Amangkurat Sinau Filsafat
Amangkurat Sinau Filsafat
Dhandhannggula
1.
Galileo Galilei
Galileo Galilei nenggih,
Guru Kanjeng Sunan Amangkurat,
Italia negarane,
Dugi Eropa sampun,
Astronomi wus den kawruhi,
Matematik pisika,
Bumi bunder mlengkung,
Ngubengi tata baskara,
Tanpa pangling rembulan terus keliling,
Genep genah palsapah.
2.
Rene Descartes
Rene Descartes nagri Perancis,
Sarjana winasis ilmu alam,
Nala moncer pikir encer,
Matematika tangguh,
Geometri gya den pepetri,
Wawasan mbabar jembar,
Cogito ergo sum,
Manah ingsun mungguh munggah,
Trus katiti Amangkurat mangastuti,
Narapraja Mataram.
3.
John Locke
Arum manis pamikir patitis,
John Locke medhar ngelmu suminar,
Mencar dugi jagad gedhe,
Kawignyan praja hukum,
Legislatip lan eksekutip,
Yudikatip tumata,
Perangan tetelu,
Nama trias politica,
Amangkurat sigra mranata negari,
Selaras lurus imbang.
4.
Isac Newton
Isac Newton ahli ilmu bumi,
Matematik pisika kimia,
Cekap cukup gawa gawe,
Amangkurat mituhu,
Grapitasi dadi teori,
Sarana pandom pandam,
Sedaya sumuyud,
Kumleyang ing cakrawala,
Saking inggil nuli mangandhap manunggil,
Wulangan para siswa.
5.
Thomas Hobbes
Lire homo sacra res homini,
Thomas Hobbes maringi Pratelan,
Kamanungsan rasa duwe,
Homo homini lupus,
Asor budi becik nyingkiri,
Tumrap Sri Amangkurat,
Lan homo socius,
Economicus pratingkah,
Kang prayogi tindak tanduk murakabi,
Pakarti wicaksana.
Minggu Wage, 1 Pebruari 2026

Luar biasa
BalasHapus