KEGIATAN PAKU BUWONO XIV
KEGIATAN PAKU BUWONO XIV
A. Menaata Kraton Surakarta
Aneka ragam kegiatan Kraton Surakarta. Sinuwun Paku Buwono XIV padat dengan aktivitas budaya. Raja Surakarta ini berkiprah sesuai dengan tupoksi, tugas pokok dan fungsi.
Tata cara ibadah sholat Jumat untuk raja Surakarta. Hari Jum'at Kliwon 14 Nopember 2025 Sinuwun Paku Buwono XIV nindakaken shalat Jumat. Para pengageng sentana abdi dalem sami ndherek. Menuju Masjid Agung Karaton Surakarta Hadiningrat.
Setelah penobatan menurut tradisi raja Surakarta wajib shalat jumat. Bertempat di Masjid Agung sebanyak 7 kali berturut-turut. Adat istiadat ini berlaku turun tumurun di Kerajaan Mataram Islam. Ungkapan agama ageming aji.
Rute yang dilalui yakni bangsal smarakata, bangsal marcukundha, sri Manganti, kori kamandungan, balerata, lawang gapit, kori mangu, sitihinggil, sasana sumewa, pagelaran, alun alun lor. Lantas menuju Masjid Agung Karaton Surakarta Hadiningrat. Perjalanan dengan ditempuh jalan kaki.
Kanjeng Sinuwun Paku Buwono III membangun Masjid Agung tahun 1750. Raja Surakarta yang memerintah tahun 1749 - 1788 ini mendapat julukan Sinuwun Suwarga. Menyusun serat Wiwaha Jarwa yang bersumber dari teks Kakawin Arjuna Wiwaha karya Empu Kanwa. Kitab ini dibuat jaman raja Airlangga di Kerajaan Kahuripan. Sukses gemilang Paku Buwono III atas dukungan Kanjeng Ratu Beruk. Garwa prameswari yang ahli bidang pertanian perkebunan peternakan.
Hujan gerimis membasahi lingkungan Karaton Surakarta. Seolah olah mangayu bagya jumenengan raja terlantik pada hari Kamis Wage, 13 Nopember 2025. Hawa sejuk seperti Kanjeng Sinuwun Paku Buwono XIV yang berpenampilan sejuk adhem ayem. Dengan harapan suasana negeri yang panjang punjung pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem karta raharja.
Khutbah Jumat berdasarkan ajaran Kitab Suci Alquran dan Hadist Nabi. Wejangan ini jumbuh dengan wedharan Serat Wulangreh. Jroning Quran nggone rasa jati. Begitulah wejangan Sinuwun Paku Buwono IV, raja Surakarta Hadiningrat tahun 1788 - 1820. Akulturasi agama dan budaya berjalan selaras serasi seimbang. Arab digarap Jawa digawa. Islam kejawen yang penuh dengan nilai kebijaksanaan.
Paku Buwono XIV meneruskan tradisi leluhur. Karaton Surakarta Hadiningrat mewwarisi aspek keagamaan dan kebudayaan. Kearifan lokal yang memberi sumbang sih pada jatidiri nasional dan kedamaian global. Makna memayu hayuning bawana.
B. Tumbuk Ageng KPH Edi Wirabhumi
Pangarsa punjer pakasa utawi Paguyuban Kawula Kraton Surakarta. KPH Dr Edi Wirabhumi SH MM tumbuk ageng. Sampun ngancik yuswa 64 tahun. 18 Nopember 2025. Mangayu bagya pinaringan panjang yuswa.
Pangageng Sasana Wilapa. Langkung rumiyin GKR Wandansari paring dhawuh. Abdi dalem ulama kinen andongani. Para sentana sami tadhah amin. Mapan ing Bale Amarakata. Lenggah lesehan, andheku amarikelu. Caos puji pangastuti suka sukur.
Kepareng lenggah sinewaka Kanjeng Sinuwun Paku Buwono XIV. Rikala dinten Kamis Wage, 13 Nopember 2025 KGPH Hangabehi kalampahan jumeneng nata ing Karaton Surakarta Hadiningrat.
Ngancik dinten Jumah Kliwon, 14 Nopember Paku Buwono XIV lajeng lampah Shalat Jumat ing Masjid Agung. Kepareng ndherek para pangageng dalah kawula. Dhampyak dhampyak saking Kemandungan tumuju ing Masjid Agung. KPH Wirabhumi ugi anyartani. Dhawah kaleresan menawi dinten menika ulang tahun. Ambal warsa tumbuk ageng.
Labuh labet KPH Dr Wirabhumi SH tumraping Kraton Surakarta nami ageng sanget. Bot repot sanggan lan pakaryan mila lajeng cancut taliwanda. Udhu bahu suku lan panemu. Ingkang putra putri kekalih tansah nyengkuyung. Anenggih BRAy Lungayu lan BRAy Sedhah Mirah ngombyongi kanthi lila lan legawa. Mirih arum kuncaraning budaya.
Kembul bujana andrawina tumuli kawiwitan. Donga sampun paripurna. Wanci jam 12. Peksi ngoceh lompat lompatan ing pang tandha ndherek suka parisuka. Wit gadri minangka cihna tulak balak. Puji pinuji manggih suka basuki.
Kegiatan Sinuwun Paku Buwono XIV yakni menata Karaton Surakarta Hadiningrat. Bersama dengan sentana abdi dalem yang siaga ing gati, sawega ing diri.
Selasa Wage, 18 Nopember 2025,
Purwadi
Komentar
Posting Komentar