TJITRASOMA BUPATI JEPARA

 TJITRASOMA BUPATI JEPARA




1.

Dhandhanggula


Nitik cariyos Jenggala Manik, 

Leluhur bupati Tjitrasoma, 

Kahuripan Medhang rame, 

Singosari Panjalu, 

Majapahit Daha Kediri, 

Nuli Demak Bintara, 

Pengging kang rumuhun, 

Kasultanan Pajang, 

Panembahan Senopati amurwani, 

Hadeg Kraton Mataram. 


Dina Kemis Pon wanci prayogi,

Sepuluh Juli katiti mangsan, 

Tahun rong ewu selawe, 

Sigrak gumyak sawegung, 

Upacara kagem mengeti, 

Bupati ing Jepara, 

Sayekti misuwur, 

Adipati Tjitrasoma, 

Prameswari Rahadyan Ajeng Pramesthi, 

Putra Sri Amangkurat. 


Tjitrosomo Kanjeng Adipati, 

Pangarsane wewengkon Jepara, 

Misuwur ing pesisir ler, 

Nlesih para leluhur, 

Reksojiwo pangageng inggil, 

Karaton Kartasura, 

Mataram pinunjul, 

Sunan Amangkurat Emas, 

Wus amiji minangka dadya Bupati, 

Mengku nguntara praja. 


2.

Durma


Nlesih Tjitrasoma ing Jenggala Daha, 

Tedhaking Sekartaji, 

Wanita kusuma, 

Sekaring dhatulaya, 

Angrengga Karaton Kediri, 

Jaya Purusa, 

Narendra nyakrawati. 


Kacarita asal usul Tjitrasoma, 

Trah Kraton Majapahit, 

Kasultanan Demak, 

Nata Karaton Pajang, 

Hadiwijaya Jaka Tingkir, 

Darah Mataram, 

Pra pangarsa pesisir. 


Sendang Kalinyamatan tlatah Jepara, 

Pajimatan bupati, 

Trah Tjitrokusuma, 

Sikti tur mandraguna, 

Titis wasis ing samukawis, 

Dhasar sembada, 

Ngatasi barang kardi.


3.

Megatruh


Winursita Sang Panji Asmara Bangun, 

Pangeran Kraton Kediri, 

Wus winuwus bagus alus, 

Bener pinter milangeni, 

Unggah ungguh andhap asor. 


Subur makmur tambah ngrembaka sempulur, 

Para kadang juru ukir, 

Gawa gawe tukang kayu, 

Kinarya pikoleh bathi, 

Dol tinuku perabot. 


Pra Tumenggung nyata dadi payung agung, 

Tjitrosomo kaping siji, 

Ngantya Tjitrosomo wolu, 

Run tumurun merbawani, 

Kawula gya geleng golong. 


4.

Maskumambang


Prabu Jayabaya titis samukawis, 

Amaca jangkane jaman, 

Tjitrasoma wus mastuti, 

Labuh labet ing Jepara. 


Tjitrasoma mbudidaya minyak bumi, 

Bojonegoro Padhangan,

Tuban Rembang Blora Ngawi, 

Grobogan dugi Lamongan. 


Duking timur kawastanan Ki Wuragil, 

Labuh labet marang praja, 

Sunan Amangkurat ping Tri, 

Sampun kersa amisuda. 


5.

Pangkur


Penget saking Kraton Pajang, 

Dayaningrat Bupati tlatah Pengging, 

Kanjeng Ratu Sri Pembayun,

Atmaja Brawijaya, 

Bagus alus bleger kober katon besus, 

Terampil rikat trengginas, 

Tunggak jati tansah semi. 


Ngupakara pari gaga,

Sesarengan sedherek among tani, 

Tanah gersang pereng gunung, 

Rasane enak eca,

Bisa tuwuh tanpa  toya datan ewuh, 

Kecukupan kehing boga, 

Tjitrasoma pancen wasis. 


Sinuwun Praba Suyasa, 

Purna paring Tjitrosomo kaping dwi,

Nama Adipati Kombul, 

Trampil ukir ukiran, 

Anyengkuyung juru tukang angrembuyung, 

Dumugi manca negara, 

Bandha bandhu luwih sugih. 


6.

Asmarandana


Kocap Amangkurat katri, 

Baut ing boga mirasa, 

Masak jangan tahu tempe, 

Maneka olah olahan, 

Panggang goreng godhog adang, 

Rumpuk gathuk kukus mathuk, 

Sinau Sri Tjitrasoma. 


