Babad Dr Sunarno Mantu

 Babad Dr Sunarno Mantu





1.

Dhandhanggula


Sanak kadang caos pangastuti, 

Mas Muhammad Rasyid Nur Khalifah

Sanga Agustus selawe, 

Wusnya tinata dhaup, 

Habibatul Unayah nenggih, 

Lestari palakrama,

Tansah guyub rukun, 

Brayat Bapak Abdurrahman, 

Bu Ayuni Pak Sunarno Bu Haryati,

Bagya mulya raharja.


2.

Pangkur


Gumarojog kanugrahan

Wus rinengga gangsa munya angrangin, 

Sanak kadang sami rawuh, 

Madiun Yogyakarta

Guyub rukun suka lila kayat kayun, 

Kawibawan kawidadan, 

Mbak Habibatul Mas Rasyid. 


3.

Kinanthi


Tamu maringi pangestu, 

Manten basuki lestari, 

Pawiwahan asri endah, 

Pasugatan mbanyu mili, 

Sedaya edi mirasa, 

Regeng gayeng merak ati. 


4.

Gambuh


Ayu hayu rahayu, 

Manten teguh tekad kuat bakuh, 

Bale wisma binangun kanthi permati, 

Jumbuh kang sami ginayuh, 

Kulawarga ayem ayom. 


5.

Pucung


Manten agung rejeki mulur ngrembuyung, 

Lir mimi mintuna

Gemah ripah loh jinawi,

Panjang punjung tata titi karta harja. 



Setu Pon

9 Agustus 2025,

Purwadi Sari

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri