Radio Pandawa Tulungagung

 Radio Pandawa Tulungagung




1.

Dhandhanggula


Wus kawentar siaran kang becik, 

Naminipun Radio Pandawa, 

Siyang ratri enjang sore, 

Papane  Tulungagung, 

Masyarakat terus ngangeni, 

Penyiare Mbak Vera, 

Nembe nampi tamu, 

Prof Tutik lan Prof Widayat, 

Doktor Avi sinartanan Nur Awalin, 

Angrembag basa Jawa. 


2.

Pangkur


Nyata Radio Pandawa, 

Pelestari bidang budaya seni, 

Pendidikan budi luhur, 

Kepribadian bangsa, 

Gya misuwur Mbak Vera tandang sempulur, 

Kanthi sarana siaran, 

Murih bisa rum kuncara. 


3.

Maskumambang


Radio Pandawa ngumandhang cumlering, 

Mbak Vera dados penyiar, 

Prof Afendi lan Prof Tutik, 

Doktor Avi Fatkurrahman. 



Purwadi

FBSB

Hp 087864404347

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Babad GKR WANDANSARI

Adipati Dayaningrat Pengging Sepuh

Kidung Idul Fitri