Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2026

Paku Buwono XIV ing Masjid Laweyan

Gambar
 Paku Buwono XIV ing Masjid Laweyan Tata cara Jumatan ing Masji Agung Kraton Surakarta sampun ambal kaping pitu. Sinuwun Paku Buwono XIV nuli Jumatan ing Masjid Ki Ageng Enis Laweyan. Rikala dinten Jumat Wage, 2 Januari 2025 para abdi dalem lan sentana sami ndherek.  Coos kurmat dhateng para leluhur. Shalat Jumat ing Masjid Laweyan. Miturut serat babad bilih Ki Ageng Enis putra Ki Ageng Sela. Wayah Ki Ageng Getas Pendhawa. Buyut Raden Bondan Kejawan. Wareng Sinuwun Prabu Brawijaya raja Majapahit.  Arasilah saking Kadipaten Tuban. Adipati Wilwatikta peputra Dewi Rasa Wulan. Peputra Ki Ageng Tarub. Peputra Nawangsih. Peputra Getas Pendhawa. Peputra Ki Ageng Sela. Peputra Ki Ageng Enis.  Lajer Ki Ageng Enis peputra Ki Ageng Pemanahan. Peputra Panembahan Senapati raja Mataram. Lajeng nurunaken raja ing Karaton Surakarta Hadiningrat. Kanjeng Sinuwun Paku Buwono XIV caos kurmat dhateng para leluhur.  Jumatan kali ini akan bersambung ke Masjid tinggalan Mataram. Misaln...

LAGU BANARAN KULON

Gambar
 LAGU BANARAN KULON Dhandhanggula Natapraja Mahargya Luluk Endah Purwanti,  Winisuda pangarsane desa,  Banaran kulon tlatahe,  Bagor Nganjuk pinunjul,  Tata titi nggennya makarti,  Kawibawan kawignyan,  Tekan teken tekun,  Micara rasa miraga,  Tatas  titis tatag tutug samukawis,  Rampung kehing pakaryan.  Kemis Pon, 1 Januari 2026 Purwadi Lancaran Banaran Kulon Makmur Tumata teratur Banaran Kulon misuwur,  Tlatah Bagor andhap asor wis kesohor,  Ing Nganjuk kutha apik sarwa resik,  Gunung Wilis Pandhan asri indah sesawangan.  Ijo royo royo brambang pohung pari jagung, Subur tandurane budaya keluhurane,  Monggo mas mampir kene murih lejar penggalihe,  Wewaton alon alon pamrihe bisa kelakon.  1 Januari 2026 Purwadi