PAMONG PAKASA BOYOLALI
PAMONG PAKASA BOYOLALI
1.
Dhandhanggula
Mekar arum Pakasa pinilih,
Boyolali sigra winisuda,
Gita gati tandang gawe,
Umyung swara gumuruh,
Eling maring leluhur Pengging,
Sri Kusuma Wicitra,
Citrasoma Prabu,
Pancadriya Anglingdriya,
Anglingdarma Gadjah Pagon Bathik Madrim,
Nriratih Gadjah Mada.
2.
Mijil
Prabu Pancadriya wus sesiwi,
Bupati kesohor,
Makurung Handayaningrat kiye,
Mantu Brawijaya Majapahit,
Putri mitayani,
Jeng Ratu Pembayun.
3.
Pangkur
Ki Ageng Kebo Kenanga,
Kanigara Lembu Miluhur Pengging,
Nyata tedhak darah ratu,
Sultan Hadiwijaya,
Wus winuwus Jaka Tingkir bagus alus,
Narendra gung kraton Pajang,
Benawa myang Banuwati.
4.
Gambuh
Nariswari rahayu,
Kanjeng Ratu Mas Cepaka Hayu,
Putri Sultan Trenggana Demak narpati,
Saguh tangguh wutuh ampuh,
Darah Pengging tanggap tanggon.
5.
Pucung
Sembur uwur leluhur paring pitutur,
Tumrape Pakasa,
Sakukuban Boyolali,
Mrih tumata karana kaca benggala.
6.
Kinanthi
Kasusastran adi luhung,
Mijil saking bumi Pengging,
Pujangga Yasadipura,
Reriptane edi peni,
Warga Pakasa nuladha,
Wetane gunung Merapi.
7.
Sinom
Tumenggung Padmanagara,
Minangka bupati Pengging,
Rumiyin ing Pekalongan,
Kondhang baut sastra tulis,
Ngrenggani tanah Jawi,
Sami suwita sumuyut,
Patut sinudarsana,
Kinarya tepa palupi,
Kapujanggan Kartasura Surakarta.
8.
Megatruh
Bawah suku gunung Merapi Merbabu,
Prabu Amangkurat ping dwi,
Sampun kersa mbangun umbul,
Banyu bening Cakra Pengging,
Kinclong kinclong gumarojog.
9.
Durma
Ki Ageng Singaprana Jayakartika,
Sesunu Rantamsari,
Dewi Tasikwulan,
Garwa Paku Buwana,
Ping pat nem wolu sanga nuli,
Kanjeng Ratu Mas,
Panutan Boyolali.
10.
Asmarandana
Pakasa ing Boyolali,
Sanyata trahing kusuma,
Rembesing madu kinacek,
Kulina ing tapa brata,
Olah lantiping grahita,
Suka udhu bahu suku,
Pasuwitan tata praja.
11.
Maskumambang
Jroning kapti ngugemi prasetya janji,
Budaya amrih kuncara,
Arum manis kraton aris,
Surakarta Hadiningrat.
12.
Dhandhanggula
Lurah mantri pendherek bupati,
Tinon walikota Salatiga,
Abdi dalem age rame,
Pendhapa wiyar agung,
Seger silir selehing pikir,
Rumpakan tata cara,
Rinakit lumaku,
Ganjaran nama lan pangkat,
Paguyuban kawula kraton manunggil,
Setya sraya rumeksa.
13.
Maskumambang
Dwi Fajar Nirwana sang Wakil Bupati,
Ngembani dadya pangarsa,
Pakasa ing Boyolali,
Murih tumangkar ngrembaka.
Kamis Wage, 9 Oktober 2025.
Purwadi,
Ketua Lokantara
HP 087864404347
Komentar
Posting Komentar