HARI PAHLAWAN

 HARI PAHLAWAN




Kutha Pahlawan


Surabaya kuthane Jawa Timur, 

Tlatahe kaloka dadi kutha pahlawan, 

Sura wani baya pakewuh cethane, 

Dadi pawitan revolusi bangsane. 

Sepuluh Nopember patang puluh lima, 

Cilaka dur angkara digempur ajur luluh. 

Pranyata gedhe kaprawirane pra mudha, 

Kasudirane arek Surabaya. 


Sura wani baya pakewuh cethane, 

Dadi pawitan revolusi bangsane, 

Singasari Majapahit nyata agung, 

Pangajab dadi tepa palupi ing ngaluhur,

Mbata rubuh surake tur gumuruh swarane,

Pambarisan pahlawan Surabaya. 


1.

Pangkur


Semangat hari pahlawan, 

Gya gumregah jiwane mudha mudhi,

Anulad satriya agung, 

Mbebela mring negara, 

Tanggap tangguh labet labuh wutuh ampuh, 

Mrih jejeging kamardikan,

Ngrungkebi ibu pertiwi. 


Arek arek Surabaya, 

Mandhep mantep siyaga pacak baris, 

Nranggulangi kehing mungsuh,

Ngetogen kasudiran,

Temah kabur kaber kejlungup kesungkur,

Njrebabah ndhepani lemah, 

Kendhang kumleyang sumingkir.


2.

Gambuh


Surake mbata rubuh,

Greget riuh suwara gumuruh,

Arek arek Surabaya pemberani, 

Minangka pahlawan agung, 

Kaloka dadi pelopor. 


Sepuluh tanggalipun, 

Ing Nopember genah wulanipun, 

Papat lima sayekti warsi wigati, 

Patuladhan kang tiniru, 

Perjuangan tambah kokoh. 


3.

Pucung


Wus cinatur lekase pahlawan luhur, 

Arek Surabaya, 

Berjuang bela negari,

Bandayuda ngrenggani kusuma bangsa. 


Asung tutur maju terus pantang mundur, 

Perang Surabaya, 

Kinarya pangeling eling, 

Para mudha darma bakti marang praja. 


Wulang wuruk Pancasila bisa gathuk, 

Tumrap Ketuhanan, 

Kamanungsan patriotis, 

Kebangsaan kerakyatan keadilan.


4.

Durma


Surabaya kaloka kota Pahlawan, 

Asung tepa palupi,

Sagung warga bangsa, 

Rumeksa kamardikan, 

Pengorbanan ibu pertiwi, 

Lila legawa, 

Tandha berdarma bakti. 


Darmawangsa  Airlangga Kahuripan, 

Pangarsa pilih tandhing,

Negari Jenggala, 

Kediri Daha Pura, 

Sekartaji Rahadyan Panji, 

Pepundhen Jawa, 

Pahalawan pinilih. 


5.

Dhandhanggula


Tanggal sepuluh Nopember yekti, 

Tahunipun patang puluh lima, 

Prastawa sejarah gedhe, 

Dur angkara ginempur, 

Nggusah kesah kolonialis, 

Pemuda Surabaya, 

Maju perang tempur, 

Gregah cancut taliwanda, 

Cincing cincing mung gegaman bambu runcing, 

Temah ungguling yuda.


Gusti Kanjeng Ratu Wandansari, 

Garwa adipati Surabaya, 

Pangeran Pekik asmane, 

Ratu Emas Rahayu, 

Prameswari nata Mentawis, 

Sinuwun Amangkurat, 

Sunan Tegalarum, 

Miyos Gusti Raden Rahmat, 

Nyakrawati Kartasura sang narpati, 

Sri Amangkurat Amral. 


6.

Kinanthi


Korban perang tempur gugur, 

Dadi kusuma negari, 

Tahun patang puluh lima, 

Sepuluh Nopember iki, 

Sinebut hari pahlawan, 

Arek kutha Surabangi. 


Kocap Kanjeng Ratu Panggung, 

Sultan Demak prameswari, 

Adipati Surabaya, 

Raden Pekik Wandansari,

Sunan Amangkurat Amral, 

Mangka pahlawan winasis. 


7.

Asmarandana


Pamulangan conto becik, 

Pahlawan ing Surabaya, 

Jaler estri cilik gedhe, 

Antuk tuladha utama, 

Ngrabuk rasa kebangsaan, 

Lumantar wejangan guru, 

Adhedhasar Pancasila. 


Undang Undang Dasar nagri, 

Siji sanga papat lima, 

Praja kajen rakyat kopen, 

Loh jinawi gemah ripah, 

Tata tentrem karta harja, 

Pasir wukir panjang punjung, 

Minulya ing jagad raya. 


8.

Mijil


Hari pahlawan dipun pengeti, 

Minangka pelopor, 

Arek Surabaya gung tekade,

Tata bala bareng pacak baris, 

Bebela negari, 

Saguh perang campuh.


Wolung puluh dasa wus kawuri, 

Kajangkah kelakon, 

Dugi tahun rong ewu selawe, 

Indonesia dadi Republik, 

Rakyat gati penting, 

Keperluan umum. 


9.

Sinom


Wewarah saking sejarah, 

Pawitane revolusi, 

Tahun patang puluh lima, 

Surabaya nuladhani, 

Perjuangan sejati, 

Dhawuh bapak ibu guru, 

Jiwa satriya pahlawan, 

Rumesep dhadhane murid, 

Jroning cipta labuh labet marang praja.


Wiwit saking tlatah Sabang, 

Merauke anindaki, 

Gita gita upacara, 

Ngeningke cipta penggalih, 

Murih pemuda lilih,

Eling pahlawan leluhur, 

Lantar wulang kawedhar, 

Pager nagri bayangkari, 

Bela praja adhedhasar Pancasila. 


10.

Maskumambang


Pelajaran becik tumrap siswa siswi, 

Sekolahan nusantara, 

Tuwuh jiwa patriotis, 

Sinau hari pahlawan.


Pamulangan mersudi budi pekerti, 

Tuladha kusuma bangsa, 

Sumungkem ibu pertiwi, 

Gumelaring nusantara. 


11.

Megatruh


Sigra nglilir gerak gerik bangun tidur, 

Eling dina kang wigati, 

Arek Surabaya gugur, 

Duking awal revolusi, 

Dadi pahlawan kesohor.


Pra pahlawan nasional kang piinunjul, 

Jiwa raga lahir batin,

Tekat kuat kukuh bakuh, 

Marisi tepa palupi, 

Cahyane terang sumorot. 



10 Nopember 2025

Purwadi, 

FBSB UNY

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri