Kampus Bulaksumur
Kampus Bulaksumur
1.
Dhandhanggula
Nyumurupi papan endah asri,
Ing Universitas Gadjah Mada,
Sisih ler dhusune Mbarek,
Karangbendho lan Pugung,
Tawangsari Sendhowo Sekip,
Terban Sagan Kuningan,
Iromejan kidul,
Samirana Karangmalang,
Karanggayam Karangasem Karangwuni,
Pamulangan prayoga.
2.
Pangkur
Perguruan Gadjah Mada,
Milangeni kidul gunung Merapi,
Kondhang kampus Bulaksumur,
Kanan kering binelah,
Kaliurang dalan rame ngalor ngidul,
Mili selokan Mataram,
Kinclong kinclong banyu bening.
3.
Kinanthi
Tindak taman kupu kupu,
Enggar enggaring pengalih,
Kaloka winastan lembah,
Tirta ricik gumaricik,
Agrom edhum jembar wiyar,
Sumiliring angin midhit.
4.
Gambuh
Gedung agung balerung,
Rinengga wit witan kang ngrembuyung,
Kang tinangkil laku akademis inggil,
Mawi upacara luhur,
Wisuda doktor profesor.
5.
Pucung
Sisih kidul gerbang gapura pinunjul,
Margane bulevard,
Pendapa Kagama manis,
Netra suka gelanggang sabha pramana.
6.
Asmarandana
Sujud syukur manjing masjid,
Menara munggah angkasa,
Jiwa sumarah, sumendhe,
Atur puja pangastawa,
Ngening cipta kapitayan,
Manungku sakjroning kalbu,
Pikir dikir mrih waspada.
7.
Megatruh
Cara iguh sakehing baya pakewuh,
Ing Sardjito rumah sakit,
Kagem masyarakat umum,
Gadjah Mada nayogyani,
Waras wiris gya rinaos.
8.
Durma
Gadjah Mada ngupakara wanagama,
Rumeksa ekologi,
Lestari lingkungan,
Wisma bujana wastra,
Tumangkar hayati hewani,
Bisa ngrembaka,
Kajian akademik.
9.
Maskumambang
Gadjah Mada ngleluri lingkungan becik,
Lumantar perpustakaan,
Bobot buku gawe wasis,
Tumrap kadang mahasiswa.
10.
Sinom
Ngungkal tata ketrampilan,
Dosen tendik gita gati,
Dherek pemimpin pangarsa,
Papan pilih gladhen latih,
Landhep lantip pinerih,
Praktek laboratorium,
Gancar lancar kawignyan,
Kabisan kanyatan sayekti,
Gadjah Mada tunggal cipta rasa karsa.
11.
Mijil
Manah manis akademis aris,
Pinandhegan rektor,
Dekan tendik mahasiswa kiye,
Pemerintah rakyat angombyoni,
Tekade nyawiji,
Gegayuhan luhur.
Purwadi,
Alumni UGM
HP 087864404347
Komentar
Posting Komentar