SERAT FADLI ZO
SERAT FADLI ZON
1.
Gambuh
Tanggap Menteri tangguh,
Kukuh bakuh wasis barang kawruh,
Darma bakti kebudayaan negeri,
Tumangkar ngrembaka arum,
Pinandhegan Pak Fadli Zon.
Pak Menteri nyengkuyung,
Murih edi peni adi luhung,
Kabudayan jatidiri kebangsaan,
Bahu suku lan panemu,
Nusantara gya mencorong.
Kabudayan binangun,
Menteri Fadli Zon trus kayungyun,
Nguri uri kagunan seni tradisi,
Warisan para leluhur,
Rahayu lestari katon.
2.
Pangkur
Kraton dalem Surakarta,
Pak Menteri Fadli Zon amarsudi,
Mesu budi jroning kalbu,
Panggung Sangga Buwana,
Sampun asung pamuji Hyang Maha Agung,
Gancar lancaring pakaryan,
Paripurna rampung resmi.
Panembahan Tejowulan,
Ratu Wandansari myang Wirabhumi,
Mahargya Kanjeng Sinuwun,
Ingkang Kaping Patbelas,
Gupuh aruh Menteri Fadli Zon rawuh,
Nyalirani pemerintah,
Katitik lumampah becik.
Pak Fadli Zon gya gumregah,
Ngarah arah ngudi ibu pertiwi,
Budaya kuncara arum,
Abdi dalem pangarsa,
Amituhu linambar wawasan ngelmu,
Tunggal cipta rasa karsa,
Binudi ngrampungi kardi.
3.
Dhandhanggula
Lancar apik lurus laras resik,
Pak Fadli Zon ngembani wilayah,
Sabang nganti Merauke,
Jumangkah bareng maju,
Ngati ati titi permati,
Mbudidaya kagunan,
Gayeng guyub rukun,
Mencar mbabar kementrian,
Kabudayan wus lumaris manis aris,
Saindhenging nuswantara.
Lenggah inggil mangka dados wakil,
Suara DPR trus ngumandhang,
Gumyak sigrak munya rame,
Fadli Zon gathuk mathuk,
Amenggalih krana pinilih,
Wrangka anggota Dewan,
Gumreget gumregut,
Kepranan warga Senayan,
Pikir lantip landhep lancip kadang karip,
Micara tur mirasa.
Keras keris sarjana winasis,
Wus sumunar Fadli Zon kawentar,
Weruh kehing pituduh,
Siyang ratri meguru yekti,
Sagunging pawiyatan,
Saniskara putus,
Jagad gumulung gumelar,
Pak Menteri kabudayan amemetri,
Bagya mulya widada.
4.
Durma
Datuak Bijo Dirajo Nan Kuniang,
Fadli Zon kaparingi,
Nama gelar adat,
Minulya Padang Minang,
Pagaruyuang Bukit Tinggi,
Sumatra Barat,
Kehormatan Menteri.
Presiden Prabowo Subianto kersa,
Ngupakara negeri,
Raharjaning praja,
Fadli Zon kadhawuhan,
Anglenggahi jabatan mentri,
Kebudayaan,
Misuwur ngambar wangi.
Cukat rikat tekat kuat kebut kebat,
Kabinet merah putih,
Cekap cukup cakap,
Kawignyan pengalaman,
Pakarti pakerti pekerti,
Turah mberuwah,
Sangsaya mitayani.
5.
Pucung
Turut lurung Mentri Fadli Zon jinurung,
Moncering reriptan,
Rantaman maneka warni,
Sumatera Kalimantan Jawa Sunda.
Bali Sasak Nusa Tenggara Maluku,
Madura Papua,
Kepuloan Sulawesi,
Wus tinana Fadli Zon mardi utama.
Adat suku sumebar bisa tinemu,
Mentri kabudayan,
Fadli Zon tetep mirsani,
Penak jenak karana sambung sumanak.
6.
Asmarandana
Fadli Zon lan kanca estri,
Eca mangun bale wisma,
Nami Katharine Grace,
Lir pendah retna sumunar,
Anelahi gebyar mubyar,
Gantheng renteng atut runtut,
Antuk suwarga bebrayan.
Siji Juni pitu siji,
Miyos saking guwa garba,
Taruna terang mentereng,
Fadli Zon gegulang jiwa,
Andhap asor anuraga,
Sambang sambung sawang srawung,
Sanadyan dadi pejabat.
Kadang mitra gedhe cilik,
Aneng sadhengah papan,
Kono kene ngawe awe,
Nguri uri kabudayan,
Kutha desa nusantara,
Pak Fadli Zon sumadulur,
Manunggal pejabat rakyat.
7.
Megatruh
Sambang sambung seni budaya sawegung,
Pak Fadli Zon urup urip,
Kopen kajen danang dunung,
Owah gingsir welang weling,
Rebut dhucung gotong royong.
Golong gulung langlang linglung gelang gelung,
Pak Fadli Zon nayogyani,
Momong seniman sadarum,
Momor budayawan apik,
Beda cara jiwa momot.
Wong linuhung Pak Fadli Zon dhemen dhuwung,
Sumimpen wangkingan keris,
Sesambetan lung tinulung,
Keliling dunya sakalir,
Saenggon nggon tangguh tanggon.
8.
Maskumambang
Gandhang gendhing swara ngumandhang cumlering,
Fadli Zon Mentri budaya,
Nalar mulur natas nitis,
Pasuryan njenthara sigit.
Pagelaran wayang karawitan tari,
Ludruk cerita kethoprak,
Fadli Zon maca puisi,
Pirsa panggung sandiwara.
Kapitayan pra penghayat lahir batin,
Ngiyup Mentri Kabudayan,
Fadli Zon setya ngesuhi,
Mangka nyata pengayoman.
9.
Sinom
Nalika masih taruna,
Fadli Zon marsudi ngelmi,
Pemikiran kerakyatan,
Ekonomi sosialis,
Lumantar disertasi,
Program doktor tamat lulus,
Master gelar sarjana,
Wapres Bung Hatta tinulis,
Soemitro Djojohadikusumo nyata.
Sejarah ilmu ingarah,
Maos prastawa ing nguni,
Kinarya srana nggegulang,
Kapribaden nuswantara,
Kebangsaan jatidiri,
Fadli Zon nguningani,
Garapan luhur kepungkur,
Wejangan kautaman,
Wulang wuruk becik apik,
Mentri kabudayan ngrampungi pakaryan.
Fadli Zon sadar kawiryan,
Drajat pangkat kang pinaring,
Ngupaboga arta daya,
Sugih singgih wus pinanggih,
Rekadaya sesulih,
Sregep sinau meguru,
Sekolah pawiyatan,
Kepinteran kataliti,
Lumaksita anut jantraning budaya.
10.
Mijil
Ibu pertiwi tambah gemati,
Menteri Fadli Zon,
Gawa gawe pindha emas jene,
Kuning kaya kencana sinangkling,
Anglong anglung angling,
Temah subur makmur.
Mentri kabudayan milang miling,
Milih paling cocok,
Kadang mitra seniman sumendhe,
Pak Fadli Zon ngabari ngombyongi,
Ngurupi nguripi,
Sumorot sumurup.
Tedhak dhateng kawula priyayi,
Prayoga sesokong,
Kadulu kaprungu kono kene,
Lilah lilih kagalah kagalih,
Kapanggon kapanggih,
Tekan krana tekun.
11.
Kinanthi
Amituhu bapak ibu,
Setya tuhu darma bakti,
Fadli Zon minangka anak,
Atur sungkem pangabekti,
Hormat taat tiyang tuwa,
Andhap aso mawas diri.
Urut patut mbangun turut,
Dhedhasar budi pekerti,
Fadli Zon dhateng atasan,
Bawahan takluk ing inggil,
Kebangsaan kerakyatan,
Kamanungsan murwakani.
Kaprajan mawi pituduh,
Pak Fadli Zon mandhegani,
Kementrian kabudayan,
Jajah desa milang kori,
Gemah ripah loh jinawi,
Tata tentrem karta harja.
Setu Legi, 20 Desember 2025.
Purwadi

Komentar
Posting Komentar