LABUHAN JUMENENGAN NATA

 LABUHAN JUMENENGAN NATA




Mahargya jumenengan KGPH Hangabehi minangka Sinuwun Paku Buwono XIV. Nglungsur keprabon narendra gung Karaton Surakarta Hadiningrat. Rikala dinten Ahad Pahing, 16 Nopember 2025 ngadani tata cara labuhan ing samudera kidul. Ing pangangkah nyuwun lilah Kanjeng Ratu Kencana Hadisari. Angedhaton ing Saka Dhomas Bale Kencana. 


Langkung rumiyin sam sowan ing pajimatan Imogiri. Mapan ing Sultan Agungan. GKR Wandansari dalah sentana abdi dalem caos puji pangastuti. Kawiwitan dhawuh dalem pangageng Sasana Wilapa. 


1. Atur palaporan bilih Sinuwun Paku Buwono  XIII sampun paripurna. 

2. LDA ingkang pinandhegan GKR Wandhansari lumampah rahayu lestari. 

3. Njumenengake KGPH Hangabehi minangka Sinuwun Paku Buwono XIV lulus raharja. 


Shalawat dzikir tahlil tahmid tasbeh ngumandhang ing awang awang. Mbrengengeng lir pendah bremara manungsung sarining kembang. 


Lelakon lan lelaku nuting jaman. Sinuwun Paku Buwono XIV nalika dinten Kamis Wage, 13 Nopember 2025 sampun jumeneng nata. Karaton Surakarta Hadiningrat mapag gumelaring jagad anyar. 


Tahlil tahmid tasbeh takbir ing Sultan Agungan. Nyekar Kanjeng Ratu Batang. Sasana Luhur sareng Sri Susuhunan Amangkurat Amral uttawi Sinuwun Kartasura. Ndherek sumare dalang Panjangmas. 


Sowan Kasuwargan Prabasuyasa. Nyekar Sinuwun Paku Buwono X, Paku Buwono XI, Paku Buwono XII, Paku Buwono XIII. Sami ndherek sumare Kanjeng Ratu Ageng, KGPH Harya Mataram, KGPH Kusumoyudo. Lajeng GKR Galuh Kencono, GKR Sekar  Kencono, GKR Retno Dumilah. 




Wanci  jam 16 purna nyekar ing Pajimatan Imogiri. Kalajengaken sowan ing gisik duksina. Kanjeng Ratu  Kencono Hadisari lenggah ing kedhaton Soko Dhomas Bale Kencono. Ubarampe genep jangkep sampun sumadya. 


Rahayu sagung dumadi. 



Purwadi, 

Minggu Paing, 

16 Nopember 2025

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri