WIYOSAN DANDANG KYAI DHUDHA

 WIYOSAN DANDANG KYAI DHUDHA




1.

Dhandhanggula


Wiyosan dandang pusaka tanah Jawi, 

Winursita dandang Kyai Dhudha, 

Warna cemeng biru jene,

Jaman Ki Ageng Tarub, 

Nawangwulan Dewi Nawangsih, 

Widodari Kahyangan, 

Tedhak turun ratu, 

Getas Pendhawa Ki Sela, 

Kyai Enis Pemanahan Senapati, 

Leluhure Mataram. 


Wanci Jumah Kliwon  wus pinesthi, 

Wilujengan konjuk Kyai Dhudha, 

Sasana Karaton Kilen, 

Tata cara lumaku, 

Sarwa putih warna pinilih, 

Abdi dalem sentana, 

Lima tanggalipun, 

September slawe warsa, 

Mesu budi tunggal ciptaning pangesthi, 

Amiwiti gawe adang. 


Slasa Legi sigra murwakani, 

Tata cara pawon gondorasan, 

Jangkep genep uba rampe, 

Tanggal rolas Agustus, 

Tahun slawe abdi makarti, 

Lenggah saluku juga, 

Tur Ki Ageng Tarub, 

Leluhure Surakarta, 

Kanjeng Gusti Ratu Wandansari niti,

Pusaka Kyai Dhudha. 


2.

Pangkur


Yasa pawon gondorasan, 

Abdi dalem sentana tandang kardi,

Anut tataning leluhur, 

Karaton Surakarta, 

Kayat kayun krana rahayu kayungyun, 

Loh jinawi gemah ripah, 

Pasir wukir panjang punjung. 


Setu Paing adicara, 

Kyai Dhudha miyos karya makarti, 

Enjang kapyarsa gumuruh, 

Karaton Surakarta, 

Kapinuju pawon gondorasan tuhu, 

Pangarsa sagung sentana, 

Angiring puji hastuti. 


3.

Kinanthi


Paugeran Kyai Tarub, 

Pepundhene tanah Jawi, 

Kuwat drajat pangkat semat, 

Jiwa raga sarwa becik, 

Lebda ber bandhu ber bandha, 

Titis wasis samukawis. 


Kusuma rembesing madu, 

Wilwatikta Adipati, 

Bupati wilayah Tuban, 

Wicaksana surasakti, 

Apeputra Rasawulan, 

Kyai Tarub asesiwi. 


4.

Durma


Tedhak turun wayah Kyai Ageng Sela, 

Wutun sregep martani, 

Tanem tuwuh sawah,

Alembah kathah mbruwah, 

Subur makmur jagung lan pari, 

Ngrembuyung pala, 

Ayem tentrem lestari. 


Raden Sahid Kanjeng Sunan Kalijaga, 

Atmaja adipati, 

Tuban Wilwatikta, 

Sang raka Rasawulan, 

Momong Kyai Tarub gemati, 

Tepa tuladha, 

Sanggya trahing narpati. 


5.

Maskumambang


Wus lumaku jaman Kraton Majapahit, 

Demak Pajang lan Mataram, 

Kyai Dhudha kang wigati, 

Murih manggih karaharjan. 


Bondhan Kejawan atmaja Majapahit, 

Sinuwun Brawijaya, 

Palakrama lan Nawangsih, 

Sesunu Getas Pendhawa. 


6.

Pucung


Gelung sanggul kebayak wanita unggul, 

Jarik sida mulya, 

Rinengga samir bang kuning, 

Weh perbawa kehing puja kinabulna. 


Gya lumaku Getas Pendhawa sesunu, 

Kyai Wanasaba, 

Rara Kasihan pawestri, 

Kyai Sela nurunake raja Jawa. 


7.

Mijil


Binarung siliring angin midhit, 

Miyak witing godhong, 

Kidungan donga nuli kemlawe, 

Kraton Kilen kebak ing pamuji, 

Tumraping negari, 

Pinanggih rahayu. 


Kyai Wanasaba trah priyayi, 

Bibit bebet bobot, 

Kadi dene inten mas rinonce, 

Kaloka nami Juru Martani, 

Sabinah linuwih, 

Pangarsa Mentarum. 


8.

Asmarandana


Mligi kagem among tani, 

Tanah subur tegal sawah, 

Guyub rukun gandheng renteng, 

Palagantung palawija, 

Palapendhem palasimpar,

Pari tela jagung puhung, 

Nemahi gemah raharja. 


Rara Kasihan ketitik, 

Becik garwa Kyai Ngerang, 

Kondhang dadi kembang lambe, 

Ki Ageng Penjawi putra, 

Tumanak Ratu Waskitha, 

Prameswari narendra gung, 

Sri Danang Sutawijaya. 


9.

Megatruh


Sigra kabur kehing hama ilang mabur, 

Musna tumuju wiyati, 

Kyai Dhudha saben windu, 

Jeng Sinuwun cethik geni, 

Gondorasan nama pawon. 


Senapati Nyakrawati Sultan Agung, Amangkurat siji dwi tri, 

Paku Buwana rumuhun, 

Mangkurat Jawi kesohor. 


10.

Sinom


Sowan bangsal parasedya, 

Kyai Blawong wus cumawis, 

Kinarya dum duman sega, 

Wujude pusaka piring, 

Lurah mantri bupati, 

Wiwit esuk umun umun, 

Bujana andrawina, 

Pacak baris tinon asri, 

Parisuka pinaringan dhahar sega.


Duking babat kutha Sala, 

Praba Suyasa lumaris, 

Pindhah saking Kartasura, 

Dhateng Surakarta nagri, 

Prajurit pacak baris, 

Parab Kanjeng Sunan Kombul, 

Narendra binathara, 

Mbahu dhendha nyakrawati, 

Ambel adil ber budi bawa laksana. 


11.

Gambuh


Tata cara sewindu, 

Kyai Tarub maringi sumurup, 

Sagung jalmi gumelaring tanah Jawi, 

Emas picis bandha bandhu, 

Ayem tentrem lahir batos. 


Ndherek lekasing ratu, 

Kyai Dhudha pinundhi lumintu, 

Amberkati sakehing sagung dumadi, 

Lelana samya lelaku, 

Tamat lulusing lelakon. 



Setu Paing, 6 September 2025.

Purwadi, 

Ketua Lokantara

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri