Babad GKR WANDANSARI Reriptan: Purwadi 1. Dhandhanggula Gusti Kanjeng Ratu Wandansari, Pangageng ing Sasana Wilapa, Wiyosan siji Nopember, Seket sanga kang tahun, Panjang yuswa ambaling warsi, Abdi dalem mahargya, Pamuji rahayu, Lenggah agung binathara, Wus lestari mbahu dhendha nyakrawati, Karaton Surakarta. Gusti Ratu Moertiyah marisi, Lekas luhur Kanjeng Sultan Pajang, Jaka Tingkir Mas Karebet, Sumare aneng Butuh, Nyata paring tepa palupi, Trah Prabu Brawijaya, Peputra Pembayun, Dipati Handayaningrat, Turun Pengging darah luhur tirta wening, Ngejayeng tanah Jawa. 2. Pangkur Ambeg adil paramarta, Myang ber budi bawa laksana yekti, Tangguh tanggon paring dhawuh, Amemayu bawana, Gusti Ratu Wandansari amituhu, Ing Lembaga Dewan Adat, Wadhah suwita angabdi. Pasrah Gusti Koes Moertiyah, Seba sowan mring Ki Ageng Penjawi, Juru Mart...
Komentar
Posting Komentar