PUTRI NARPA WANDAWA KRATON SURAKARTA
PUTRI NARPA WANDAWA KRATON SURAKARTA
1.
Dhandhanggula
Putri Narpa Wandawa winarni,
Kraton Surakarta Hadiningrat,
Lima Juni ing tanggale,
Siji sanga tri satu,
Hadeging kang organisasi,
Sabarang sumurup,
Jeng Ratu Koes Sapariyah,
Kanjeng Gusti Hangabehi mangestoni,
Jumeneng ping sewelas.
2.
Pangkur
Gagrag wanita mardika,
Gya anggagas laku jaman sakmangkin,
Winawas sarta winuwus,
Putri Narpa Wandawa,
Saya maju kawruh ngelmu pancen perlu,
Owah gingsiring kahanan,
Kawignyan sugih linuwih.
3.
Kinanthi
Wiwit tahun telung puluh,
Jagad gumebyar nelahi,
Putri Narpa sung sesumbang,
Panguripan murih becik,
Bale wisma ing bebrayan,
Katiti kanthi permati.
4.
Asmarandana
Welas asih marang dasih,
Gegladhi momong kawula,
Sutra jejer emas moncer,
Karana trampil trengginas,
Kepinteran ketrampilan,
Linambaran barang kawruh,
Putri Narpa wus sembada.
5.
Maskumambang
Putri Narpa Wandawa sigra lumaris,
Run tumurun rah tumerah,
Manggihi kencana rukmi,
Angrenggani jagad raya.
Slasa Legi, 12 Agustus 2025.
Purwadi,
Ketua Lokantara
Komentar
Posting Komentar