Babad Kadipaten Pekalongan
Babad Kadipaten Pekalongan
Dhandhanggula
Sri Mandurareja Adipati,
Minangka pangarsa Pekalongan,
Putra Mandaraka kiye,
Patih Mataram Punjul,
Titi wanci gya mertandhani,
Slawe Agustus warsa,
Siji nem rolikur,
Sultan Agung Ratu Batang,
Angestreni Pekalongan mekar semi,
Maju hayu tumangkar.
Anelasak manjing anelisik, Pekalongan bumi gemah ripah,
Loh jinawi sae suwe,
Ratu Panggung anjunjung,
Kalinyamat Tengku Hadirin,
Karebet Mas Cepaka,
Sekaring Kedhatun,
Sultan Agung Ratu Batang,
Pra priyayi ngesti jaman retna rukmi,
Ber bandha arta daya.
Winursita wilayah Pesisir,
Asal usul babad Pekalongan,
Tlatah gedhe dagang rame,
Rumuhun Joko Bahu,
Joko Tingkir angolah pikir,
Narendra Kraton Pajang,
Kersa paring dhawuh,
Arya Jepara Prawata,
Wayang buyut Sultan Trenggana nun inggih,
Momongan Kalinyamat.
Joko Bahu kinen mandhegani,
Pekalongan Batang Roban Kendal,
Saurute pesisir ler,
Demak Pajang Matarum,
Tunggal kapti sigra ngombyongi,
Penggalih Ratu Batang,
Ki Ageng Cempaluk,
Lara lapa tapa brata,
Sekar Kedhaton garwa Arya Pangiring,
Tumenggung Bahureksa.
Sultan Agung narendra mentawi,
Dhawuh Tumenggung Bahureksa,
Tapa ngalong tapa ngrame,
Retno Jinoli Syekh Jangkung,
Landoh Kayen brahmana Pati,
Mejang Mandurareja,
Murih tatag tutug,
Pekalongan tata harja,
Siyang ratri manggih rahayu lestari,
Cipta rasa manunggal.
Purwadi,
Ketua Lokantara
Komentar
Posting Komentar