LAGU BANARAN KULON
LAGU BANARAN KULON
Dhandhanggula Natapraja
Mahargya Luluk Endah Purwanti,
Winisuda pangarsane desa,
Banaran kulon tlatahe,
Bagor Nganjuk pinunjul,
Tata titi nggennya makarti,
Kawibawan kawignyan,
Tekan teken tekun,
Micara rasa miraga,
Tatas titis tatag tutug samukawis,
Rampung kehing pakaryan.
Kemis Pon, 1 Januari 2026
Purwadi
Lancaran Banaran Kulon Makmur
Tumata teratur Banaran Kulon misuwur,
Tlatah Bagor andhap asor wis kesohor,
Ing Nganjuk kutha apik sarwa resik,
Gunung Wilis Pandhan asri indah sesawangan.
Ijo royo royo brambang pohung pari jagung,
Subur tandurane budaya keluhurane,
Monggo mas mampir kene murih lejar penggalihe,
Wewaton alon alon pamrihe bisa kelakon.
1 Januari 2026
Purwadi

Komentar
Posting Komentar