BABAD PANCASILA SAKTI
BABAD PANCASILA SAKTI
1.
Dhandhanggula
Pancasila lahir siji Juni,
Tahun siji sanga papat lima,
Minangka dadi dhasare,
Negara kukuh bakuh,
Nalika BPUPKI,
Sidang para pejuang,
Wiwit hadegipun,
Republik Indonesia,
Undang Undang empat lima anyartani,
Lampahing kamardikan.
2.
Pangkur
Perjuangan kamardikan,
Asesanti maju terus mandhiri,
Murih jumbuh kang ginayuh,
Bhinneka Tunggal Ika,
Karep kayun tekad kuat gya kayungyun,
Kejayaan nusantara,
Sendhen Pancasila sakti.
3.
Mijil
Pancasila dhasare negari,
Ndherek proklamator,
Bung Karno winisuda Presiden,
Bung Hatta nglenggahi dados wakil,
Dwi tunggal pemimpin,
Rakyat wus nyengkuyung.
4.
Gambuh
Jumangkah tanggap tangguh,
Pancasila falsafahe ampuh,
Presiden Soeharto pangarsa ping kalih,
Duking jaman orde baru,
Subur makmur ayem ayom.
5.
Pucung
Tetep melu BJ Habibie katelu,
Presiden kaloka,
Moncer ahli teknologi,
Pancasila angrenggani nusantara.
6.
Maskumambang
Tuladha Presiden Abdurrahman Wahid,
Santosa ing Pancasila,
Bukti bapak toleransi,
Linambar wawasan jembar.
7.
Durma
Tekad waja nyata wanita utama,
Presiden Megawati,
Mranata negara,
Dhedhasar Pancasila,
Sarwa becik bareng wong cilik,
Cipta manunggal,
Labuh ibu pertiwi.
8.
Sinom
Pancasila tetep jaya,
Wulang wuruk filosofi,
Angger angggering negara,
Peraturan konstitusi,
Praja dipun teliti, Nglenggahi miturut hukum,
Paugeran pranatan,
Presiden ping nem mersudi,
Susilo Bambang Yudhoyono makarya.
9.
Asmarandana
Nihan Presiden Jokowi,
Siigra bantu Jusuf Kalla,
Wakil Presiden mentereng,
Kulina sabarang pana,
Caket terampil trengginas,
Pancasila wantah wutuh,
Tata raharjaning praja.
10.
Kinanthi
Presiden Prabowo unggul,
Pancasila trus kaesthi,
Kebijakan kerakyatan,
Makanan gratis bergizi,
Pisungsung sagung taruna,
Tatas titis gelis wasis.
1 Oktober 2025
Purwadi,
FBSB UNY
Komentar
Posting Komentar