FAKULTAS UGM NGUDI LUUHUR
FAKULTAS UGM NGUDI LUUHUR
1.
Fakultas Ekonomi Bisnis
Pangkur
Ekonomi kerakyatan,
Ambelani nasib rakyat wong cilik,
Murih melu mesem guyu,
Perlune kebutuhan,
Desa gunung kutha tumangkar ngrembuyung,
Perguruan Gadjah Mada,
Saka guru olah pikir.
2.
Fakultas Ilmu Sosial Politik
Pangkur
Mungguh weruh peprintahan,
Fakultas ilmu sosial politik,
Kampanye proses pemilu,
Sosiologi ajar,
Hubungan internasional kadulu,
Komunikasi ginelar,
Kuliah ing sosiatri.
3.
Fakultas Peternakan
Mijil
Domba menda kuda kebo sapi,
Banyak meri menthok,
Ayam jago babon minthi bebek,
Fakultas Peternakan memetri,
Makanan bergizi,
Lega luwih lawuh.
4.
Fakultas Pertanian
Mijil
Fakultas Pertanian mersudi,
Pelem jambu melon,
Sawo nangka cerme dhuku kates,
Timun krai kenthos jeruk garbis,
Salak apel manggis,
Juwet pisang munggur.
5.
Fakultas Kehutanan
Durma
Kayu jati kayu mranti kayu sana,
Tengahing alas urip,
Fakultas Kehutanan,
Nliti bisane untung bathi,
Wilayah jembar,
Perlu berjuang gigih.
6.
Fakultas Biologi
Asmarandana
Ing Fakultas Biologi,
Kawentare ilmu hayat,
Mamalia amfibie,
Karnivora herbivora,
Reptilia omnivora,
Naliti sakehing mahluk,
Pinanggih bagya minulya.
7.
Fakultas Geografi
Maskumambang
Gambar jagad ing Fakultas Geografi,
Winawas kanthi permana,
Padhas watu isi bumi,
Tenanan ngreksa lingkungan.
8.
Fakultas Farmasi
Pucung
Kang ginayuh suker sakit gelis sembuh,
Badan bagas waras,
Mardi Fakultas Farmasi,
Tamba teka krana obat lara lunga.
9.
Fakultas Kedokteran Umum
Megatruh
Kondhang arum kadang kedokteran Umum,
Fakultas sinau medis,
Tandang turun kebak purun,
Pengabdian mring sesami,
Najan repot sanggan abot.
10.
Fakultas Kedokteran Gigi
Megatruh
Kedokteran gigi ngreksa waja untu,
Kudu eling sehat penting,
Fakultas luhur misuwur,
Sakeh perih musna nyingkrih,
Panjang yuswa bakal klakon.
11.
Fakultas Hukum
Gambuh
Kawruh hukum sadarum,
Ing Fakultas hukum ngambar arum,
Madeg jejeg kukuh bakuh bener adil,
Pradata praja njunjung,
Subur makmur ayem ayom.
12.
Fakultas Psikologi
Gambuh
Mardi asung pituduh,
Tutur ampuh sepuh kang ginayuh,
Kadang Fakultas Psikologi,
Jiwa susah trus gumuyu,
Wus sumeleh lahir batos.
13.
Fakultas MIPA
Gambuh
Etung etung jinurung,
Fakultas MIPA ngawruhi petung,
Angleluri tambah kurang kali bagi,
Lagak lagu lugas lugu,
Ora pareng kejelomprong.
14.
Fakultas Teknik
Jurusan arsitektur,
Mesin sipil geodesi katur,
Geologi nuklir perlu yen dipikir,
Fakultas Teknik mituhu,
Maweh perbawa sumorot.
15.
Fakultas Kedokteran Hewan
Sinom
Nihan Kedokteran Hewan,
Fakultas nyata wigati,
Sakjinising sato kewan,
Raja kaya puniki,
Undhaking wulu pametu,
Aburing iwen sehat,
Sugih luwih sangga singgih,
Adoh jembar ingon ingon trus tumangkar.
16.
Fakultas Filsafat
Dhandhanggula
Lumaksana sarjana winasis,
Mbudidaya Fakultas Filsafat,
Olah pamikir mentereng,
Sepi sonya merenung,
Amarsudi dugi subtansi,
Syariat lan tarikat,
Krungu ndulu ngrungu,
Hakikat nganti makrifat,
Anyunari padhang jingglang anelahi,
Ilmu kawicaksanan.
17.
Fakultas Vokasi
Kinanthi
Leladi sinebut juru,
Contone Juru Martani,
Anggegladhi ketrampilan,
Cocok Fakultas Vokasi,
Kebanggaan Gadjah Mada,
Kanggo sanguning makarti.
18.
Sekolah Pasca Sarjana
Pucung
Payung agung dadi sekolah ginunggung,
Ing Pasca Sarjana,
Kawruh landhep tambah lantip,
Wus kababar sakwernane jagad anyar.
19.
Fakultas Ilmu Budaya
Dhandhanggula
Gelis wasis bahasa Perancis,
Jepang Inggris lan Indonesia,
Bahasa daerah age,
Antropologi antuk,
Gathuk mathuk arkeologi,
Sejarah saestu,
Fakultas Ilmu Budaya,
Jatidhiri nusa bangsa den upadi,
Dhedhasar Pancasila.
Purwadi,
HP 087864404347
Alumni S1, S2, S3 UGM.
Mas. Fakultas Pertanian. ora mung olah woh2an tapi juga jagung. pari, vandel polo gumantung.lan kependhem
BalasHapus