TUMBUK AGENG KPH WIRABHUMI
TUMBUK AGENG KPH WIRABHUMI
Pangarsa punjer pakasa utawi Paguyuban Kawula Kraton Surakarta. KPH Dr Edi Wirabhumi SH MM tumbuk ageng. Sampun ngancik yuswa 64 tahun. 18 Nopember 2025. Mangayu bagya pinaringan panjang yuswa.
Pangageng Sasana Wilapa. Langkung rumiyin GKR Wandansari paring dhawuh. Abdi dalem ulama kinen andongani. Para sentana sami tadhah amin. Mapan ing Bale Amarakata. Lenggah lesehan, andheku amarikelu. Caos puji pangastuti suka sukur.
Kepareng lenggah sinewaka Kanjeng Sinuwun Paku Buwono XIV. Rikala dinten Kamis Wage, 13 Nopember 2025 KGPH Hangabehi kalampahan jumeneng nata ing Karaton Surakarta Hadiningrat.
Ngancik dinten Jumah Kliwon, 14 Nopember Paku Buwono XIV lajeng lampah Shalat Jumat ing Masjid Agung. Kepareng ndherek para pangageng dalah kawula. Dhampyak dhampyak saking Kemandungan tumuju ing Masjid Agung. KPH Wirabhumi ugi anyartani. Dhawah kaleresan menawi dinten menika ulang tahun. Ambal warsa tumbuk ageng.
Labuh labet KPH Dr Wirabhumi SH tumraping Kraton Surakarta nami ageng sanget. Bot repot sanggan lan pakaryan mila lajeng cancut taliwanda. Udhu bahu suku lan panemu. Ingkang putra putri kekalih tansah nyengkuyung. Anenggih BRAy Lungayu lan BRAy Sedhah Mirah ngombyongi kanthi lila lan legawa. Mirih arum kuncaraning budaya.
Kembul bujana andrawina tumuli kawiwitan. Donga sampun paripurna. Wanci jam 12. Peksi ngoceh lompat lompatan ing pang tandha ndherek suka parisuka. Wit gadri minangka cihna tulak balak. Puji pinuji manggih suka basuki.
Selasa Wage, 18 Nopember 2025,
Purwadi
Komentar
Posting Komentar