Babad Ir Gampang Wiranto MM

 Babad Ir Gampang Wiranto MM



1.

Megatruh


Manggih hayu pangastuti dinten sewu, 

Pak Gampang Wiranto nguni, 

Paripurna sampun surud, 

Manjing suwarga sejati, 

Sumare ing Trasan Plikon.


2.

Pangkur


Andum berkat trah sakbrayat, 

Pamuji Prof Sri Harti Widyastuti, 

Mas Ayok sakgarwa sunu, 

Mbak Anin wasis sulistya, 

Sinengkuyung warga FBSB muhung, 

Konjuk Suwargi Pak Gampang, 

Eca sumandhing Illahi. 


3.

Mas Kumambang


Lumampah prayogi hari Jumah Legi, 

Nuju nem likur kang warsa, 

Ing telulas Pebruari, 

Donga ngumandhang ing tawang. 


4.

Mijil


Ustad Mulyana sigra maringi, 

Sesorah miraos, 

Kinen mbudi daya gesang sae, 

Miturut tausiyah agami, 

Shirotol mustakim, 

Leres laras lurus. 


5.

Pucung


Sung pitutur Pak Gampang Wiranto luhur, 

Minangka  tuladha, 

Darma bakti mring sesami, 

Ngelmu laku kanthi sinartan panemu. 


6.

Kinanthi


Gampang Wiranto mituhu, 

Wulang wuruk warah becik, 

Tata cara paugeran,

Pramila rikat terampil, 

Sembada sabarang karya, 

Rampung permana permati. 


7.

Asmarandana


Pamarsudi mbanyu mili, 

Moncer mencar gancar lancar, 

Gemi titi gawa gawe, 

Arum ngumandhang Pak Gampang, 

Sakeh pakaryan negara, 

Udhu temu bahu suku, 

Lemek wedharing gagasan. 


8.

Gambuh


Pinuju momong putu, 

Bapak Gampang tansah mesem guyu, 

Wis pinilih Runa wayah kang kinasih, 

Weh lelipur rinten dalu, 

Mapan wonten ndalem Beon. 


9.

Durma


Ngayogyakarta dugi tlatah Magelang, 

Bapak Gampang sarimbit, 

Prof Tutik kang garwa, 

Mas Ayok Mbak Anin gya, 

Marsudi murih urup urip, 

Mulya wibawa, 

Sayekti tepa palupi. 


10.

Sinom


Pinandhegan Kyai Yayan, 

Tahlil takbir tasbeh tahmid, 

Katur dhateng Bapak Gampang, 

Waosan Alquran Hadist, 

Mugi Hyang Maha Suci, 

Paring anugerah agung, 

Sakjroning alam barzah,

Emating pati patitih, 

Sarwa berkah pinanggih khusnul khatimah. 


11.

Dhandhanggula


Kanca mitra aris raos manis, 

Karangmalang UNY Magelang, 

Yogyakarta Kotagedhe, 

Sami amunjuk sukur, 

Bu Prof Sri Harti Widyastuti, 

Anin ayok kang wayah, 

Ngaturke panuwun, 

Dhateng pra sedulur, 

Mrih lestari trah Gampang Wiranto mardi, 

Suka lila raharja. 



Jumah Legi, 

13 Pebruari 2026.

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Kidung Idul Fitri

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh