 


Kanan kiri tanem tuwuh kayu jati, 


Perkutut ocehing patut, 


Prabeya praja gumrojog. 




Patut mbangun miturut, 


Garap runtut wekasane urut, 


Ngati ngati kinarya tepa palupi, 


Wedharane ngelmu laku, 


Banjarnegara kelakon. 




22.


Pangkur




Banjarnegara prasaja,  


Angrumpaka kabudayan inganggit, 


Tapa ngeli tapa kungkum, 


Gunung Slamet kinarya, 


Alelaku amrih lantip jroning kalbu, 


Minangka abdi narendra, 


Darma bakti nusa bangsa. 




Jeng Pangeran Kajor kocap, 


Sentana kang sugih inten mas picis, 


Bandha bandhu tanah mbrewu, 


Tedhak Pangeran Benawa, 


Wus misuwur trah Pajang kang makmur, 


Wiratsari ingkang putra, 


Ginarwa Sri Tegalwangi. 




Kutha praja Kartasura, 


Amangkurat Amral titi patitis, 


Tumpuk undhung mas jumerut, 


Mangka bandha negara, 


Sami udhu lumintu sajuru juru, 


Juru tani among dagang, 


Untung bathi mbanyu mili. 




22.


Dhandhanggula




Guru bangsa mbabar wiyatadi, 


Kawentar Pangeran Karanggayam, 


Saking wilayah Kebumen, 


Pituduh barang kawruh, 


Paugeran tata negari, 


Peprentahan bebrayan, 


Pandoming pandulu, 


Jeng Sultan Hadiwijaya, 


Paring dhawuh murih rahayu lestari,  


Pujangga Kraton Pajang. 




Ludruk kentrung kethoprak wigati, 


Wayang gamelan terus ngembaka, 


Joged tembang mekar gedhe, 


Jathilan reyog tayub, 


Jaran kepang sigrak ngangeni, 


Kawula gambireng tyas, 


Ayem guyub rukun, 


Tontonan tuntun tatanan, 


Guna seni aweh seneng saben jalmi, 


Warata saknegara.




Banjar Petambakan tandang kardi, 


Sakparan paran sami bakulan, 


Gumreget gumregah rame, 


Padha sengkut gumregut, 


Bumiayu Brebes marsudi, 


Angrampungi pakaryan, 


Temen bakal temu, 


Sembada ingkang kajangka,


Siyang ratri ngupaya lelana dhiri, 


Temah awoh kamulyan.




23.


Pangkur




Kaloka Sri Ratu Batang, 


Ing Mataram minangka prameswari, 


Garwanipun Sultan Agung, 


Miyos Sri Amangkurat, 


Sampun purun tlatah Banyumas binangun, 


Narendra gung binathara, 


Mbahu dhendha nyakrawati. 




Manggih jaman keemasan, 


Kanjeng Sunan Amangkurat mersudi, 


Sinartan Ratu Serayu, 


Mranata pra kawula, 


Gancar lancar urip urup subur makmur, 


Cekap cukup cukap cakap, 


Enjang sonten siyang ratri. 




Banjarmangu mbudidaya, 


Darma bakti sarana purun ngrukti,


Warisan ingkang kapungkur, 


Kadya sejarah babad, 


Asih asuh asah sihing tedah tuduh, 


Tumraping warga bebrayan, 


Wusnya dangu angleluri. 




24.


Kinanthi




Lumaksana Banjarmangu, 


Toya rumembes amili,


Bebek menthok banyak ayam, 


Menda kuda kebo sapi, 


Gemrayah alambah kathah,


Angayom Kraton Mentawis. 




Kanjeng Ratu Mas Serayu, 


Pinilih putri linuwih, 


Atmaja Joko Kahiman, 


Hupasanta  malakrami, 


Miyos Kanjeng Ratu Batang, 


Sultan Agung ing Mentawis. 




Nata Kanjeng Sultan Agung, 


Amangkurat Tegalwangi, 


Amangkurat Amral, 


Paku Buwana siji, 


Sunan Amangkurat Emas, 


Sinuwun Mangkurat Jawi. 




Prayogane murid guru, 


Sami kersa amastuti, 


Dhawuhe para sarjana, 


Sujana budi winasis, 


Ajaran Sri Amangkurat, 


Sumare ing Tegalwangi. 




25.


Dhandhanggula




Banjarmangu kinarya palupi, 


Labuh labet raja Amangkurat, 


Yasa Kedhaton Pamase, 


Sayekti tangguh ampuh, 


Mbangun jaman kencana rukmi, 


Lesmana Ajibarang, 


Pancurendhang mancur, 


Emas picis rajabrana, 


Bandha bandhu budi linangkung utami, 


Kanjeng Ratu Kencana.




Kanjeng Panembahan Senapati, 


Paring tuladha kagem wong Jawa, 


Aneng dhatulaya bale, 


Ganti Sinuwun Prabu , 


Nyakrawati wus menggalih, 


Murih bagya minulya , 


Kagem anak putu, 


Lumaksana gya makarya, 


Gemi tliti ngati ati barang kardi, 


Amangkurat Mataram. 




Sampun kondhang pertiwi wiyati,


Banjar Petambakan


Nggenya purna karya, 


Sepi pamrih rame gawe, 


Guna kaya lan purun, 


Karya conto Raden Sumantri, 


Kamot serat tripama, 


Wacan becik tugu, 


Kagem punggawa negara, 


Kumbakarna Bupati Ngawangga ugi, 


Lahir batin suwita.




26.


Maskumambang




Banjarnegara wus sami anekseni,


Kawula praja Mataram, 


Pinanggih wibawa mukti, 


Widada suka gembira. 




Panjang punjung gemah ripah loh jinawi, 


Ayem tentrem karta harja, 


Amangkurat Tegalwangi, 


Negara arum kuncara. 




Banjarmangu nyata


sarwa becik, 


Wilayah ingkang kawentar, 


Amangkurat Tegalwangi, 


Kinarya tepa tuladha. 




27.


Gambuh




Sowan ing Banjarmangu, 


Tani maju dagang bakul payu, 


Mandhegani Amangkurat Tegalwangi 


Ngupakara mas jumerut, 


Brebes bandha ber gumrojog. 




Banjarmangu miturut, 


Pikir runtut urut pantes patut, 


Pinandhegan Amangkurat prameswawi, 


Ratu Mas Ratu Serayu, 


Kawulane gendhon rukon. 




Banjarnegara kayun,


Tanah manca kabeh dha kayungyun, 


Bumi Plered endah asri milangeni, 


Tlatah Bantul cahya mantul, 


Gumreget gregah gumolong. 




Banjarmangu anggayuh, 


Datan lumuh nrajang kehing kewuh, 


Binarunging Sultan Pajang Senapati, 


Mumbul unggul ing pinunjul, 


Bumi ing Alas Mentaok. 




Banjarmangu sadarum,


Pandam pandom pandulune pandum, 


Ngestu pada raja putra ing Mentawis, 


Urun bahu suku lan panemu, 


Sopan santun andhap asor. 




28.


Pucung




Desa gunung gotong royong lung tinulung, 


Dhawuh Amangkurat, 


Kanjeng Ratu Wiratsari, 


Mbahu dhendha nyakrawati pra kawula. 




Pucuk gunung mesu budi bisa dunung, 


Dalan kebecikan,


Sri Mangkurat Tegalwangi, 


Sung tuladha tumrap jalma tanah Jawa. 




Jeng Sinuwun amaringi sawabipun, 


Tumrap putra wayah, 


Boga wastra wisma wasis,


Bagas waras panjang yuswa laris laras. 




Murid guru Banjarmangu amituhu, 


Wignya jaman kuna, 


Kababar mawa tinulis, 


Padhang terang wedharan sastra piwulang.




Banjarmangu suka sukur weh rahayu, 


Widada wibawa, 


Gemah ripah loh jinawi, 


Panjang punjung pasir wukir karta harja. 




29.


Mijil 




Mangkurat Banjarnegara sekti, 


Santun andhap asor, 


Tapa brata sumarah sumendhe, 


Jiwa agung budi luhur welas asih, 


Bandha bandhu sugih, 


Kajad kayat kayun.




Banjarnegara binangun binangun becik, 


Ayem lahir batos,


Wastra wisma waras wasis sae, 


Kawula karang padesan gya makarti, 


Pinter rikat trampil, 


Cakap cakep cukup. 




Yogyanira para siswa siswi, 


Darapon sumorot, 


Sumunar terang padhang prabane, 


Sungkem Mangkurat Banjarnegari, 


Aneng Tegalwangi, 


Pajimatan arum. 




30.


Maskumambang




Amangkurat Banjarnegara patitis,


Olah kridha tata praja, 


Asih mring kawula dasih, 


Hambeg ageng kasudarman. 




Mangkurat Banjarnegara sung palupi,


Mangka narendra utama, 


Kondhang saindhenging bumi, 


Kajen keringan sesama. 




Budi luhur Mangkurat Banjarnegari,


Kawula praja Mataram, 


Setya sungkem darma bakti, 


Ngalap berkah sri narendra. 


Purwadi, 

Ketua Lokantara


BABAD WONOSOBO


Purwadi, 

Ketua Lokantara


A. Wedharan Ki Ageng Wonososobo


Pada tanggal 9 Pebruari 2026 diadakan acara budaya. Bertempat di pawiyatan kabupaten Wonosobo. Para budayawan dan dwijatama berkenan hadir. Rembug seni edi peni, budaya adi luhung. 


Ajaran Ki Ageng Wonosobo penuh dengan keluhuran. Berakit-rakit ke hulu, berenang-renang ke tepian, bersakit-sakit dahulu bersenang-senang kemudian. Nasihat ini perlu dicamkan oleh setiap orang. Jangan sampai congkak setelah jadi orang besar. Harus ingat asal usul. Orang tirakat sungguh tajam mata batinnya. 

Usaha untuk mewujudkan kesejahteraan yang sempurna dilakukan oleh Ki Ageng Wonososobo dengan menjalankan meditasidi Gunung Sindoro. Harapannya agar masyarakat di lingkungan kabupaten Wonosobo mendapatkan kawibawan, kawidadan, kabagyan dan kamulyan awal akhir lahir batin.


Gunung Sindoro letaknya meliputi daerah kabupaten Wonosobo dan Temanggung. Berdiri kokoh bersebelahan dengan gunung Sumbing. Keduanya dari kejauhan tampak megah, gagah, indah, segar seperti layaknya gunung kembar. 


Dalam sejarahnya gunung Sindoro menjadi tempat bertapa Ki Ageng Wonosobo. Beliau merupakan sesepuh yang masih keturunan  kerajaan Majapahit. Gunung Sindoro dengan ketinggian 3155 m ini  terdapat  puncak Wanatirta yang wingit linuwih. Di sinilah Ki Ageng Wonosobo mahas ing ngasepi, anelasak wana wasa, turun ing jurang terbis. 


Upacara wilujengan yang dilakukan Ki Ageng Wonosobo bertujuan untuk memperoleh keselamatan, kedamaian dan ketentraman jagat raya. Ki Ageng Wonosobo beserta pendhereknya memberi sesaji dan uba rampe di kawah Sindoro. Tempatnya di desa Katekan, Ngadirejo. Sesaji ini dipersembahkan kepada arwah para leluhur.


Hutan Rasamala merupakan pohon besar yang berada di lereng gunung Sindoro. Misalnya pohon Walitis yang berada di Jetis Sela Panjang. Dulunya pohon Walitis ditanam oleh Ki Ageng Wonosobo. Pohon Walitis ini tingginya 30 m dengan garis tengah 8 m. Penanaman pohon Walitis oleh Ki Ageng Wonosobo ini bersama dengan Ki Ageng Makukuhan.


Ki Ageng Wonosobo adalah tokoh yang sakti mandraguna, kebak ngelmu sipating kawruh, putus ing reh saniskara. Kedudukan beliau dalam sejarah kabupaten Wonosobo sangat penting. 


Cikal bakal bibit kawit keberadaan daerah Wonosobo tak lepas dari jasa baik keturunan karaton Majapahit. Mereka adalah trahing kusuma rembesing madu, wijining atapa, tedhak andana warih.


Kabupaten Wonosobo sesungguhnya merupakan penerus kejayaan kraton Majapahit. Dalam lintasan sejarah kerajaan Majapahit adalah negeri yang besar, makmur, aman, damai, sejahtera lahir batin. Rajanya bernama Prabu Brawijaya V 1448-1478. Beliau adalah narendra gung binathara, mbahu dhendha nyakrawati, ambeg adil paramarta. 


Prabu Brawijaya V menikah dengan Ratu Wandan Kuning. Beliau putri Prabu Siliwangi, raja Pajajaran. Ketua panitia pernikahan dijabat oleh Raden Depok. Beliau pejabat kraton Pajajaran yang punya koneksi luas. 


Sedangkan walimatul ursy atau nasihat perkawinan dilakukan oleh Syekh Aling Achmad Magribi. Beliau ulama kerajaan Pajajaran yang masih punya hubungan geneologi dengan Husain bin Ali bin Abu Thalib. 


Dari pernikahan ini lahir Raden Bondan Kejawan atau Lembu Peteng. Sejak kecil Raden Bondan Kejawan diasuh oleh Syekh Mutahar Al Mukmin. Setelah dewasa Raden Bondan Kejawan dijodohkan dengan Dewi Nawangsih, putri Ki Ageng Tarub.


Pernikahan Raden Bondan Kejawan dengan Dewi Nawangsih disertai dengan upacara midodareni. Ki Ageng Tarub memasang bleketepe, tuwuhan, cengkir gadhing, pari saagem dan tebu wulung. 


Ini asal mula adat pernikahan Jawa. Mas kawin atau mahar diberikan dalam bentuk pusaka gong Kyai Sekar Delima dan Tombak Kyai Plered. Dari pernikahan Raden Bondan Kejawan dengan Dewi Nawangsih ini lahir tiga putra, yaitu Ki Ageng Wonosobo, Ki Ageng Getas Pendawa dan Nyi Ageng Ngerang.


Sebetulnya Ki Ageng Tarub merupakan anak dari Syekh Magribi. Ibunya adalah Dewi Rasawulan, putri Bupati Wilwatikta Tuban. Dengan demikian Ki Ageng Wonosobo itu cucu langsung Ki Ageng Tarub. Leluhur Ki Ageng Wonosobo termasuk pembesar kadipaten Tuban. 


Ki Ageng Tarub, dari jalur bapak, Ki Ageng Wonosobo cucu langsung raja Majapahit, Sinuwun Prabu Brawijaya V. Jadi Ki Ageng Wonosobo masih trahing kusuma rembese madu. Keturunan Raden Bondan Kejawan atau Lembu Peteng menjadi orang penting dalam sejarah Jawa. 


Tiga bersaudara selalu berperan dalam perjuangan kraton Demak Bintara, Pajang, dan Mataram. Keturunan Ki Ageng Wonosobo yang menonjol ditunjukkan oleh Ki Ageng Juru Martani. 


Keturunan Ki Ageng Getas Pendawa diperankan oleh Ki Ageng Sela, Ki Ageng Ngenis dan Ki Ageng Pemanahan. Sedang-kan Ki Ageng Ngerang diwakili oleh Ki Ageng Penjawi. Tokoh-tokoh itu namanya harum dalam silsilah Kerajaan Jawa. 


Nama kecil Ki Ageng Wonosobo adalah Syekh Ngab-dullah Al Akbar. Beliau tekun belajar, rajin tirakat. Suka menjalankan laku prihatin, lara lapa tapa brata. Pada malam Senin Wage selalu tapa kungkum dan tapa ngeli di Sungai Lusi Purwodadi. 


Kadang- kadang anelasak wanawasa, tumurun ing jurang terbis di gunung Kendheng Pati. Sekali tempo bertapa di Gunung Danaraja pada tahun 1485. Berkat lelakunya itu Ki Ageng Wonosobo atau Syekh Ngabdullah Al Akbar menjadi priyagung yang sakti mandraguna. Ditombak mendat, jinara menter.


Tibalah saatnya Ki Ageng Wonosobo menikah dengan Dyah Plobowangi, putri Demang Selomerto. Kediaman Dyah Plobowangi ini terkenal dengan sebutan Plobangan Selomerto. Alangkah bahagianya Ki Demang Selomerto. 


Putri tunggalnya disunting oleh priyagung yang punya derajat keturunan tinggi. Bobot bibit bebet sungguh mengagumkan. Nama Tarub, Tuban dan Majapahit tersohor di tingkat internasional. Ki Demang Selomerto merasa mendapat durian runtuh, kebanjiran segara madu, kejugrugan gunun sari.


Demang Selomerto merasa sudah lanjut usia. Pada tahun 1487 menyerahkan harta benda kepada Dyah Plobowangi. Perkebunan teh disepanjang lereng gunung Dieng berhasil memuaskan. Perkebunan tembakau di kaki gunung Sundara Sumbing menghasilkan untung yang besar. Peternakan sapi di sekitar aliran kali Serayu berkembang baik dan rapi. 


Warisan Demang Selomerto ini otomatis diberikan oleh Dyah Plobowangi. Aneka ragam perusahaan ini menyerap tenaga kerja. Masyarakat turut menikmati. Ditambah lagi sifat ramah Ki Ageng Wonosobo.


Beliau terkenal sebagai pendidik. Padepokan yang berdiri di daerah Plobangan Selomerto didatangi siswa dari segala pelosok Nusantara. Genap tiga tahun lamanya peguron Plobangan Selomerto telah berhasil mendirikan gedung dan fasilitas belajar mengajar yang memadai.


Atas usul Ki Demang Selomerto, daerah yang selama ini dipimpin dinamakan Wonosobo. Berarti darma bakti dan perjuangan Ki Ageng Wonosobo sangat didukung oleh mertua dan istrinya. Kademangan Wonosobo makin maju. 


Suatu saat Kanjeng Sultan Syah Alam Patah Jimbun Sirullah I atau Raden Patah, raja Demak Bintara hadir di Kademangan Wonosobo. Melihat kemajuan dan kemakmuran, raja Demak Bintara ini amat senang. Dengan resmi Kademangan Wonosobo pada tanggal 25 Mei 1489 ditetapkan menjadi Kabupaten Wonosobo.


Begitulah berdirinya kabupaten Wonosobo yang mendapat dukungan luas. Seluruh rakyat bergembira ria. Keluarga besar Demang Selomerto siap sedia untuk memberi bantuan harta benda. Dyah Plobowangi menjadi istri yang setia. 


Status Kabupaten Wonosobo waktu itu masih dalam pembinaan kerajaan Demak Bintara. Wajar sekali pendirian daerah pemekaran harus diampu oleh kekuasaan induk. Posisi itu tetap berlangsung setelah bergesernya kekuasaan dari Demak, Pajang, Mataram dan Kraton Surakarta Hadiningrat. 


Jasmerah, jangan sekali-sekali meninggalkan sejarah. Sesanti luhur ini sangat dihayati oleh masyarakat kabupaten Wonosobo. Perjuangan Ki Ageng Wonosobo dijadikan semangat untuk melakukan pembangunan di era sekarang dan dipakai untuk menerawang kehidupan masa mendatang.


B. Ki Ageng Wonosobo Mesu Budi di Alas Rasamala 


Daya linuwih yang diperoleh Ki Ageng Wonosobo berkat meditasi spiritual yang dilakukan di Alas Rasamala. Ki Ageng Wonosobo memang priyagung yang menguasai unggah-ungguhing basa, kasar alusing rasa, jugar genturing tapa. Alas Rasamala ini memiliki pohon warisitis yang tak mempan oleh kobaran api.


Sinom


Anelasak wana wasa

tumurune jurang terbis

kang ri bandhil bebondhotan

ginubet penjalin cacing

wauta sang apekik

gumregut sangsaya sengkut

sayekti datan nyipta

pringga banyuning wanadri

apan nyata satria trah witaradya.


Sinom ini memberi gambaran tentang tekad satria utama yang gigih berjuang. Dia tidak takut oleh mara bahaya ditengah hutan. Ajaran kebaikan selalu dijunjung tinggi. Alas Rasamala yang digunakan sebagai tempat meditasi Ki Ageng Wonosobo terkenal sebagai wana gung liwang-liwung, gawat kaliwat-liwat, angker kepati-pati.


Tokoh Ki Ageng Wonosobo dalam masyarakat terkenal sebagai pribadi yang ramah tamah, luhur ing budi, sopan santun. Dalam kehidupan sehari-hari beliau berusaha untuk amemangun karyenak tyasing sesama. Tak mengherankan bila tua muda, pria wanita menaruh rasa hormat.


Sumbangan Ki Ageng Wonosobo kepada Kerajaan Demak Bintara besar sekali. Setiap kali pisowanan agung di Pendopo kraton Demak Bintara, Ki Ageng Wonosobo kebagian membawa teh. Upacara Grebeg Maulud, Grebeg Syawal dan Grebeg Besar memerlukan makanan dan minuman dalam jumlah besar. 


Konsumsi minuman menjadi jatah Wonosobo. Lauk pauk dan bumbu menjadi tugas Demang Lasem Rembang. Beras ketan dipasok oleh Bupati Pengging. Semangat Wonosobo ini mendapat pujian dari Kanjeng Sunan Kalijaga, Guru Suci ing Tanah Jawi. Ki Ageng Wonosobo termasuk murid kinasih Kanjeng Sunan Kalijaga di Kadilangu.


Pembangunan Masjid Agung Demak Bintara tahun 1492 juga mendapat sumbangan dari Ki Ageng Wonosobo. Lewat keuangan sang istri, Dyah Plobowangi, beliau membeli kayu jati dari Cepu. Juru ukir dari Jepara didatangkan. Marmer dari Tulungagung pun diborong. Semua dengan kualitas terbaik. Biaya transportasi dan akomodasi ditanggung oleh Dyah Plobowangi. 


Tentu saja Sultan Demak Bintara menjadi semakin dekat. Bahkan Ki Ageng Wonosobo tak segan-segan menyumbang lembaga pendidikan yang dikelola Dewan Wali Sanga. Beliau adalah Sunan Ampel, Sunan Giri I, Sunan Murya, Sunan Bonang, Sunan Drajad, Sunan Gunung Jati, Sunan Kudus, Sunan Mojoagung dan Sunan Kalijaga. Dengan selamat sentosa Ki Ageng Wonosobo dan Dyah Plobowangi berhasil membina rumah tangga. Tuhan memberi anugerah putra putri yang unggul. 


Masyarakat menyebut Syekh Ngabdullah Al Akbar dengan gelar Ki Ageng Wonosobo I. Beliau memerintah tahun 1489-1529. Kemudian dilanjutkan Ki Ageng Wonosobo II tahun 1529-1540. Lalu Ki Ageng Wonosobo III tahun 1540-1582. Ki Ageng Wonosobo III memiliki putra putri hasil pernikahan dengan Rara Janten. Keempat putranya yaitu Nyai Ageng Lawih, Nyai Ageng Manggar, Ki Ageng Juru Martani dan Nyai Ageng Sabinah. Putri sulungnya Nyai Ageng Lawih menikah dengan Arya Pangiri, Bupati Glagahwangi. Nyai Ageng Manggar menikah dengan Ki Ageng Giring. Juru Martani menjadi penasihat utama kerajaan Mataram. Nyi Ageng Sabinah menikah dengan Ki Ageng Pemanahan.


Pada periode ini keturunan Ki Ageng Wonosobo menda-pat kesempatan emas dalam pentas kesejarahan. Masing-masing berperan aktif dan memberi sumbangan tenaga, pikiran, harta, benda. Nyai Ageng Lawih yang menjadi istri Bupati Glagahwangi memiliki usaha pelayaran. Beliau wanita karier yang kaya raya. Perusahaannya bermarkas di Banyumanik Semarang. 


Perdagangan ekspor impor mendatangkan keuntungan berlipat ganda. Beliau memberi biaya belajar kepada pemuda Wonosobo. Mereka dikirim ke Kasultanan Samudra Pasai untuk belajar ilmu maritim tahun 1562. Setelah lulus mendapat pekerjaan di pelabuhan Tanjung Emas. 


Berbeda dengan kakaknya, Nyi Ageng Manggar menjadi istri Ki Ageng Giring. Beliau memiliki usaha agrobis di sepanjang Kali Serayu. Perusahaannya khusus dalam bidang budi daya kelapa. Mulai dari bumbu masak, minyak goreng dan kerajinan sapu lidi serta kesed. Nyi Ageng Manggar orang terpandang. Tetapi Ki Ageng Giring lebih tertarik pada dunia spiritual. Beliau kerap tapa ngidang dan tapa ngrame. Maka Ki Ageng Giring ter-masuk jalma limpat seprapat tamat, waskitha ngerti sakdurunge winarah.


Berkat usahanya itu Ki Ageng Pemanahan mendapat wahyu keprabon dengan minum degan klapa ijo. Nak tumanak run tumurun menjadi raja tanah Jawa. Ki Ageng Juru Martani berjasa pada kerajaan Pajang. Peperangan dengan Arya Penang-sang harus dengan strategi yang jitu. Atas usul Ki Ageng Juru Martani, Danang Sutawijaya unggul dalam pertempuran. 


Sultan Hadiwijaya atau Joko Tingkir berkenan memberi dua pusaka sakti, yaitu gong Kyai Sekar Delima dan Tombak Kyai Plered. Gong Sekar Delima bila ditabuh akan menyebabkan seseorang menjadi sehat, kuat dan bersemangat. Tombak Kyai Plered ampuhnya bukan main. 


Ujung tombak Kyai Plered adalah zat kimia beracun. Terkena tusukan tombak Kyai Plered sulit disembuhkan. Maklum dua pusaka itu warisan Prabu Brawijaya V, raja Majapahit. Putra Wonosobo yang diwakili Ki Juru Martani menunjukkan orang pintar dan berwibawa.


Kini Rara Sabinah yang diambil istri Ki Ageng Pemanah-an. Beliau adalah wanita yang gentur tapane mateng semedine. Dari rahim guwa garbanya itu lahir Danang Sutawijaya atau Ngabehi Loring Pasar. Kelak menjadi raja Mataram pertama, Kanjeng Panembahan Senopati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panetep Panatagama. 


Dengan begitu kerajaan Mataram didirikan oleh keturunan langsung Ki Ageng Wonosobo. Rara Sabinah menjadi ketua protokol istana kerajaan Pajang. Beliau yang mengatur jadwal agenda kerja Sultan Hadiwijaya. Hubung-an Rara Sabinah dengan Raja Pajang begitu dekat. Kedekatan ini berguna untuk membimbing Panembahan Senopati saat memimpin Mataram tahun 1584-1601.


Peran keturunan Wonosobo di kerajaan Mataram pasca Panembahan Senopati tetap dominan Prabu Hadi Hanyokrowati memerintah tahun 1601-1613. Putra Ki Ageng Juru Martani berperan sebagai Perdana Menteri Mataram. Namanya Patih Mandaraka. Demi menduduki jabatan penting, Patih Mandaraka pernah belajar di kota Tamasek Singapura tahun 1605.


 Beliau belajar sistem maritim, manajemen pelayaran, diplomasi inter-nasional, dan kesusasteraan Melayu. Studi banding ini dilakukan untuk mengetahui kultur Melayu yang berjumlah besar di kawasan Nusantara. Kegiatan ini diikuti oleh para generasi muda di Wonosobo. Mereka utusan dari Kabupaten Wonosobo yang direlokasi ketat. Tenaga trampil, dilatih dan dididik di kancah internasional.


Perjuangan leluhur kabupaten Wonosobo pantas men-jadi tepa palupi bagi generasi muda. Kawidadan, kawibawan, kamulyan lan karaharjan diwariskan turun temurun. Kejayaan, kemakmuran dan keemasan Kabupaten Wonosobo terus dilaku-kan oleh para pemimpin dan rakyat. Itulah konsep manunggaling kawula Gusti. 


Oleh karena itu sudah sepantasnya apabila masyarakat Wonosobo yag terada di sekitar gunung Sindoro menjai9dkan Ki Ageng Wonosobo sebagai panutan agung. Warisan spiritual Ki Ageng Wonosobo diuri-uri murih lestari.  


C.  Warisan Spiritual Ki Ageng Wonosobo


Dalam kehiduan sehari-hari Ki Ageng Wonosobo mengajarkan kehidupan yang penuh dengan kesahajaan, keteladanan, dan keutaman. Ajaran luhur ini dihayati oleh generasi berikutnya. 


Kinanthi 


Padha gulangen ing kalbu, 

ing sasmita amrih lantip, 

aja pijer mangan nendra, 

kaprawiran den-kaesthi, 

pesunen sariranira 

cegah dhahar lawan guling.


Dadiya lakunireku, 

cegah dhahar lawan guling, 

lan aja kasukan-sukan, 

anganggowa sawatawis, 

nora wurung ngajak-ajak, 

satemah nular ing batin.


Para pemimpin kabupaten wonosobo memberi apresiasi yang besar atas sikap yang bijaksana. Misalnya para bupati yang memimpin Wonosobo dengan menjunjung tinggi wulangan, wejangan, wedharan luhur. 


1. Tumenggung Adipati Wonosobo I, 1489-1529. Dilantik pada jaman kerajaan Demak Bintara. Rajanya Raden Patah. 


2. Tumenggung Adipati Wonosobo II, 1529-1540. Dilantik pada jaman kerajaan Demak Bintara. Rajanya Adipati Unus. 


3. Tumenggung Adipati Wonosobo III, 1540-1582. Dilantik pada jaman kerajaan Demak Bintara. Rajanya Sultan Trenggono. 


4. Tumenggung Adipati Wonosobo IV, 1582-1507. Dilantik pada jaman kerajaan Pajang. Rajanya Sultan Hadiwijaya. 


5. Tumenggung Adipati Monconagoro I, 1607-1647. Dilantik pada jaman kerajaan Mataram. Rajanya Prabu Hadi Hanyakwati. 


6. Tumenggung Adipati Monconagoro II, 1647-1670. Dilantik pada jaman kerajaan Mataram. Rajanya Amangkurat Tegal Arum. 


7. Tumenggung Adipati Monconagoro III, 1670-1699. Dilantik pada jaman kerajaan Mataram. Rajanya Amangkurat Tegal Arum. 


8. Tumenggung Adipati Monconagoro IV, 1699-1712. Dilantik pada jaman kerajaan Mataram. Rajanya Amangkurat Amral. 


9. Tumenggung Adipati Monconagoro V, 1712-1728. Dilantik pada jaman kerajaan Mataram. Rajanya Paku Buwana I. 


10. Tumenggung Adipati Wonokusumo I, 1728-1750. Dilantik pada jaman kerajaan Mataram. Rajanya Paku Buwana II. 


11. Tumenggung Adipati Wonokusumo II, 1750-1790. Dilantik pada jaman kerajaan Surakarta. Rajanya Paku Buwana III. 


12. Tumenggung Adipati Wonokusumo III, 1790-1821. Dilantik pada jaman kerajaan Surakarta. Rajanya Paku Buwana IV. 


13. Tumenggung Adipati Wonokusumo IV, 1821-1825. Dilantik pada jaman kerajaan Surakarta. Rajanya Paku Buwana V. 


14. Tumenggung Adipati Setjonagoro 1825-1832. Dilantik pada jaman kerajaan Surakarta. Rajanya Paku Buwana VI. 


15. Tumenggung Adipati R Mangunkusumo 1832-1857. Dilantik pada jaman kerajaan Surakarta. Rajanya Paku Buwana VII. 


16. Tumenggung Adipati R Kertonegoro 1857-1863. Dilantik pada jaman kerajaan Surakarta. Rajanya Paku Buwana VII. 


17. Tumenggung Adipati Tjokroadisoerjo 1863-1869. Dilantik pada jaman kerajaan Surakarta. Rajanya Paku Buwana IX. 


18. Tumenggung Adipati Suryohadikusuma, 1889-1898. Dilan-tik pada jaman kerajaan Surakarta. Rajanya Paku Buwana IX. 


19. Tumenggung Adipati R Suryohadinagoro, 1898-1919. Dilan-tik pada jaman kerajaan Surakarta. Rajanya Paku Buwana X. 


20. Tumenggung Adipati RA Sosrohadiprojo, 1919–1944. Dilan-tik pada jaman kerajaan Surakarta. Rajanya Paku Buwana X. 


21. Tumenggung Adipati Singgih Hadipuro, 1944-1946. Dilantik pada jaman kerajaan Surakarta. Rajanya Paku Buwana XI. Patihnya RMAA Sosrodiningrat yang menjadi anggota BPUPKI. 


22. R Soemindro, 1946-1950. Dilantik pada jaman Presiden Soekarno. 


23. R Kadri, 1950-1954. Dilantik pada jaman Presiden Soekarno. 


24. R Omar Soerjokoesoemo, 1954-1955. Dilantik pada jaman Presiden Soekarno. 


25. R Sangidi Hadisoetirto, 1955-1957. Dilantik pada jaman Presiden Soekarno. 


26. Rapingoen Wimbohadi Sedjono, 1957-1959. Dilantik pada jaman Presiden Soekarno. 


27. R Wibowo Helly, 1960-1967. Dilantik pada jaman Presiden Soekarno. 


28. Drs. Darodjat AWS, 1967-1974. Dilantik pada jaman Presiden Soekarno. 


29. R Mardjaban 1974-1975. Dilantik pada jaman Presiden Soeharto. 


30. Drs. Soekamto 1975-1985. Dilantik pada jaman Presiden Soeharto. 


31. Drs. Poedjihardjo 1985-1990. Dilantik pada jaman Presiden Soeharto. 


32. Drs. H Soemadi 1990-1995. Dilantik pada jaman Presiden Soeharto. 


33. Drs. H Margono 1995-2000. Dilantik pada jaman Presiden Soeharto. 


34. Drs. Trimawan Nugrohadi, 2000-2005. Dilantik pada jaman Presiden Abudurrahman Wahid. 


35. Drs. H. Abdul Khaliq Arif, 2005-2015. Dilantik jaman Presiden Soesilo Bambang Yudhoyono. 


36. Eko Purnomo SE MM menjabat sejak tahun 2016. Dilantik jaman Presiden Joko Widodo. 


Kabupaten Wonosobo cukup membanggakan. Rakyatnya ramah tamah, murah hati dan guyub rukun. Gunung Sindoro Gunung Sumbing memberi pengayoman wilayah bagian timur. Dua gunung kembar ini ibarat Nakula Sadewa. Bagian utara berhias Gunung Dieng atau Hadining Hyang, merupakan lambang anugerah alam. Daerah Wonosobo selatan kinclong kinclong banyune waduk Wadas Lintang. Dari Wonosobo berhulu kali Serayu.


Anjajah desa milangkori

Kala mangsane pariwisata. 

Hla endahe bumi nusantara. 

Ingkang adi luhung

Alas lan gunung gunung. 


Ajaran Ki Ageng Wonosobo penuh dengan keluhuran. Berakit-rakit ke hulu, berenang-renang ke tepian, bersakit-sakit dahulu bersenang-senang kemudian. Nasihat ini perlu dicamkan oleh setiap orang. Jangan sampai congkak setelah jadi orang besar. Harus ingat asal usul. Orang tirakat sungguh tajam mata batinnya. 


Usaha untuk mewujudkan kesejahteraan yang sempurna dilakukan oleh Ki Ageng Wonososobo dengan menjalankan meditasidi Gunung Sindoro. Harapannya agar masyarakat di lingkungan kabupaten Wonosobo mendapatkan kawibawan, kawidadan, kabagyan dan kamulyan awal akhir lahir batin.


Adityo Jatmiko adalah pewaris ajaran Ki Ageng Wonosobo. Pada tanggal 17 Agustus 2020 mendaki di puncak gunung Sindoro. Adityo Jatmiko berasal dari perumnas Jl Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta menjalankan lelaku. Demi masa depan yang lebih gemilang.


Kabupaten Wonosobo punya sejarah panjang. Berhubungan langsung dengan Kraton Mataram Surakarta. Budaya Jawa makin mencar arum kuncara. 



Senin, 9 Pebruari 2026.

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Kidung Idul Fitri

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh