BABAD PAKU BUWANA XIV HANGABEHI

 BABAD PAKU BUWANA XIV HANGABEHI



1.

Dhandhanggula


Winisuda Gusti Hangabehi

Jumenengan nata binathara, 

Nglungsur dhampar retna jene, 

Mangka Kanjeng Sinuwun, 

Sunan Paku Buwana nenggih, 

Ingkang ping kawan welas, 

Santana sarujuk, 

Kawula mangayu bagya,

Raja Putra Mataram

Pangeran Pati

Surakarta Diningrat


Panca paksi wiyati dwi warsi,

Sinengkalan konjuk Sri Narendra, 

Nuju hari Kemis Wage, 

Telulas tanggalipun, 

Dene sasi Nopember nguni, 

Rong ewu slawe nyata, 

Kalampahan sampun, 

Tata cara kanarendran, 

Hangabehi sigra jumeneng narpati, 

Sunan Paku Buwana. 


2.

Pangkur


Ing Sasana Handrawina

Gusti Ratu Wandansari ngembani, 

Kanjeng Panembahan Agung,

Lembaga Dewan Adat

Paring dhawuh miturut sakeh pituduh, 

Angger angger paugeran, 

Amrih wilujeng basuki. 


Gancar lancar gya kababar, 

Kanjeng Gusti Pangeran Hangabehi, 

Sami njunjung mawi petung, 

Sunan Paku Buwana, 

Narendra gung binathara sinengkuyung, 

Ber budi bawa laksana, 

Mbahu dhendha nyakrawati. 


3.

Pucung


Jroning kalbu abdi dalem amituhu, 

Anut paugeran, 

Lembaga Adat mengkoni, 

Bakti darma Surakarta mrih kuncara. 


Unjuk atur Dewan Adat mring leluhur, 

Enggal marak sowan, 

Pajimatan Imogiri

Ing pangangkah sagotrah ginanjar berkah. 


4.

Gambuh


Pawarta gumuruh, 

Surakarta tuk sumbering kawruh, 

Tanah Jawi ngrenggani ibu pertiwi, 

Kanjeng Sinuwun ing ngayun, 

Mranata punggawa Kraton. 


Jumangkah bareng maju, 

Lembaga Dewan Adat anuju, 

Amarsudi gawa gawe edi peni, 

Seserep urup sumurup, 

Gebyar mubyar asri tinon. 


5.

Kinanthi


Lumaku kanthi rahayu, 

Lembaga Adat miyarsi, 

Sinuwun Paku Buwana, 

Kawan welas wusnya prapti, 

Titi mangsa kawisuda, 

Kabeh abdi nayogyani. 


Ndherek suwita kayungyun, 

Pepoyaning mesu budi, 

Wadhahing Lembaga Adat, 

Sareng Ratu Wandansari,

Ngupakara dhatulaya, 

Sri Narpati mrih lestari. 


6.

Mijil


Ing madyaning pura jalanidhi, 

Punjering kedhaton, 

Saka Dhomas ing Mutyara Bale, 

Kanjeng Ratu Sri Kencana Sari, 

Kepareng ngestreni, 

Surakarta hayu. 


Sri Narendra mahas ing ngasepi, 

Ngudi karahayon, 

Panggung Sangga Buwana papane, 

Anggegampil lenggah saluku satunggil, 

Angsal drajat inggil, 

Turun Wahyu Ratu. 


7.

Asmaradana


Sarengat yekti katiti, 

Kanjeng Sinuwun ngibadah, 

Tumuju ing Masjid Gedhe, 

Mangka dadi srana sarat, 

Tumrap narendra Mataram, 

Sholat Jumat kaping pitu, 

Takmir ngulama jamaah. 


Khalifahtullah Agami, 

Sayidina Ngabdurrahman, 

Ngamal ngelmi trap trapane, 

Senapati ing Ngalaga, 

Kanjeng Sri Paku Buwana, 

Cerak muhung Masjid Agung, 

Surakarta Hadiningrat. 


8.

Durma


Patuh taat lan Lembaga Dewan Adat, 

Sarana darma bakti, 

Santana pangarsa, 

Abdi dalem kawula, 

Pakarti pakerti pekerti, 

Tata negara, 

Pemerintah Republik. 


Jamak lumrah nut owah gingsiring jaman, 

Sajroning NKRI, 

Mula Dewan Adat, 

Ngarah arah lumampah, 

Laras laris lurus lumaris, 

Kabar kababar, 

Hukum kanthi permati. 


9.

Megatruh


Warta unggul saking pujangga pinunjul, 

Yasadipura ping siji, 

Hasta brata sung wewuruk, 

Tumraping sagung narpati, 

Dimen minulya mencorong. 


Sri narendra prayoga  paring sesuguh, 

Grapyak sigrak sandhang sandhing, 

Sambang sambung tulung srawung, 

Tuna santak sanak bathi, 

Momor momong Sang Akatong. 


10.

Sinom


Setya saraya rumeksa, 

Warga Pakasa sesanti, 

Pambiwara lumaksana, 

Pasipamarta pertitis, 

Suwita aris manis, 

Bebantu ing rinten dalu, 

Kadang rewang tuguran, 

Tata lahir tandang kardi,

Jiwa raga jroning batin laku tama. 


Paheman Narpa Wandawa, 

Putri Narpa mastuti, 

Pakempalan kasentanan, 

Mandra Budaya marsudi, 

Kartipraja makarti, 

Kebon Darat guyub rukun, 

Ngayahi kewajiban, 

Suka lila lahir batin, 

Surakarta ngejaya ing jagad raya. 


11.

Maskumambang


Ulat patrap pangucap rinengga manis, 

Abdi dalem Surakarta, 

Sukeng tyas pasuryan bening, 

Kutha gunung dugi desa. 


Bagya mulya suwiteng narpati,

Sri Sunan Paku Buwana, 

Kaping Patbelas pinanggih, 

Panjang punjung kerta harja. 



Rebo Wage, 

3 Desember 2025,

Purwadi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri