PENGUSAHA KRATON SURAKARTA

 PENGUSAHA KRATON SURAKARTA



NYI AGENG SEWAKUL


1.

Pangkur


Nyai Sewakul Laweyan, 

Tetungguling sagung putri linuwih, 

Momong Kanjeng Ratu Beruk, 

Handaya Pamekasan, 

Bupati Surabaya, 

Agung luhur yekti sodagar misuwur, 

Saka guru daya arta, 

Paring turah beya picis. 


Pajimatan ing Laweyan, 

Wus sumare brayat Ki Ageng Enis, 

Trahing Karaton Matarum,

Dumugi Surakarta, 

Sami munjuk donga pamrihe pikantuk, 

Berkah kagem putra wayah, 

Kanugrahan mbanyu mili. 


Wilujengan sasi Ruwah, 

Marak sowan dhateng para suwargi, 

Memule arwah leluhur, 

Bibit kawit sejarah, 

Asal usul unggul kabul wus pinunjul, 

Surakarta Hadiningrat, 

Basuki hayu lestari. 


2.

Mas Kumambang


Sinengkalan pinuju ri Slasa Paing, 

Rasa kembar langit netra, 

Kalih dasa Januari, 

Ruwahan gya kawiwitan. 


Nyai Ageng Sewakul   kersa peparing,   

Mangka sarana pawitan, 

Kedhaton binangun aglis, 

Saudagar Surabaya. 


3.

Mijil


Donga puji mbrengengeng sesanti, 

Ulama Karaton, 

Panuwunan hajad  wus rinonce, 

Suka sukur slamet saknegari, 

Ayem lahir batin, 

Gembira sadarum. 


Saudagar sugih emas picis, 

Pindha samudra rob, 

Sumbang sambang dana beya gedhe, 

Kayu jati semen garam Gendhis, 

Lenga minyak bumi, 

Udhu bandha bandhu. 


4.

Megatruh


Kyai Ageng Sela Kyai Ageng Tarub, 

Pajimatan Purwodadi, 

Sragen Kyai Ageng Butuh, 

Ngerang Penjawi ing Pati, 

Sumenep punjer Kedhaton. 


Putri ayu bandha bandhu bumi Madu, 

Bangkalan Sampang winarni, 

Wanita Sumenep unggul, 

Pamekasan dagang Rukmi, 

Surabaya wus kesohor. 


5.

Pucung


Rebut  dhucung Ki Ageng Enis linangkung, 

Sumare Laweyan, 

Maringi tepa palupi,

Trah Mataram winaris pangeram eram. 


Unggul kabul putri Sewakul pinunjul, 

Miyos Surabaya, 

Tedhake Pangeran Pekik, 

Asung suka pelabuhan Surabaya. 


6.

Gambuh


Dipati Sri Makurung,

Kanjeng Ratu Pembayun kayungyun, 

Bibit kawit Brawijaya Majapahit, 

Sempulur trahing ngaluhur, 

Trah tumerahing sang katong. 


Kuneng Putri Sewakul,

Banter butul kinarya gul agul, 

Dagang laris laras laku gelis manis, 

Lumaku adol tinuku, 

Srana momong momor momot. 


7.

Asmarandana


Sultan Pajang Jaka Tingkir, 

Ki Martani Pemanahan, 

Puralaya Kotagedhe, 

Senapati Panembahan, 

Prabu Hadi Pamurbengrat, 

Praja Mataram binangun, 

Kawibawan kawidadan. 


Wayah dalem Raden Pekik, 

Adipati Surabaya,

Ratu Panggung Sunan Ampel, 

Bupati Wirakusuma, 

Sunan Amangkurat Amral, 

Pinunjul Putri Sewakul, 

Dana driyah raja brana. 


8.

Kinanthi


Seba Kanjeng Sultan Agung, 

Pajimatan Imogiri, 

Inggil cerak gunung Merak, 

Binangun rinengga asri, 

Surakarta Yogyakarta, 

Sami ndhedherek manunggil.


Dedagang banyu sumurup, 

Lenga  laut minyak bumi, 

Saking wilayah Madura, 

Bebek ayam dhomba sapi, 

Pelabuhan Tanjung Perak, 

Nyi Ageng Sewakul kondhang. 


9.

Durma


Narapraja sagung pangarsa sentana, 

Wadyabala prajurit, 

Abdi dalem pepak, 

Sawega pinandhegan, 

Gusti Ratu Sri Wandansari, 

Tata laksita, 

Wedharing pangastuti. 


Dagang layar ngrembaka sebar tumangkar, 

Undhaking brana picis, 

Drajat pangkat semat, 

Wragat  kuat mupangat, 

Nyi Ageng Sewakul marsudi,

Murih sentosa, 

Praja sigra lumaris. 


10.

Sinom


Jeng Sunan Paku Buwana, 

Kaping Patbelas binekti,

Andhap asor lembah manah, 

Pakarti karta pekerti, 

Karya tepa palupi, 

Munggah mungguh lenggah lungguh, 

Mbabar klasa gumelar, 

Mbahu dhendha nyakrawati, 

Narendra gung ber budi bawa laksana. 


Suka lila kagem praja, 

Pasok sumbang emas picis, 

Raja brana arta daya,

Ngaruh ngaruh ngirit dhuwit, 

Sumatra Sulawesi, 

Bali Papua Maluku, 

Kalimantan Pasundan, 

Nusa Tenggara wus prapti, 

Sung tuladha Nyai Sewakul kuncara. 


11.

Dhandhanggula


Tata cara tumingal miwiti, 

Pasewakan bale marakata, 

Genep genah uba rampe, 

Sekar dupa sumurup, 

Ganda arum sundhul wiyati, 

Pindha sanggar pamujan,

Panembahan Agung, 

Tejowulan wus manngarsa, 

Tatas titis mranata kanthi pratitis, 

Temah temu kamulyan. 


Lenggah sela andheku ing Masjid, 

Tahlil tahmid takbir trus ngumandhang, 

Rikala enjing wancine, 

Tumuli eguh gupuh,

Enggal manjing penggalih wening, 

Pajimatan  Laweyan, 

Sekar ganda arum, 

Sumebar sedhep mangambar,

Sembah bekti konjuk leluhur kawuri, 

Sangu ngejayeng jagad. 


Among dagang ing manca negari, 

Turki Mesir Yaman Persi Bagdad, 

Malaka Johor Tamasek, 

Eropah tanah Ngerum,

Jerman Inggris Holand Perancis, 

Norwegia Portugal, 

Nyi Ageng Sewakul, 

Dagang layar wus kawentar, 

Tanah Jawi sugih singgih bantu bathi, 

Nyata tepa tuladha. 


BABAD PADMA SUSASTRA


Dhandhanggula 


Arum manis sarjana winasis, 

Winursita Ki Padma Susastra, 

Pangripta kasastran moncer, 

Endah reriptanipun, 

Wus makarti ing Bromartani, 

Djawi Kandha kababar, 

Kinarya panglipur, 

Candracantha Sasadara, 

Kalawarti ing saindhenging negari, 

Surakarta Diningrat. 


Gita gati yasa serat adi, 

Rangsang Tuban minangka waosan, 

Carita priyagung brang ler,

Mengku wejangan luhur, 

Kandhabumi tepa palupi, 

Seratan Prabangkara, 

Pituduh sesuluh, 

Madu basa Pathi basa, 

Wulang becik Wama basa gya katitik, 

Wedharan Hariwara. 


Urapsari sayekti prayogi, 

Tata cara mbabar buditama, 

Erang Erang kang rinonce, 

Ngiket sabarang ngelmu, 

Serat kancil sengsem anginthil, 

Lampahan sato kewan, 

Kanggo mulang muruk, 

Wegig basa wikan klapa, 

Ki Padma Susastra memetri Baletri, 

Jiwa Jawi ngrembaka. 


Timur nguni ingaran Suwardi, 

Siswa Pujangga Ranggawarsita, 

Sampun suwita ndherek, 

Konjuk Kang Sinuwun, 

Basa Jawi kinen marsudi, 

Ngesuhi Radya Pustaka, 

Sarana sinau, 

Mranata Bale Pustaka, 

Wus tinulis budaya tinata titis, 

Rinengga nuju prana. 



Setu Pon, 31 Januari 2026

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Kidung Idul Fitri

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh