Grebeg Sekaten

 Babad Grebeg Sekaten



1.

Dhandhanggula


Pangastuti Kyai Guntur Sari, 

Pusaka Karaton Surakarta, 

Ngumandhang wanci sekaten, 

Nuju pahargyan Mulud, 

Grebeg hari wiyosan Nabi, 

Kanjeng Rasul Muhammad, 

Kyai Guntur Madu, 

Wiwit jaman Demak Pajang, 

Para wali mulang muruk tanah Jawi, 

Tumangkaring agama. 


2.

Mijil 


Mapan sakngajenging masjid suci, 

Kapyarsa katonton, 

Madhep ngidul jajar madhep ngaler, 

Kyai Guntur Madu Guntur Sari, 

Wus ketitik becik, 

Pandonga sumawur. 


3.

Kinanthi


Saking wetan gunung Lawu, 

Kulon Merbabu Merapi, 

Gunung Kendheng ler papannya, 

Kidul gunung sewu asri, 

Sami ngangkah ngalap berkah, 

Daya kekiatan urip. 


4.

Pangkur


Bale pangrawit rinengga, 

Saka guru garapan kayu jati, 

Lenggahan gelaring babut, 

Wiyaga anoraga, 

Sru nenuwun puja puji kayat kayun, 

Kayungyun ing kautaman, 

Atemahan nyantosani. 


5.

Maskumambang


Gumolonging cipta gumelenging kapti, 

Miturut tata panembah,

Murih basuki lestari, 

Murah sandhang pangan papan. 


6.

Pucung


Gendhing Rambu lambang panembah sidheku, 

Sanggar pamelengan, 

Prihatin lelaku batin, 

Bangsal pradangga lor kidul lumaksana. 


7.

Megatruh


Gendhing Rangkung rumeksa sigra mangungkung, 

Peksi putih ing wiyati, 

Mentiyung gendhing lung gadhung, 

Rendeng pala warni warni, 

Anndhong andhong sulur oyot. 


8.

Gambuh


Mbako suruh sesuluh, 

Endhog kamal pinaringan kawruh, 

Orang oring gendhing wangi trus sumriwing, 

Ing laladan masjid agung, 

Karya reresik kekonyoh. 


9.

Sinom


Subingah gendhing sumringah, 

Merak ati kang miyarsi, 

Lenggang rebon sung wewarah, 

Suruh ngangsu kawruh asli, 

Mbako rasane pait, 

Waja untu kukuh bakuh, 

Wus sinebut sad rasa, 

Kecut sepet legi asin, 

Datan sepa jiwa raga paripurna. 


10.

Durma


Atur atur gendhing babaran kotaman, 

Gendhing gleyong angirit, 

Konduring sang nata, 

Abdi dalem sentana, 

Maneka warni tinon asri, 

Bayem tur munya, 

Sumewa pra kawula. 


11.

Asmarandana


Gunung jaler gunung estri, 

Ginarebeg mawurahan, 

Wingking gendhing carabalen, x 

Sentana wadya arapak, 

Tamtama sarta perwira, 

Umyung swaraning gumuruh, 

Pindha ombaking samudra. 


Rabu Pon, 2 September 2025.

Purwadi, 

Ketua Lokantara.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri