BABAD PANEMBAHAN SENAPATI
BABAD PANEMBAHAN SENAPATI
KI AGENG PAMANAHAN
1.
Dhandhanggula
Pamanahan lan Juru Martani,
Pinaringan dening Sultan Pajang,
Krana gedhe pisungsunge,
Sumungkem labet labuh,
Darma bekti marang negari,
Tumuju wana wasa,
Mentaok satuhu,
Binuka mulaning praja,
Gya lumaris babad tlatah ing Mentawis, Sinebut Ngeksiganda.
Nguningani bebadan wigati,
Wus kaloka Sasana Wilapa,
Nindakake rehing gawe,
Tata praja lumaku,
Wiwit jaman kraton Mentawis,
Dumugi Surakarta,
Gancar mathuk gathuk,
Adhedhasar paugeran,
Carik tulis perdana menteri aris,
Pakaryan lumaksana.
Gusti Kanjeng Ratu Wandansari,
Pangageng ing Sasana Wilapa,
Siji Nopember wiyose,
Seket sanga kang tahun,
Panjang yuswa ambaling warsi,
Abdi dalem mahargya,
Pamuji rahayu,
Lenggah agung binathara,
Wus lestari mbahu dhendha nyakrawati,
Karaton Surakarta.
Gusti Ratu Moertiyah marisi,
Lekas luhur Kanjeng Sultan Pajang,
Jaka Tingkir Mas Karebet,
Sumare aneng Butuh,
Nyata paring tepa palupi,
Trah Prabu Brawijaya,
Peputra Pembayun,
Dipati Handayaningrat,
Turun Pengging darah luhur tirta wening,
Ngejayeng tanah Jawa.
Trah Mataram turun Majapahit,
Peputra Raden Bondan Kejawan,
Nawangsih iku garwane,
Atma Ki Ageng Tarub,
Getas Pendhawa asesiwi,
Asma Ki Ageng Sela,
Ki Ageng Nis Sunu,
Trah tumerah Pemanahan,
Senapati Sutawijaya kang nami,
Ngabehi Loring Pasar.
KI AGENG PENJAWI
2.
Pangkur
Laladan ing Ngeksiganda,
Cikal bakal dumadine Mentawis,
Mentaok alas misuwur,
Kutha Gedhe kaloka,
Kang pinunjul sinengkuyung Jeng Ratu Kidul,
Kalawan nata Mataram,
Angedhaton Jalanidhi.
Sasana Wilapa tandang,
Nyambut karya tata titi permati,
Mandra budaya binantu,
Pra prajurit bregada,
Bahu suku karti praja atut laku,
Suranata yogiswara,
Nihan Ki Ageng Penjawi.
Ambeg adil paramarta,
Myang ber budi bawa laksana yekti,
Tangguh tanggon paring dhawuh,
Amemayu bawana,
Gusti Ratu Wandansari amituhu,
Ing Lembaga Dewan Adat,
Penjawi paring tuladha.
Pasrah Gusti Koes Moertiyah,
Seba sowan mring Ki Ageng Penjawi,
Juru Martani misuwur,
Ki Ageng Pemanahan,
Nyata sepuh barang tandang gawe ampuh,
Myang Sultan Hadiwijaya,
Tata titi tatas titis.
Saka Dhomas Bale Retna,
Kraton endah sakmadyaning jaladri,
Dhasaring samudra kidul,
Pating clorot kumerlap,
Mas jumerut urut runtut sarwi patut,
Nyai Rara Kidul ngreksa,
Jeng Ratu Kencana Sari.
RATU KENCANA SARI
3.
Mijil
Ketan biru pancen Dhaharing Narpati,
Jeng Ratu ngedhaton,
Kencana Sari wadya balane,
Lelana nitih kuda sembrani,
Ageman kang warni,
Ijone lembayung.
Sigra Sasana Wilapa gelis,
Kumricik gumrojog,
Jumbuh nuting jaman kelakone,
Miturut lan angger anggering negari,
Dasar konstitusi,
Njunjung tertib hukum.
Siyang ratri kersa mandhegani,
Pangarsa Karaton,
Subasita budaya rinonce,
Tata krami dhasaring utami,
Gusti Wandansari,
Medhar unggah ungguh.
Nulad Panembahan Senapati,
Bebet bibit bobot,
Binangun Mataram Kutha Gedhe,
Prameswari Jeng Waskitha Jawi,
Gusti Wandansari,
Ngabekti leluhur.
Bedhaya Ketawang beksan suci,
Prabane sumorot,
Kagem mangayu bagya rawuhe,
Kanjeng Ratu Sri Kencana Sari,
Nata Jalanidhi,
Dhasar Laut Kidul.
SULTAN HADIWIJAYA
4.
Kinanthi
Hadiwijaya dhumawuh,
Ingkang putra Senapati,
Ambangun praja Mataram,
Gancar hadeging negari,
Sareng Pangeran Benawa,
Guyub rukun amakarti.
Karya sigrak rampak rampung,
Sana Wilapa ngatasi,
Upacara tata cara,
Abdi dalem nayogyani,
Mapan sentana kawula,
Siyaga ing pacak baris.
Pawiyatan wulang wuruk,
Kawruh sejarah tradisi,
Tata wicara busana,
Gusti Wandan wis angrintis
Ngelmu Kraton Surakarta,
Adi luhung edi peni.
Nlesih sejarahing Ratu,
Prabu Hadi Nyakrawati,
Besan Pangeran Benawa,
Krama Ratu Banuwati,
Sultan Agung ingkang putra,
Nulad Gusti Wandansari.
Babad Mentaok dinulu,
Wibawa widada prayogi,
Kanjeng Pangeran Benawa,
Nggulawenthah siswa siswi,
Mbangun kehing pawiyatan,
Sumebaring tanah Jawi.
KI JURU MARTANI
5.
Sinom
Sesepuh bumi Mataram,
Nami Ki Juru Martani,
Kinasihing Sultan Pajang,
Wonosobo asesiwi,
Ratu Waskitha Jawi,
Patih Mataram rahayu,
Turun warangka nata,
Raja brana emas picis,
Sama beda dana dhendha Ngeksiganda.
Rikat trampil glis trengginas,
Sana Wilapa ing ngarsi,
Pawiyatan pengajaran,
Kerawitan beksan gendhing,
Gladhen sinau tari,
Waranggana swara arum,
Slasa Kliwon latihan,
Tekan tekun ngisis ringgit,
Pangastuti puji Bedhaya Ketawang.
Darma bakti pra pangarsa,
Sentana kawula bekti,
Gumreget sengkut gumregah,
Rumeksa kanthi permati,
Upacara tradisi,
Grebeg besar pasa Mulud,
Wilujengan negara,
Selikuran nyadran nguni,
Ngalap berkah ndherek Gusti Koes Moertiyah.
Susuhunan Amangkurat,
Kanjeng Sunan Tegalwangi,
Raja sakti mandraguna,
Pundhen Gusti Wandansari,
Narendra ing Mentawis,
Sugih bandha picis bandhu,
Garwa Ratu Kencana,
Sumirat kencana rukmi,
Ing Majenang Pancurendang Ajibarang.
Nyata sugih bandha dunya,
Adipati Jeng Penjawi,
Sumber banter kathah lisah,
Kayu sana kayu jati,
Rejeki mbantu mili,
Ingon ingon manuk kutut,
Tanduran pari gaga,
Barang larang watu gamping,
Wis sembada sesumbang hadeging praja.
RATU KALINYAMAT
6.
Gambuh
Demak Bintara iku,
Kalinyamat Ratu kawat baku,
Putra putri den paringi kawruh jati,
Pajang Mataram lumaku,
Gancaring alas Mentaok.
Saguh asung pituduh,
Linambaran solah bawa wutuh,
Tanda bukti bebadan kang nyuri uri,
Sasana Wilapa tuhu,
Kondhang kaonang kesohor.
Pakasa sung pisungsung,
Udhu bahu suku lan panemu,
Mangastuti dhawuh Kanjeng Wirabhumi,
Tumangkar agung ngrembuyung,
Gawa gawe bakal awoh.
Mangkurat Amral luhur,
Raden Rahmat saking Jawa Timur,
Surabaya Kanjeng Adipati Pekik,
Garwa Wandansari Ratu,
Mbangun Kartasura Kraton.
Kalinyamat sinjang rambut,
Adedunung ing puncaking gunung,
Danaraja tlatah loring Bangsri Keling,
Sayembara dipunpupu,
Pamanahan boten abot.
RATU WASKITHA JAWI
7.
Pucung
Kanjeng Ratu Waskitha Jawi mituhu,
Caos bandha arta,
Sumbering bumi pesisir,
Ing Mataram prameswari ngeram eram.
Padha melu sangkane sajuru juru,
Maneka daerah,
Bareng pakasa leladi,
Jenak penak ndherek Sasana Wilapa.
Dina Minggu sami ajar seni baku,
Beksan karawitan,
Gusti Wandan anenggani,
Parisuka ngesti endahing budaya.
Kang ginilut kesenian urut patut,
Reriptan narendra,
Ayem tentrem jroning ati,
Mangkurat Mas mutiara Kali Brantas.
Kersa udhu soking dhuwit trus lumintu,
Prameswari nata,
Jeng Ratu Waskitha Jawi,
Garwa nata wus sumungsung beya dana.
PRABU HADI HANYAKRAWATI
8.
Asmarandana
Winarni Juru Martani,
Putrane Ki Ageng Saba,
Winasis perbawa gedhe,
Amomong Sutawijaya,
Lara lapa tapa brata,
Winengku budi utama,
Mangka Mataram Binangun,
Dharah luhur Wanasaba.
Prabu Hadi Nyakrawati,
Pangeran Pati Mataram,
Bener pener nyambung ngronce
Sentana lila legawa,
Kawula suka gembira,
Abdi dalem mesem ngguyu,
Dulur tunggal pasuwitan.
Garwa Ratu Bsnuwati,
Putra Pageran Benawa,
Joko Tingkir kopen kajen,
papua Bali Sumatra,
Cirebon nusa Tenggara,
Sulawesi lan Maluku,
Sinambung manca nagara.
Paku Buwana ping siji,
Garwa Ratu Mas Balitar,
Amangkurat Jawi putrane,
Ngereh Kraton Kartasura,
Muncar gebyar gilar gilar,
Sami purun Wong Madiun,
Kediri Ngawi Bang Wetan.
Kepanjingan pangkat patih,
Warangka nata Mataram,
Lestari tedhak turune,
Kanjeng Patih Mandaraka,
Uga Patih Sindureja,
Agul aguling Mentarum,
Wasis olah peprintahan.
RATU RETNA DUMILAH
9.
Megatruh
Duk nalika lakon Bupati Madiun,
Rangga Jumena Dipati,
Retna Dumilah wis purun,
Dadya garwa prameswari,
Mila enggal dipun boyong.
Wulang wuruk layang buku wus pikantuk,
Serat Wulangreh Centhini,
Pustaka Raja dinulu,
Sana sunu candrarini,
Reriptan pujangga katong.
Mejang tulus sarwa besus jroning kampus,
Seminar bawa diskusi,
Gusti Mung aliru kawruh,
Nuju prana kang miyarsi,
Pikantuk wejangan Kraton.
Saya unggul jejuluk Sinuwun Kombul,
Kalih dasa Pebruari,
Pitulas patlima tahun,
Pindhahan kutha negari,
Surakarta Kedhaton.
Sampun mathuk Retna Dumilah sarujuk,
Manungkul karana aris,
Kusuma rembesing madu,
Demak Pajang wus manunggil,
Mataram tambah kesohor.
PANGERAN KARANGGAYAM
10.
Durma
Bawa rasa angudi kawruh utama,
Ngasah mingising budi,
Jeng Sutawijaya,
Ngabehi Loring Pasar,
Pangeran Karanggayam wasis,
Limpat seprapat,
Mandraguna lan sekti.
Ngarah arah wewarah pujangga turah,
Sastra piwulang becik,
Kusuma Dilaga,
Kyai Yasadipura,
Ranggawarsita Raden Bei,
Lan Sindusastra,
Sarana mesu budi.
Wakil rakyat Gusti Mung paring manfaat,
Anggota legislatif,
Nyengkuyung budaya,
Micara ing Senayan,
Berjuang ing DPR RI,
Lila legawa,
Kukuh bakuhing nagri.
Nata agung Sri Sunan Paku Buwana,
Kanjeng Sinuwun katri,
Wasis gendhing sastra,
Nyerat Wiwaha Jarwa,
Ratu Beruk kang prameswari,
Putri Bang Wetan,
Dipati Surabangi.
Gagah mewah wewarah den arah arah,
Wedharan Nitisruti,
Riptan Karanggayam,
Dwija kondhang kaonang,
Nyingkirke memalaning bumi,
Kanthi sabar drana,
Patrape mawas diri.
PANGERAN TIMUR
11.
Maskumambang
Pangeran Timur Madiun Adiipati,
Atmaja Sultan Trenggana,
Retna Dumilah ngabekti,
Suwita Kraton Mataram.
Kawentar Sasana Wilapa ngrampungi,
Sakehing barang pakaryan,
Karyenak tyasing sesami,
Sumewa padha suwita.
Perjuangan Gusti Ratu Wandansari,
Sinengkuyung pra kawula,
Labuh labet darma bakti,
Surakarta Hadiningrat.
Gusti Koes Moertiyah sagah ambelani,
Ya Daerah Istimewa,
Lewat jalur konstitusi,
DIS terang cemerlang.
Asesanti jaya jaya wijayanti,
Kalis saking sambikala,
Panjang yuswa waras wiris,
Cukup sandang pangan papan.
Kawibawan kawidadan Senapati,
Aglar muncar wus sumebar,
Ngrenggani bumi pertiwi,
Amahargya nusantara.
Wahyu Keprajan
1.
Dhandhanggula
Kanjeng Panembahan Senapati,
Gentur lara lapa tapa brata,
Tekad gedhe ngemban cindhe,
Ngudi nugraha turun,
Gilang Lipuro ing pangesti,
Keprabon cakraningrat,
Cumlorot kang ndaru,
Ketaman wahyu jatmika,
Mesu budi saurute jalanidhi,
Gisik Parangkusuma.
Setya ngembani Juru Martani,
Kang atmaja narendra Mataram,
Mangastuti gya sumendhe,
Saranane lelaku,
Cetha pana pranaweng kapti,
Olah rasa kasubratan,
Tinelaten tulus,
Telas harda pinusara,
Pakar pikir labuh labet gya ingukir,
Ngejayeng Ngeksiganda.
Handayani Jeng Waskita Jawi,
Tedhak turune Ki Ageng Ngerang,
Surasakti pesisir ler,
Tur ber bandha ber bandhu,
Ki Penjawi bupati Pati,
Dene Retna Dumilah,
Pangarsa Madiun,
Tedhaking Rangga Jumena,
Bibit aji jiwa raga wis nyawiji,
Demak Pajang Mataram.
Kraton ageng praba merbawani,
Prabu Hadi Nyakrawati lenggah,
Dhampar retna jejer moncer,
Asri lamun dinulu,
Anggentosi keprabon nuli,
Upacara kaprajan,
Megeng napas sujud,
Sembahyang ing watu gilang,
Puja puji ingembanan prameswari,
Darah karaton Pajang.
Tepa palupi Dyah Banuwati,
Siwi ayu Pangeran Benawa,
Kang ibu menggalih gedhe,
Rara Tasikmadu,
Pamekasan suta bupati,
Wisma ing Surabaya,
Bandaran kang agung,
Pelabuhan Tanjung Perak,
Dagang layar kayu sarem gamping laris,
Gancaring daya arta.
Sinuwun Hadi Hanyakrawati,
Dyah Banuwati minangka garwa,
Mumpuni kasarjanane,
Suka ambangun gedhung,
Pesanggrahan den arah bathi,
Pasewan Jayakarta,
Gumyak sigrak rebut payu,
Sambung srawung manca praja,
Emas picis anglumpuk lumaris manis,
Nambah santosa praja.
Dodol lisah bumi banyu mili,
Blora Bojonegoro lan Tuban,
Winangun punjering bale,
Dedunung kutha Cepu,
Banuwati angindhit dhuwit,
Karya wragat negara,
Mrih kuncara arum,
Mataram ngejayeng jagad,
Prameswari weruh petung lincah kesit,
Nuhoni trahing Pajang.
Raja putra Pajang kang winarni,
Asmanipun Pangeran Benawa,
Wusnya minulya sumare,
Ing Morotoko dhukuh,
Kapernah desa Wateshaji,
Minangka pajimatan,
Agung inggil luhur,
Suka lila angrumeksa
Warga Pati kecamatan Pucakwangi,
Ginanjar antuk berkah.
Narendra gung Raden Jaka Tingkir,
Jejuluk Sultan Hadiwijaya,
Kang kawentar Mas Karebet,
Wasis waskitha ampuh,
Tedhak turun priyagung Pengging,
Atma Kebo Kenanga,
Tur rembesing madu,
Dhasare trahing kusuma,
Ratu Pembayun Dayaningrat Dipati,
Turase Brawijaya.
Kanjeng Ratu Cepaka linuwih,
Ingkang ibu Pangeran Benawa,
Pindha melathi rinonce,
Ganda sumerbak arum,
Sekar dhaton kinasih aji,
Kanjeng Sultan Trenggana,
Bagas bagus alus,
Ber budi bawa laksana,
Ambeg adil mbahu dhendha anyakrawati,
Nata Demak Bintara.
Ratu Kalinyamat luwih sugih,
Pangeran Hadirin wus anggarwa,
Asale Samudra Pase,
Ber bandha lan ber bandu,
Rajabrana inten mas picis,
Rena tata wiyata,
Kawruh wulang wuruk,
Benawa ndherek suwita,
Gelis wasis tatas titis samukawis,
Meguru aneng Jepara.
Sami ndherek Pangeran Hadirin,
Kanjeng Madiun Rangga Jumena,
Dipati Pangeran Onje,
Benjang nuli kajunjung,
Purbalingga mangka bupati,
Raden Joko Kahiman,
Derajat ngaluhur,
Adipati Banyumas,
Wus permati nggulawenthah siswa siwi,
Jeng Ratu Kalinyamat.
Banuwati sung tepa palupi,
Minangka dadi garwa pangarsa,
Candra tiyang sepuh lare,
Mbudidaya praja maju,
Kanca estri wruh jatidhiri,
Wisma boga lan wastra,
Wareg cekap cukup,
Butuh jembar jangkah wiyar,
Sagung putri kebat rikat amakarti,
Mbangun nagri Mataram.
TATA CARA
2.
Pangkur
Banuwati mulang mejang,
Tata cara urip sampun kawuri,
Warisan para leluhur,
Demak Pajang Mataram,
Ilmu laku pasahe krana panemu,
Gumregut greget gumregah,
Prameswari kang sejati.
Pangeran Benawa putra,
Paring asma Ratu Dyah Banuwati,
Wanita hayu rahayu,
Dhauping palakrama,
Prabu Hadi Nyakrawati gya miyos sunu,
Sultan Agung Nyakrasuma,
Narendra Kraton Mentawis.
Wondene Rangga Jumena,
Retna Dumilah garwa Senapati,
Tedhak turune Madiun,
Jeng Ratu Mas Balitar,
Prameswari Paku Buwana kang sepuh,
Tangguh tangggon tansah tanggap,
Ambawani tanah Jawi.
Benawa asung tuladha,
Nurunake darah santri priyayi,
Nggegulang sabarang ilmu,
Pesantren gya ngrembaka,
Pamulangan dadi piranti pituduh,
Gumebyar gilar sumebar,
Kinarya sangu makarti.
Aneng tlatah Jawi wetan,
Garwa Prabu Hadi Hanyakrawati,
Mrantasi pakaryan rampung,
Tuwa mudha pinercaya,
Langkah maju panemu laju limaku,
Mawi jejeging redana,
Kanjeng Ratu Banuwati.
LELUHUR PAJANG
3.
Gambuh
Sembada ampuh tangguh,
Darma bakti konjuk para sepuh,
Prameswari Kanjeng Ratu Banuwati,
Angengeti bapa ibu,
Mula banjur sregep maos.
Sowan marang leluhur,
Kraton Surakarta kang misuwur,
Putra Pajang sumare laladan Pati,
Benawa paring pitutur,
Mawi wejangan miraos.
Pangeran Benawa perlu,
Medharake sanggya ilmu laku,
Kawruh sepuh wutuh kasampurnan jati,
Drajat pangkat semat wahyu,
Rumasuk padhang sumorot.
Kedhung kawruh pituduh,
Banuwati prameswari wutuh,
Barang kalir lumaku gancar sumilir,
Mataram sangsaya maju,
Ing bawana trus kesohor.
SERAT PANGRACUTAN
4.
Kinanthi
Sampun mulang Sultan Agung,
Prameswari Banuwati,
Kawruh tama niti praja,
Sinerat ing sastra gendhing,
Wacan serat pagracutan,
Dimen dadi jalma lantip.
Benawa patut tiniru,
Bekti marang Senapati,
Pasrah panguwasa Pajang,
Kawibawan kraton Pengging,
Lumintir aneng Mataram,
Supaya lumaku becik.
Nak tumanak run tumurun,
Pangeran Benawa iki,
Pinaringan kanugrahan,
Kawiryan hartawan wasis,
Demak Pajang lan Mataram,
Widada sugeng lestari.
Adi luhung jiwa agung,
Kanjeng Ratu Banuwati,
Garwa nata ing Mataram,
Krana maringi tuladha,
Wulang wuruk becik apik,
Pepundhen para kawula,
Labuh labet mring negari.
PAJIMATAN GIRILAYA
1.
Pangkur
Pajimatan Girilaya,
Wus sumare Jeng Ratu Banuwati,
Ingkang ibu Sultan Agung,
Putra Raden Benawa,
Ayu hayu ayem ayom tur rahayu,
Wayah dalem Sultan Pajang,
Turun Demak Majapahit.
Putra wayah sami nyadran,
Kawibawan kawidadan nyekapi,
Gilang Lipura den anut,
Surakarta Ngayogya,
Trah Matarum kuncara arum sadarum,
Tampi mulya bagya rena,
Titis manis dana picis.
DARAH PENGGING
2.
Asmarandana
Mbrebes mili darah Pengging,
Makurung Handayaningrat,
Kebo Kenanga Karebet,
Kanjeng Ratu Mas Cempaka,
Sultan Trenggana ing Demak,
Raden Patah Ratu Panggung,
Sunan Ampel Surabaya.
Daha Medhang Singasari,
Kahuripan Demak Pajang,
Leluhur Mataram kiye,
Mesu budi tapa brata,
Semedi Gilang Lipura,
Minangka srana pinuwun,
Run tumurun nak tumanak.
SELA GILANG LIPURA
1.
Maskumambang
Tata cara wanci hari Jemah Legi,
Ing Sela Gilang Lipura,
Kauman Pandak marsudi,
Gilangharjo Bantul Yogya.
Kersa tedhak Gusti Ratu Wandansari,
Mandhegani upacara,
Wolu likur Pebruari,
Rong ewu slawe kang warsa.
2.
Mijil
Sami memetri budaya Jawi,
Asumber kedhaton,
Laras nuting jaman age,
Jatidiri basuki lestari,
Ketitik becik,
Tuladha tiniru.
Leluhur Karaton sung palupi,
Momong momor momot,
Kinen warisan ngrembaka rame,
Wedharan pujangga kang prayogi,
Kasastran tinulis,
Bisa kanggo sangu.
SASTRA PIWULANG
3.
Pucung
Kang cinatur dhawuhi priyayi luhur,
Nut sastra piwulang,
Wedhatama candrarini,
Panembahan Senapati kanugrahan.
Mrih rahayu upacara kang tinuju,
Gawa gawe gancar,
Among tani dagang bathi,
Suka rena panggah panggih ing yuwana.
Purwadi,
Ketua Lokantara
HP 087864404347
Komentar
Posting Komentar