Wastra sanyata pinilih, 

Ngadi sarira busana, 

Wus ngejayeng moncer ngejreng, 

Nyamping samir blangkon beskap,

Selop busana sikepan,

Rinengga wangkingan sabuk, 

Tjitrasoma katon besus. 


Tjitrokusuma kaping tri,

Ngesuhi bandaran Tuban, 

Tanjung Mas layaran gedhe, 

Lamongan lan Tanjung Perak, 

Tegal Batang Pekalongan, 

Bupati wignya ing butuh, 

Jepara gemah raharja. 


7.

Sinom


Wedharan Kanjeng Sinuwun, 

Sunan Amangkurat katri, 

Leluhur Daha Jenggala, 

Wulangan saking Kediri, 

Lantip grahita batin, 

Agal alus gya dinulu,

Jangka jaman ramalan, 

Sinawang tembus wiyati,

Kang ngumandhang narabasing ngawang awang. 


Pasrawungan ing bebrayan, 

Sesamane pra bupati, 

Kadang kawula nguntara, 

Kumraket cerak gemati,

Tjitrasoma  mersudi, 

Linakonan sambang sambung, 

Saben dina asanja,

Warga barayat  pesisir, 

Gya kuncara kutha wilayah Jepara. 


Tjitrosomo kaping papat, 

Jalma limpat mitayani, 

Rumeksa sakehing wreksa, 

Gunung Kendheng Alas jati, 

Tjitrosomo lima yekti, 

Mbudidaya lenga cepu, 

Urut kali bengawan, 

Tjitrosomo nem amanggih, 

Pari gaga kuncara ing jagad raya. 


8.

Kinanthi


Ibarat emas tinemu, 

Garwa bupati Pramesthi, 

Adipati Tjitrasoma, 

Kakung putri mitayani, 

Kagem mulyaning negara, 

Solah bawa trus mranani. 


Misuwur wusnya tinandur, 

Kayu sana kayu jati,

Sami girang rega larang, 

Tharik  tharik larik larik, 

Ing madyaning wana wasa, 

Asri pindha taman sari. 


Tjitrosomo kaping pitu, 

Nggulawenthah semen gamping, 

Jepara murih tumata, 

Wewangunan edi peni, 

Bata watu wus tinata, 

Sarwa becik tinon asri. 


9.

Mijil


Nulat Pangeran Hadirin, 

Sodagar sabrang lor, 

Dagang layaran kota Tamasek, 

Johor Aceh Deli luwih sugih, 

Tjitrasoma eling, 

Picis bandha bandhu.


Kali Serang tempuk Kali Lusi, 

iline gumrojog, 

Salatiga lewat Karanggede, 

Kudus Demak saking Purwodadi, 

Nlesih Jaka Tingkir, 

Nugraha rahayu. 


Tjitrosomo wolu gya pinilih, 

Dutaning Karaton, 

Pahargyan Melayu ing Tamasek, 

Sungging ukir lancar laras laris, 

Tikel antuk bathi, 

Jepara rahayu. 


10.

Gambuh


Bandha bandhu lumaku, 

Dagang layar mas picis tinemu, 

Tjitrasoma adipati nemu bathi, 

Mbudidaya kehing prahu, 

Jepara katon mencorong. 


Tampa tampi katempuh,

Tjitrasoma mardi barang kawruh, 

Tata praja Kartasura ing Mentawis, 

Jaman Amangkurat telu, 

Jepara wangun katonton.


Jepara tambah maju, 

Kabeh warga manunggal bersatu, 

Ratu Sima Kalinyamat lan Kartini, 

Minangka pahlawan agung, 

Tepa palupi kesohor. 


11.

Pucung


Tanggap tangguh kasembadan kang ginayuh, 

Jepara ngrembaka, 

Panjang punjung pasir wukir, 

Gemah ripah loh jinawi tata harja. 


Sung sesuluh wejangan para sesepuh, 

Lampahan Jepara, 

Pra taruni gya memetri, 

Bagya mulya antuk wibawa widada. 


Bahu suku Tjitrasoma paring udhu, 

Sanggya pra kawula, 

Ketitik sinartan becik, 

Suka lila labuh labet marang praja. 



Disusun oleh tim PAKASA, Paguyuban Kawula Karaton Surakarta Cabang Jepara. 



Kemis Pon 10 Juli 2025,

Purwadi 

FBSB UNY

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri