RATU BATANG
RATU BATANG
1.
Mijil
Wonosobo Ki Juru Martani,
Kaloka bebotoh,
Trahing Prabu Brawijaya kiye,
Bondhan Kejawan patut Nawangsih,
Nawangwulan bibi,
Kyai Ageng Tarub.
Rara Kasihan Ki Ngerang Pati,
Ing pesisir lor,
Wonosobo dulangmas wengkone,
Mancanegara minangka Patih,
Wrangka Joko Tingkir,
Saniskara putus.
2.
Pangkur
Adipati Hupasanta,
Rikat trampil kinarya sami nempil,
Edhum adhem ngayap ngiyub,
Sesuta Ratu Batang,
Anggeng anggung praweswari Sultan Agung,
Putra Sunan Amangkurat,
Kuncara Sri Tegalwangi.
Ratu Batang garwa nata,
Mustikaning putri lan widodari,
Sulistya ayu rahayu,
Kawignyan layar pasar,
Barang butuh dol tinuku tangguh wutuh,
Ing Tamasek arta daya,
Dhudhuk sumur minyak bumi.
Purwadi
Komentar
Posting Komentar