Macapat Ambal Warsa
Macapat Ambal Warsa
1.
Mijil
Prof Doktor Sri Harti Widyastuti,
Saking Trasan Plikon,
Wolu Oktober tahun selawe,
Asesanti sugeng ambal warsi,
Manggih sugih singgih.
Ping suwidak telu.
2.
Gambuh
Kawula matur nuwun,
Kagem Kanjeng Ibu ingkang sampun,
Tansah paring wulang wuruk lan pepeling,
Kerep nraktir wonten warung,
Pinarak ing dalan Beo.
3.
Pucung
Tanggap tangguh Kanjeng Ibu paring tuduh,
Nalika ujian,
Skripsi tesis disertasi,
Kula pasrah mbiji kanthi genep genah.
8 Oktober 2025
Komentar
Posting Komentar